Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges rembulan. Nanging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kaanan kang mèmper karo kanyatan.

Tuladha:

  • Alisé nanggal sapisan: alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
  • Astané: nggandéwa gadhing
  • Athi-athiné: ngudhup turi
  • Awaké: ramping
  • Bangkèkané nawon kemit: bangkèkané kaya prajurit tawon.
  • Bathuké: nyela cendhané
  • Bokongé: manjang ngilang
  • Brengosé: nglaler menclok, nguler kèkèt
  • Cahyané: ngalentrih, sumunu, sumunar
  • Dedegé: ngringin sungsang
  • Drijiné mucuk eri: drijiné kaya eri sing lancip-lancip.
  • Esemé: pahit madu, kaya madu, pinastika
  • Godheké: simbar rumembun
  • Guluné: ngolan-olan, ngelung gadung
  • Idepé: tumenga ing tawang
  • Irungé: mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
  • Jangkahé: njalak njrinjing
  • Jempolané: ngendas ula
  • Kempolé: ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
  • Lakuné: mager timun, macan luwé
  • Lambehané: mblarak sempal (kaya blarak sing sempal kena angin), merak kasimpir, nyigar jambé
  • Lambené: nggula satemplik, manggis karengat
  • Lengene: nggandhewa pinentang
  • Matané / mripate: ndamar kanginan (kaya damar (diyan) sing kena angin, riyip-riyip.), blalak-blalak, bawang sabungkul
  • Netrané: liyep alindri
  • Pakulitané: ireng manis, ngulit langsep
  • Pamuluné: prada binabar, ambengle kiris
  • Pawakané: ramping, gagah pidegsa
  • Pipiné: duren sajuring
  • Polatané: ruruh jatmika
  • Praené: sumunar
  • Pundhaké: nraju emas
  • Pupuné: mukang gangsir
  • Rambuté: ngembang bakung, ngandan-andan
  • Sinomé: mbibis mabur, micis wuncar
  • Slirané: sedhet singset
  • Solahé: merak ati
  • Susuné: nyengkir gading
  • Swarané: ngombak banyu
  • Tangané: nggendewa pinentang
  • Tungkaké: bunder lir jinangka
  • Untuné: miji timun (tumata rata kaya wiji-wiji timun), ngelar kombang