Paré
Peria/Paré | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Violales |
Famili: | Cucurbitaceae |
Génus: | Momordica |
Spésies: | M. charantia |
Jeneng binomial | |
Momordica charantia Descourt. |
Paré ya iku jeneng tuwuhan mrambat kang uripé ana ing tlatah tropis kang asalé saka tlatah Asia Tropis kang paling utama saka tlatah India kulon, ya iku Asam lan Burma.[1] Tandhuran janganan iki ya iku salah sijiné kagolong ana ing tuwuhan labu-labuan utawa Cucurbitaceae. Kang mumpangaté bisa di gawé kanggo janganan lan tuwuhan obat.[2] Jeneng Momordica kang ana ing tuwuhan binomial basa latin artiné "cokotan" kang nunjukake ana ing godhong tuwuhan kang kagolong ing Momordical.[3]
Paré uga ana ing tlatah Jawa sok diarani paria, paré, paré pait, peparéh [4]. Ing Sumatera, paré sok diarani karan jeneng prieu, fori, pepare, kambeh, paria.[4] Wong Nusa Tenggara nyebutake paya, truwuk, paitap, paliak, pariak, pania, lan pepule, lan ing Sulawesi, karan poya, pudu, pentu, paria belenggede, sarta palia.[4]
Macem-macemé paré
besutParé gajih ya iku paré kang akèh ditandhur lan disenéngi. Paré iki kagolong paré pethak utawa paré mertéga kang asalé saka India lan Afrika kang wujudé woh kurang luwih dawané 30 – 50 cm, garis tengah (diameter) 3 – 7 cm, bobot antarané 200-500 gram/ woh.[1]
Paré ijo dhapuré lonjong, cilik lan warnanée ijo lan kulité woh kasar lan alus. Paré iki duwé dawa 15 – 20 cm, rasané pait lan dagingé kang ana ing woh tipis. Paré ijo iki gampang opènané lan tandhurané, bisa uga ora di lanjari nanging bisa mrambat.
Peria ula/sawer utawa paré welut bisa diketarani ana ing wujudé woh kang bunder dawa lan mlengkung kurang luwih 60 cm.[1] kulit kang ana ing wohé warnané belang-belang, ya iku ijo karo putih kaya kulit ula/sawer lan rasa dagingé ora pait.[1]
Gunané Paré
besutnglancaraké pencernaan, sembelit, nyegah kerutan ing kulit, zat kalium ing pare bisa nyegah hipertensi, zat karoten bisa kanggo nambani mata lara.
Rujukan
besut- ↑ a b c d Rospita (2002), Pare Kehidupan kagolong tetuwuhan Lobak(Rapharus sativus), Tasikmalaya: Program Studi Pendidikan Biologi Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan Universitas Siliwangi, kc. 1
- ↑ Sriutami, Sinta (2008), Efek Pemberian Tepung Buah Pare (Momordica charantia l.) Terhadap Profil Lemak Serum Darah Tikus (Rattus norvegicus), Bogor: Program Studi Ilmu Nutrisi Dan Makanan Ternak Fakultas Peternakan Institut Pertanian Bogor, kc. iii
- ↑ (en)Sathish Kumar, D.; Vamshi Shrathnath (Maret-April). "A Medicinal Potency ff Momordica Charantia" (PDF). International Journal of Pharmaceutical Sciences Review and Research. 1 (2): 95–100. ISSN 0976 – 044X. Dibukak ing 15 Juni 2010.
{{cite journal}}
: Check date values in:|date=
(pitulung) - ↑ a b c Situs Sentra Informasi Iptek: Pare Archived 2011-08-23 at the Wayback Machine. diakses 15 Juni 2010
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |