Sistem televisi berjaringan ing Indonesia
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Sistem televisi berjejaringan ing Indonesia inggih punika minangka sistem televisi berjejaringan ingkang ngedahaken televisi - televisi ingkang gadhah daya frekuensi siarana nasional kados ta RCTI, MNCTV, Indosiar, antv, Metro TV, Trans TV, tvOne, Trans7, lan Global TV, supados neculaken frekuensi dhateng laladan - laladan siaranipun lan nyerahaken dhateng tiyang/ lembaga/ organisasi dherah ingkang péngin ngginakaken saluran frekuensi punika kanggé dipunngrembakakaken. Manawi televisi - televisi ingkang papanipun ing Jakarta péngin supados siaranipun sged dipuntampi ing satunggaling laladan taramtu, pramila stasiun tivi punika kedah ngawontenaken kerja sama kaliyan stasiun televisi ingkang wonten ing laladan mau. Sistem punika dipunadani ing Indonésia wiwit tanggal 28 Dhésèmber 2009. TV Nasional saged tumindak minangka induk stasiun jaringan lan TV loakl tumindak dados anggota stasiun jaringan. Stasiun induk inggih tumindak dados koordinator ingkang siaranipun saged dipunrelai déning anggotanipun (wonten ing pasal 34 ayat 1 lan 2, PP Penyelenggaraan Lembaga Penyiaran Swasta). Wonten ing TV berjaringan spirit dhasar saking giyaran berjaringan inggih punika saged nggayuh aspek diversity of ownership, diversity of content, lan kearifan lokal.[1]
Dhasar Kukum
besutUU 32/2002 Pasal 60 ayat (2)[2], ngandharaken bilih:
- Lembaga penyiaran radio ingkang péngin gadhah jaringan kedah gadhah mitra kaliyan lembaga penyiaran radio sanèsipun; watesaning wekdal inggih ngantos pungkasaning taun 2004
- Ingkang sampun gadhah relai ing satunggaling laladan, lembaga penyiran radio saged ngginakaken stasiun relainipun ngantos taun 2006, ngantos madegipun stasiun lokal berjaringan ing laladan mau.
- Lembaga penyiaran televisi ingkang péngin gadhah jaringan kedah gadhah mitra kaliyan lembaga penyiaran televisi sanèsipun, déné watesaning wekdal kanggé nyesuekaken dhiri ngantos pungkasaning taun 2005 UU Penyiaran no. 32 2002, pasal 6
- Penyiaran dipunadani wonten ing satunggal sistem penyiaran nasional
- Wonten ing penyiaran nasional, kados déné ingkang kapacak wonten ing ayat (1), bilh nagara ingkang nguaosi spektrum frekuensi radio ingkang dipun-ginakaken kanggé ngawontenaken penyiaran supados saged tuwuh kasil ingkang saé kanggé masarakat.
- Wonten ing sistem penyiaran nasional ugi wonten lembaga penyiaran lan pola jaringan ingkang adil lanpadhu ingkang dipunrembakakaken kanthi damel stasiun jaringan lan stasiun lokal.
- Kangge ngawontenaken penyiaran, lajeng dipunbentuk satunggaling komisi penyiaran inggih punika Komisi Penyiaran Indonesia.
Sistem wosipun giyaran
besutAdhedhasar PP No. 50 Tahun 2005 Pasal 17 ayat 2[3]: durasi Relai giyaran kanggé adicara ingkang tetep ingkang asalipun saking lembaga penyiaran lebet nagari kanggé lembaga penyiaran medal sistem stasiun jaringan dipunwatesi ingkang kathah piyambak 40% kanggé jasa penyiaran radio lan ingkang kathah piyambak 90% kanggé jasa penyiaran tivi saking sedaya wekdal siaranipun saben dinten. Pasal 17 ayat 1: bilih durasi wekdal relai giyaran kanggé adicara ingkang tetep ingkang asalipun saking lembaga penyiaran ing lebet nagari kanggé lembaga penyiaran tivi ingkng boten gadhah jaringan inggih dipunwatesi ingkang kathah piyambak 20% saking sedaya wekdal giyaran saben dintenipun. Ing pasal 36 ugi kaserat bilih peraturan punika gadhah pengecualian dhateng katentuan kados déné ingkang kaserat wonten ing huruf e bilih saged mungkin mratah wewengkon siran ingkang kathah piyambak 90% saking cacahipun provinsi ing Indonésia, namung kanggé sistem stasiun jaringan ingakang ngoperasikaken sapérangan cacahipun stasiun relai ingkang dipungadhahi langkung saking 75% saking cacahipun provinsi saderengipun dipuntemtokaken kaliyan wontenipun PP punika.[4]
Cathetan suku
besut- ↑ http://uin-suka.info/humas/index.php?option=com_content&task=view&id=36&Itemid=26[pranala mati permanèn]
- ↑ "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-08-13. Dibukak ing 2013-03-19.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ http://www.presidenri.go.id/DokumenUU.php/130.pdf
- ↑ "Menyoal TV Berjaringan di newspaper.pikiran-rakyat.com oleh M. Z. Al-Faqih". Diarsip saka sing asli ing 2016-05-07. Dibukak ing 2013-03-19.
- Pamaréntah Didésak Implementasikan TV Berjaringan di antara.co.id
- Menkominfo Ingatkan Pengelola TV Soal TV Berjaringan di waspada.co.id
- Simpang Siur Pemahaman Televisi Berjaringan di televisiana.net Archived 2008-12-21 at the Wayback Machine.
- [1] Archived 2011-08-13 at the Wayback Machine.
- [2]
- [3] Archived 2016-04-27 at the Wayback Machine.
- [4][pranala mati permanèn]
- q=peraturan+KPI+%2CSISTEM+STASIUN+BERJARINGAN&btnG=Telusuri&meta=&cts=1255756462355