Timun
Timun
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Cucurbitales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Cucumis
Spésies: C. sativus
Jeneng binomial
Cucumis sativus
L.
Acar saka timun

Timun (Cucumis sativus; suku labu-labunan utawa Cucurbitaceae) utawa bontèng yaiku tuwuhan kang ngrambat.[1] Timun lumrahé ditandur ana sawah lan tegalan.[1] Padatan, timun digawé rujak utawa jangan.[1] Ing Indonésia, timun lumrahé digawé acar supaya bisa ngundhakaké nepsu mangan.[2] Timun uga bisa minangka ngedunke tensi.

Dhèskripsi

besut

Godhong timun dawa-dawa.[1] Pangé ana wuluné lan kira-kira dawané ngancik 3 mèter.[1] Kembangé warna kuning. Wangun wohé bunder dawa.[1]

Timun kagolong pala kesimpar, wernané ijo rada putih.[1] Dawané tetuwuhan timun kira-kira 10 nganti 20 mèter.[1] Wijiné timun cacahé akèh.[1]

Jinis

besut

Manéka jinis timun yaiku timun watang, timun turus, timun suri, lan timun krai utawa biyasa diarani krai.[1]

Kandhutan

besut

Timun duwé pirang-pirang kandhungan antarané saponin, protéin, lemak, kalsium, fosfor, dat wesi, welirang, vitamin A, vitamin B1, lan vitamin C.[1] Wiji timun duwé kandhungan vitamin E akèh. Timun kang isih mentah bisa nambani sariawan lan ngundhakaké stamina.[1] Saliyané iku, timun uga duwé kandhungan flavonoida lan polivenol kang bisa nyegah lelara radhang, asem malonat uga ana ing timun.[1] Asam iki bisa ngurangi kadhar gula supaya ora malèh dadi lemak marga yèn dadi lemak bakal gawé lemu.[1] Kandhungan seraté kang dhuwur, bisa nglancaraké bebuwang, mudhunaké kolesterol lan netralaké racun.[1] Timun uga duwé kandhungan kukurbitasin C kang duwé kasiyat bisa ngundhakaké kebaling badan lan nyegah hépatitis.[1]

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p [1][pranala mati permanèn] (diaksès tanggal 16 Maret 2011)
  2. [2] Archived 2011-03-21 at the Wayback Machine. (diaksès tanggal 16 Maret 2011)

Pranala njaba

besut