Pupuh (basa Sunda: Pepeuh) ya iku bentuk puisi tradhisional Jawa kang cacah wanda lan rimané tartamtu ing saben lariké. Ana 17 jinis pupuh, lan saben pupuhé duwèni sipat mirunggan lan kanggo tema carita kang béda-béda.

Jinising Pupuh

besut
  • Asmarandana, kanthi téma tresna asih pawongan marang sisihane, kanca, utawa kulawarga.
  • Balakbak, kanthi téma lawak, banyolan padinan.
  • Dhandhanggula, kanthi téma ketentreman.
  • Durma, kanthi téma muntab, anggak, greget.
  • Gambuh, kanthi téma sedhih, susah, kelaran.
  • Girisa, kanthi téma khayalan pawongan.
  • Jurudemung, kanthi téma bingung, masalah panguripan.
  • Kinanthi, kanthi téma ngentèniné pawongan.
  • Megatruh, kanthi téma gela.
  • Maskumambang, kanthi téma sedhih, prihatin.
  • Mijil, kanthi téma kasedhihan kang nuwuhaké pangarep-arep.
  • Pangkur, kanthi téma pangrasa sadurungé ngayahi jejibahan abot.
  • Pocung, kanthi téma muntab karo awake dhéwé.
  • Sinom, kanthi téma bungah.
  • Wirangrong, kanthi téma rasa wirang ngenani tumindake dhéwé.

Saliyané iku, ana uga pupuh sing ana ing budhaya liya, kaya ta pupuh-pupuh Sundha iki:

  • Lambang, kanthi téma banyolan kanthi aspèk renungan.
  • Ladrang, kanthi téma pasemon.

Lumrahé pupuh ditembangaké lan diiringi Kecapi lan Suling sarta piranti musik liyané.

Pranala njaba

besut