Merbah utawa karan uga cucak-cucakan (familia Pycnonotidae) iku suku manuk manggung saka Afrika lan Asia tropis. Manuk-manuk iki akèh-akèhé duwé suwara sing merdu lan nyanyian sing manéka warna, kerep alas dadi ribut déning suwarané mligi nalika ésuk lan soré. Sajeroning basa Inggris, manuk=manuk iki ditepungi minangka Bulbuls.

Merbah asliné sajeroning basa Melayu ngrujuk marang sapérangan jinis manuk manggung sing wuluné surem ing semak belukar, kalebu uga jinis-jinis manuk pelanduk, tepus, bentet lan liya-liyané. Ing kéné, kanggo kapentingan standharisasi pamènèhan jeneng kaya déné sing dipigunakaké LIPI, merbah dipigunakaké winates kanggo nyebut manuk-manuk saka kulawarga Pycnonotidae. Saliyané karan merbah, manuk-manuk saka suku iki duwé sapérangan sebutan umum sing liya kaya déné cucak (Jawa); tempuruk, empuruk; tempulu’, empulu’, pampulu, empuloh (anéka basa Melayu ing Sumatra lan Kalimantan); lan liya-liyané.

Ukurané sedheng, manuk-manuk iki racaké awaké sedheng rada ramping, gulu cendhak, lan buntut rada dawa. Kerep uga mawa misai alus.

Sapérangan spesiesé duwé warna-warna sing cerah: kuning, jingga, abang, ing dhadha, weteng utawa saawak. Nanging akèh-akèhé wernané surem coklat zaitun, semu klawu utawa semu kuning, mawa warna kuning, jingga utawa abang ing bokongé. Jantan lan wadon wernané padha.

Sapérangan mawa warna ireng ing endhas, jambul sing bisa diobah-obahaké, utawa janggut putih.

Kabiasaan

besut

Merbah mligi iku manuk pamangan woh-wohan lan gegremet. Ing alas, akèh-akèhé manuk iki seneng njlajah semak belukar lan alas sing setengah kabuka, methik anéka woh cilik-cilik lan mburu gegremet. Sanajan sapérangan manèh luwih seneng ana ing dhuwur wit-witan.

Asring ditemoni pasangan-pasangan utawa nglompok, manuk-manuk iki sok nyampur karo jinis sing liya. Ramé swarané sero silih ngundang.

Merbah gawé susuh ing dhuwur wit utawa perdu, wangun cawan saka suket, tangkai godhong, utawa serpihan godhong, campur karo serat-serat sing liyané. Endhogé 2-3 butir.

Rupa jinis

besut

Ing Indonésia ana watara 27 jinis, mligi kakonsentrasi panyebarané ing Indonésia pérangan kulon. Mung rong spésies sing nyebar adoh tekan Sulawesi Kidul, salah sijiné uga ditemoni ing Lombok. Nanging kaloroné dikira nyebar amarga digawa manungsa (feral, manuk uculan sing banjur tangkar-tumangkar).

Nanging anèhé ana sajinis anggota suku iki sing nyebar winates (endemik) ing pulo-pulo sakiwa-tengené Sulawesi lan Maluku, ya iku Brinji emas (Alophoixus (Hypsipetes) affinis). Malah amarga urip ing tlatah kapuloan sing kaisolir siji lan sijiné suwéné mayuta-yuta taun, spésies iki wis ngrembaka dadi sanga subspesies sing béda.

Sapérangan conto anggota suku merbah iki ya iku:

Bahan Wacan

besut
  • Coates, B.J. and K.D. Bishop. 2000. Panduan lapangan Burung-burung di Kawasan Wallacea. BirdLife IP & Dove Publication. Bogor. ISBN 979-95794-2-2
  • King, B., M. Woodcock, and E.C. Dickinson. 1975. A Field Guide to The Birds of South-East Asia. Collins. London. ISBN 0-00-219206-3
  • MacKinnon, J. 1993. Panduan lapangan pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada University Press. Jogyakarta. ISBN 979-420-150-2
  • MacKinnon, J., K. Phillipps, and B. van Balen. 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. LIPI dan BirdLife IP. Bogor. ISBN 979-579-013-7

Pranala njaba

besut
Suku Pycnonotidae ing ITIS Database Archived 2006-03-07 at the Wayback Machine., diaksès tanggal 02/8/2006