Ngasa ya iku upacara adat kang dianakaké ing Kampung adat Jalawastu, Désa Ciseureuh, Kabupatèn Brebes, Jawa Tengah.[1] Upacara adat iki katindakaké setaun sepisan nalika dina Slasa utawa Jumuwah Kliwon manut pananggalan Jawa ing Gedhong Pasaréan.[2][3] Ancas dianakaké upacara iki ya iku kanggo wujud sukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa.[4][5] Kawit 2019, ngasa resmi kaakoni déning Pamaréntah Républik Indonésia minangka salah sawijining Warisan Budaya Dudu Barang sajeroning bab padatan, tata cara, lan pahargyan.[6]

Sajarah

besut

Bebrayan ing Jalawastu mitayani yèn ana siji utusan aran Guriang Panutus kang diutus déning Bathara Windhu Buwana–kang ripta jagad raya–peparing piwulang ngenani silih asah, silih asuh, lan silih asih marang bebrayan ing kukuban Gunung Kumbang. Kateluné ndarbèni surasa amrih bebrayan ing kana tansah maringi piwulang, maringi panuntun, lan maringi welas asih. Piwulang mangkono iku ing tembé diwastani Sundha Wiwitan.[7]

Nalika urip, Guriang Panutus ora tau mangan sega beras lan daging, nanging dhèwèké mung mangan sega jagung lan panganan kang asilé saka tetuwuhan, kaya ta woh-wohan, uwi, lan gegodhongan. Dhèwèké uga ndarbèni watek wicaksana, sekti, lan teges. Bebrayan saenggon padha ngajèni Guriang Panutus sabab kandhané iku dipitayani mesthi bener, ora tau ana sing salah utawa ing kana diarani "Saciduh metu saucap nyata". Bebrayan ing Jalawastu mitayani menawa dhèwèké padha katurunané Guriang Panutus nganti tekan sapréné. Sawisé Guriang Panutus tilar donya, bebrayan ngadani pisungsung kanggo mèngeti lelabuhané ing Kampung Jalawastu. Pisungsung iki katindakaké nalika dina Slasa Kliwon sasi kasanga manut pananggalan Jawa ing Gedhong Pasaréan mawa sajèn kang isiné dhedhaharané Guriang Panutus nalika urip.[7][8]

Prosèsi

besut

Upacara adat iki katindakaké setaun sepisan nalika dina Slasa utawa Jumuwah Kliwon sasi kasanga manut pananggalan Jawa.[9] Upacara iki ora mung dièloni déning bebrayan saka Jalawastu waé, nanging uga saka dhukuh saubengé. Panitya ing upacara ngasa kadhapuk saka sawenèh golongan kang dumadi saka déwan kokolot (tiyang sepuh cacah 15), pamangku adat, juru kunci, jagabaya, lan laskar wanoja.[10]

Déwan kokolot ana ing tataran kang paling dhuwur ing antarané panitya saperlu njupuk putusan bab padatan lan tata cara tradhisi ngasa. Sawetara tugasé ya iku milih pamangku adat lan awèh panemu marang juru kunci saha pamaréntah. Pamangku adat tugasé ya iku kang ngurusi kagiyatan ritual lan dadi juru wicara adat. Juru kunci tugasé ya iku kang njaga Gedhong Pasaréan saha kang mimpin donga ing upacara ngasa. Jagabaya tugasé ya iku kang njaga lumakuning upacara ngasa saha kaamanan Kampung Jalawastu. Wondéné laskar wanoja tugasé ya iku kang ngréwangi kagiyatan lan tata cara upacara ngasa.[10]

Sadurungé upacara ngasa katindakaké, nalika dina Senèn para warga padha reresik dalan, omah, lan gedhong. Kajaba iku, para warga masang kain putih ing Gedhong Pasaréan sarta nyepakaké sandhangan werna putih kanggo upacara ngasa. Sabanjuré, para warga nganakaké fèstival Cau kanthi ndèkèkaké gedhang sawité ing ngarep omah kanggo wong plesiran kang mara ndeleng utawa mèlu upacara ngasa. Nalika wayah wengi, bebrayan padha mriksani filem ngenani Kampung Jalawastu utawa filem-filem Indonésia kang abasa Sundha lan Jawa.[11]

Ngasa

besut

Nalika jam 6 isuk, bebrayan wis padha cepak-cepak mangkat menyang Gedhong Pasaréan. Pasaréan iki kapernah ing dhataran tinggi lan dalané munggah, lan kudu liwat undhak-undhakan. Nalika wis tekan pasaréan, bebrayan ing Jalawastu padha tulung-tinulung mbèbèr klasa, nyepakaké sajèn lan dhedhaharané Guriang Panutus, lan sapanunggalané.[9] Sawisé rampung anggoné cepak-cepak, bebrayan ing Jalawastu padha mlumpuk ing balé budaya saperlu nyambut Bupati Kabupatèn Brebes kanthi cara nyiprataké banyu suci déning pamangku adat kang isiné wejangan kanggo nglancaraké upacara ngasa iki. Bubar iku, diwetokaké pagelaran perang cénthong kanggo para warga lan Bupati.[12]

Para warga banjur mangkat menyang Gedhong Pasaréan kanthi ngarak gunungan gedhang kanggo pisungsung ing upacara ngasa. Ing gedhong, Bupati, Kepala Kundha Kabudayan, lan pamangku adat paring sambutan lan mratélakeké ancas dianakaké tradhisi ngasa.[12] Nuli juru kunci mimpin acara donga kang diwiwiti karo mbakar menyan, banjur dedonga nganggo basa Sundha kang isiné njaluk kawilujengan lan katentreman.[13] Dongané ya iku:[14]

Rek nyuhunkeun supaya dipasihan kasalamatan, kabagjan, kamuliyaan, kabarokahan kesatuan, jadi pikeun pikuat benteng negara damai, anu ngajalankeun roda goel supaya supaya slamet di pajalanan, anu roda opat supaya salamat di perjalanan anjog kanu di tuju masing-masing. Pun pang haturkeun aci kukus mayang putih, terus ka aci dewata, ka luhur ka manggung ka Sang Rumuhun, kahandap ka Sang Batara jaya ing kanugrahan, aci kukus mayang ka basukana ka basukina pangaturkeun aci kukus mayang putih ka Batara Windhu Buwana.

Sadupun cuang sadupun arek ngimankeun titi walari kanu baheula titi walari ti bahari, taratas ilas nu baheula cuwang mumunjang anak putu sakalih, ka indung, ka bapa, ka ini, ka aki, ka buyut, ka bao, ka bumi, ka laingit, kabeurang, ka peuting, ka basukana, ka basukina, kanu tek kaluhuran, kanu antek kararahaban, kanu suci pawista, kanu kadi srengenge katinggangeun, kanu kadi bentang kapurnaman, kanu kadi bulat kaopatwelasna, kanu kadi saloka jinimbar, kanu kadi emas winasukan, kanu kadi inten winantaya, kanu kadi hujaan mentrang kapoyanan, kanu kadi lintang juwar limpia ing sawargan, anu jadi tiang guru pamuhunan, nuhun aos papayun kawula sakabeh, sadupun coang pastikeun coang jadikeun, coang sempurnakeun, coang sadukeun, pun sadupun.[a]

Sawisé donga, para rawuh mangan segané bebarengan lan turahané digawa mulih minangka berkat kanggo kulawargané.[13] Sabubaré iku, ana sawenèh beksan-beksan Sundha kang diwetokaké ing balé pagelaran.[15]

Cathetan

besut
  1. Pertalan bébas: Ingsun badhé nyuwun pangajab supados pinaringan kawilujengan, kabegjan, kamulyan, kabarokahan, sarta nyawiji njaga kukuhing bèntèng nagari, ingkang mlampah utawi numpak rodha kalih mugi-mugi slamet ing dalan, ingkang numpak rodha sekawan mugi-mugi slamet ing dalan tur dugi ing papan ingkang tinuju. Ingsun kapéngin nyukani pisungsung sajèn saking kemenyan pethak, dhumateng pathining para déwa, ing nginggil dhumateng para leluhur, ing ngandhap dhumateng bathara ingkang sampun awèh kanugrahan, pathi sajèn kemenyan pethak, saking ratu kaliyan pramèswari sawer, aturna sajèn kemenyan punika dhumateng Bathara Windhu Buwana. Ingsun gadhah tékad kagem nindakaken, ingsun kapéngin nuruti tumindak-tumindakipun, piwulang-piwulangipun para leluhur, ingkang dipun tilaraken wiwit duk ing nguni ingkang sampun katetepaken déning para leluhur, laré putu, ayo sareng-sareng paring pakurmatan dhumateng bapa kaliyan ibu, simbah, buyut, dhumateng ibu sampéyan, dhumateng langit, dhumateng siyang ratri, dhumateng ratu kaliyan pramèswari sawer, dhumateng ingkang manggèn ing paling inggil, aturna, kanthi sampurna, dhumateng déwaning déwa, dhumateng ingkang dados srengéngé, lintang utami, rembulan purnama pérak ingkang gilap, jené ingkang gilap, inten ingkang sumunar, srengéngé langit, déwa ingkang mulya, sintena tiyang ingkang ngintun pisungsung donga punika, kita namung kapéngin ndudohaken papan pangayomanipun, ingkang mekaten cikbèn mekaten, kajengipun kasampurnanipun.

Rujukan

besut

Cathetan sikil

besut
  1. Khumaeroh 2022, kc. 1415.
  2. Khumaeroh 2022, kc. 1424.
  3. P.D, Mariyana Ricky (29 Maret 2022). "Tak Ada Semen di Jalawastu Brebes, Etnis Jawa yang Berbahasa Sunda". Solopos.com. Dibukak ing 22 Fèbruari 2023.
  4. Saputra, Imam Yuda (8 Maret 2022). "Ini Dia Kampung di Brebes yang Masih Pertahankan Tradisi Sunda". Solopos.com. Dibukak ing 22 Fèbruari 2023.
  5. Rasyid, Shani (12 Maret 2020). "Mengenal Upacara Ngasa, Tradisi Makan Jagung Bareng ala Masyarakat Brebes". Merdeka.com. Dibukak ing 22 Fèbruari 2023.
  6. "Ngasa Kabupaten Brebes". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 22 Fèbruari 2023.
  7. a b Khumaeroh 2022, kc. 1417.
  8. Suripto, Imam (4 April 2021). "Unik! Tak Ada Rumah di Kampung Jalawastu Brebes yang Berbahan Semen". detikNews. Dibukak ing 22 Fèbruari 2023.
  9. a b Khumaeroh 2022, kc. 1419.
  10. a b Khumaeroh 2022, kc. 1418–1419.
  11. Mubarok 2021, kc. 605.
  12. a b Mubarok 2021, kc. 606.
  13. a b Khumaeroh 2022, kc. 1420.
  14. Mubarok 2021, kc. 606–607.
  15. Mubarok 2021, kc. 607.

Kapustakan

besut