Nguras Encèh inggih punika upacara ngisèni tapayan wonten ing masarakat Imagiri. Upacara punika dipun laksanakaken saben sasi Sura[1] wonten ing dinten Jumuwah Kliwon utawi Selasa Kliwon[2][3][4] ing Astana Pajimatan Imagiri utawi Pasaréan Para Raja Imagiri. Objek ritualipun awujud encèh utawi tapayan ingkang dipun simpen ing caketipun makam Sultan Agung.[5]

Nguras Encèh ingkang dipunlaksanakaken kaliyan abdi dalem Pasaréan Imagiri.

Asal-usul besut

Upacara Nguras Encèh asalipun saking kamenangan Kasultanan Mataram ingkang perang sareng Kasultanan Acèh, Kasultanan Palembang, Kasultanan Utsmaniyah (Turki Utsmani), kaliyan Karajan Siam (Thai-Myanmar).[3] Sekawan karajan wau lajeng dados karajan ingkang kekancan kaliyan Kasultanan Mataram natkala jaman Sultan Agung. Minangka pratandha katentreman kaliyan pratandha kekancan, Sultan Agung nyuwun dhateng saben karajan supados maringi pusaka, inggih punika encéh. Babagan punika lajeng dados tradhisi masarakat ing Kapanéwon Imagiri ingkang dipun arani Nguras Encèh utawi Nguras Kong.[6] Ing mangsa salajengipun encéh utawi genthong punika dipun sukakaken ing caketipun pasaréan Sultan Agung.

Ing sisih kiwa (dipun tingali saking undhak-undhakan ngandhap) utawi ing sisih kilènipun pasaréan Imagiri wonten kalih encéh kagunganipun Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, inggih punika Nyai Danumurti kaliyan Kyai Danumaya. Panggènanipun kalih encéh punika langkung andhap tinimbang panggènanipun encéh-encéh Kraton Surakarta amargi midhèrèk silsilah, Kraton Ngayogyakarta langkung enem tinimbang Surakarta. Nanging kekalih encéh kagunganipun Kraton Ngayogyakarta punika manggen wonten ing komplek pasaréan para ratu Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

Déné ing sisih tengen (ketingal saking undhak-undhakan ngandhap) utawi wetanipun pasaréan Imagiri wonten kalih encéh kagunganipun Kraton Kasunanan Surakarta, inggih punika Nyai Siyem kaliyan Kyai Mendung. Panggènan kalih encéh punika langkung inggil tinimbang panggènanipun encéh Kraton Ngayogyakarta amargi midhèrèk silsilah, Kraton Surakarta langkung sepuh tinimbang Ngayogyakarta. Kekalih encéh kagunganipun Surakarta kasebat dipun panggenaken wonten ing komplek makam para ratu Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat.

Palaksanan besut

Setunggal dinten sadèrèngipun Nguras Encèh, dipun wontenaken "Kirab Siwur",[7] inggih punika kirab kanthi ngarak siwur utawi cidhuk ingkang badhe dipun ginakaken kanggé nguras encéh.[8][9] Kirab punika dipun wiwiti saking Kapanéwon Imagiri ngantos dumugi Pasaréan Para Raja Imagiri ing Pajimatan, Girireja, Imagiri, Bantul. Kirab punika dipun iringi kanthi kagunan Gunungan, Prajurit Lombok Abrit (utawi Prajurit Wirabraja), Jathilan, Gejog Lesung, kaliyan Selawatan.[6]

Prosesi punika dipun wontenaken ing salebeting komplek Raja Mataram Imagiri. Komplek Pasaréan Imagiri dipun urus sesarengan déning Kraton Ngayogyakarta kaliyan Kraton Surakarta. Saben kraton nggadhahi abdi dalem golongan inggil ingkang dados wakil kaliyan pananggel wangsul, alias juru kunci ing mriku ingkang dipun sebat “Bupati”. Bupati Kraton Surakarta kaliyan Bupati Kraton Ngayogyakarta nggadhahi sapérangan andhapan ingkang ugi dados abdi dalem saking golongan andhap. Minangka katrangan, cacahipun abdi dalem ing Komplek Imagiri (Pasaréan Para Raja Imagiri kaliyan Masjid Pajimatan Imagiri) wonten 103 tiyang kanthi rincian: 62 abdi dalem Kraton Ngayogyakarta kaliyan 41 abdi dalem Kraton Surakarta.

Ing gapura lebet kaping kalih saking pasaréan Sultan Agung, wonten sekawan encéh utawi tapayan ingkang dipun paringi saking sekawan karajan kancaning Kasultanan Mataram. Saben encéh dipun paringi nama, inggih punika Nyai Danumurti saking Kasultanan Palembang kaliyan Kyai Danumaya saking Kasultanan Aceh. Kekalihipun dados kagunganipun Kraton Ngayogyakarta. Déné kalih malih inggih punika Nyai Siyem saking Karajan Siam kaliyan Kyai Mendung saking Kasultanan Utsmaniyah.[5] Kekalihipun dados kagunganipun Kraton Surakarta.

Nguras Encèh dipun wiwiti kanthi acara tahlilan,[10] selawatan kaliyan ndedonga sesarengan. Abdi dalem saking saben kraton nindakaken ritual donga kaliyan tahlil ing caketipun encèh kraton piyambak-piyambak kaliyan dipun rawuhi para pengunjung kanthi khidmat. Abdi dalem kraton Surakarta (biasanipun ngagem jubah pethak krem) nindakaken ritual ing pendhapa kiwa (dipun tingali saking pasaréan Sultan Agung). Déné abdi dalem kraton Ngayogyakarta (biasanipun ngagem jubah biru saganten) nindakaken ritual ing pendhapa tengen (dipun tingali saking pasaréan Sultan Agung).

Sasampunipun donga kaliyan tahlilan, abdi dalem saking kraton kekalih nindakaken nguras encèh. Toya wonten encéh punika dipunkuras lajeng dipungatos toya ingkang enggal kanthi lubèr-lubèr.[3] Lubèran toya saking encèh punika ingkang dipunbagèkaken kaliyan para abdi dalem ugi kathah dipununjuk,[11] dipunanggé suryan, utawi dipunbekta kondur kaliyan para pengunjung.[12][13]

Makna besut

Ing wiwitanipun, Sultan Agung ngginakaken encéh minangka padasan utawi kanggé wudu.[4][11][14] Toya saking sekawan encèh punika lajeng dipun anggep toya suci ingkang nggadhahi kasiat[15] déning masarakat. Kejawi punika, toya ing encèh dipun pitados gadhah daya kanggé tolak balak,[1] nggadhahi berkah,[8][12][16] kaliyan saged nambani penyakit.[5] Tradhisi Nguras Encéh nggadhahi kathah filosofi, kadosta encéh dados pralambang sipatipun Sultan Agung ingkang prasaja kaliyan siwur minangka simbul supados manungsa ingkang gadhah kawruh boten pareng kuminter (siwur=nek isi ora ngawur).[17]

Rujukan besut

  1. a b "Tradisi Nguras Enceh Makam Raja-raja Mataram di Imogiri - Website Pemerintah Kabupaten Bantul". bantulkab.go.id. Dibukak ing 2023-02-08.
  2. Budaya Jawa, CoE (2016-10-24). "Upacara Nguras Enceh". BPAD DIY. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  3. a b c "Tradisi Nguras Enceh Makam Raja Imogiri, Gentong Kerajaan Thailand hingga Turki". merdeka.com (ing basa Indonesia). 2021-08-04. Dibukak ing 2023-02-08.
  4. a b "Tradisi 'Nguras Enceh' di Makam Raja Imogiri, Lestarikan Warisan Sultan Agung". krjogja.com (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  5. a b c Himaya, Nidyasti Dilla (2017). "Pengaruh Budaya Jawa-Hindu dalam Kompleks Makam Imogiri, Yogyakarta" (PDF). Prosiding Seminar Heritage IPLBI. 2017: 205–210. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-04-27. Dibukak ing 2023-02-08.
  6. a b Suharta, Rudy (2014). "Pengembangan Produk Andalan dengan Pendekatan One Village One Product (OVOP) Di Kecamatan Imogiri". Jurnal Riset Daerah. XIII (1): 1963–1974.
  7. Triwijatmiko, Ananda Mei (2018-03-01). Pelestarian Upacara Adat Nguras Enceh sebagai Tradisi Suranan di Makam Raja-Raja Imogiri Bantul Yogyakarta (bachelor thesis) (ing basa Indonesia). Sekolah Tinggi Pariwisata Ambarrukmo (STIPRAM) Yogyakarta.
  8. a b "Nguras Enceh, Lestari Budaya Kerajaan Mataram". SINDOnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  9. "Warisan Budaya Takbenda | Beranda". warisanbudaya.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2023-02-08.
  10. "Tradisi Ratusan Tahun Nguras Enceh di Makam Keramat Imogiri". Tribunjogja.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  11. a b Trijaya, Daru Waskita (2008-01-18). "Ratusan Warga Ikut Tradisi Nguras Enceh di Makam Raja-Raja Imogiri". Okezone.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  12. a b Pertana, Pradito Rida. "Melihat Tradisi Nguras Enceh di Pemakaman Raja-raja Imogiri". detiknews (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  13. Yogyakarta, BPNB D. I. (2018-03-07). "Nguras Enceh: Tradisi di Makam Raja-raja Imogiri". Balai Pelestarian Nilai Budaya D.I. Yogyakarta (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  14. "Apa Sih Nguras Enceh Itu? Ini Penjelasannya". Tribunjogja.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  15. "Menjaga Tradisi Masa Sultan Agung melalui Nguras Enceh". Tribunjogja.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  16. Liputan6.com (2012-12-09). "Ritual Nguras Gentong Air". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-08.
  17. Rizqiyah, Eva Laila (2017). Makna Simbolik dalam Upacara Nguras Enceh di Lingkungan Makam Raja Mataram Imogiri (Thesis). Universitas Gadjah Mada.