Sigegan aksara b lan p

Sigegan aksara b Ian p kang tumrap ing pungkasaning wanda (wanda sapisan, pungkasan, utawa wanda tengah) pakecapané sok-sok keprungu padha utawa mèh padha, ya iku dadi /p/. Tembung sabtu, bab, sabab, kitab, upamané asring kaprungu /saptu/, /bap/, /sabap/, /kitap/. Pakecapané sigegan p ing tembung, kaya ta sapta/sapto/, /kécap/kecap/, /dhadhap/dadap/, /cap/cap/. Bab iki Iuwih cetha manèh yèn sigegan b mau dumunung ing pungkasaning tembung Ian banjur olèh panambang, kaya ta sababé, sababipun, kitabé, kitabipun, Ian sapituruté. Tembung-tembung iki asring diucapaké /sabapé/, /sabapipun/, /kitapé/, /kitapipun/. Jalaran kadayan saka pakecapan, mula banjur ana wong (bocah-bocah) kang kèwuhan anggone mbédakaé endi tembung kang ditulis nganggo sigegan aksara b Ian endi tembung kang mesthiné ditulis nganggo sigegan aksara p. Ora mokal yèn ing jaman saiki sok tinemu tulisan, upamané ateb, klilib, manteb (nganggo sigegan aksara b) Ian bab, kitab, lepda (nganggo sigegan aksara p) tulisan-tulisan kaya mangkéné ora bener.

Pakecapané sigegan p ing tembung, kaya ta sapta/sapto/, /kécap/kecap/, /dhadhap/dadap/, /cap/cap/.

PanuliséBesut

Panulisé tembung iku ora mung adhedhasar pakecapan thok. Yèn panulisé tembung iku mung adhedhasar pakecapan, mesthi ana pakèwuhé. Jalaran, pakecapané tembung ing papan siji Ian sijiné iku sok ora padha. Ing wilayah Tegal, Banyumas, Kebumen, Ian sakiwatengené, upamané pakecapané tembung-tembung kang mawa sigegan b bèda karo tembung kang mawa sigegan p (pakecapané sigegan b luwih mantep Ian cetha). Ananging ing wilayah Yogyakarta, Surakarta, Ian sakiwatengené, pakecapané sigegan b Ian p kang tumrap ing pungkasaning wanda iku mèh padha, ya iku dadi /p/ kaya kang wis dibèbèraké ing dhuwur mau. Éwa samono, anasir pakecapan uga perlu digatékaké ing babagan panulisé tembung. Upamané, yèn kang dikarepaké ing pakecapan kuwi /punik/, tembung iki ya ditulis punika. Ananging yèn dikarepaké ing pakecapan iku /m nik/, tembung mau ya ditulis menika.

Panulisé tembung nganggo sigegan b utawa nganggo sigegan p iku perlu ngèlingi teges utawa maknané. Jalaran, ana sawenèhing tembung Jawa manawa ditulis nganggo sigegan aksara b beda tegesé karo yèn ditulis nganggo sigegan aksara p. Tembung anteb, upamané tegesé beda karo antep. Tembung anteb tegesé “abot banget”, antep tegesé “setya tuhu”, “tetep nggegegi panemuné”.

Kajaba bab kang dibèbèraké mau, panulisé tembung uga perlu ngèlingi asale tembung. Yèn tembung mau asaié saka basa manca Ian asliné ditulis nganggo sigegan aksara b, tembung mau ya kudu ditulis nganggo sigegan aksara b semono uga yèn ternbung mau ditulis nganggo sigegan aksara p panulisé tembung kaya mangkènè iki murih wujudé tembung Jawa mau isih bisa ditandhing-tandhing karo wujudé tembung kang asli. Kagem Ielimbangan, ing ngisor iki conto sawatara tembung kang kudu ditulis nganggo sigegan aksara b Ian p.[1]

abab

abdi

abjad

absah

anteb "abot banget"

bab

kitab


sebab

teteb, ketatab

apsari 'widadari'

aplala" linuwih"

ajap

alap-alap

antep "setya tuhu"

baptis

klilip

surup

sap "lapisan"

tutup

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 24–26. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut