Sumawana

Sumawana iku tembung panggandhèng Jawa racikan anyar kang mratélakaké wuwuhan. Tembung iki kadhapuk saka lingga sawana kang olèh seselan -um. Lingga sawana minangka ingsedaning tembung swana iku tembung Kawi kang asalé saka basa Sangsekerta. Amarga saka owah gingsiring pakecapan, kajaba bisa mulur dadi sawana, tembung swana bisa owah wujudé dadi sona. Déné tembung sona, swana, utawa sawana iku dasanamané tembung asu.[1] Ing jarwa dhosok, tembung asu dumadi saka anasir a- kang tegesé "ora" lan wod su (suk) kang tegesé "mlebu". Kapirid saka jarwa dhosoking tembung mau, asu iku "kéwan kang ora olèh mlebu omah". Jalaran tembung sawana iku tegesé padha karo tembung asu, mula tembung sumawana banjur ditegesi "kalebu".[2]

Miturut jarwa dhosok, tembung asu dumadi saka anasir a- "ora" lan wod su (suk) "mlebu". Kapirid saka jarwa dhosoking tembung, asu iku kéwan kang ora olèh mlebu omah.

PanganggoBesut

 
Miturut sajarah padhalangan, Panakawan iku biyèn-biyèné mung telu, yaiku Semar, Garèng, lan Pétruk.
 
Bagong minangka Panakawan rékan utawa gawéan anyar.

Tembung sumawana iku minangka tembung panggandhèng kang mratélakaké wuwuhan. Tembung iki lumrahé dianggo ing basa susastra, basa pacakan, utawa basa rinengga. Ing basa padinan, tembung mau mèh ora tau kanggo. Panganggoné tembung sumawana iku umpamané mangkéné:[2]

Tindakira Radén Dananjaya angayam-ayam wana, tumurun jurang, minggah arga, kadhèrèkaken punakawanira Semar, Garèng, Pétruk, sumawana Bagong.[2]

Miturut sajarah padhalangan, Panakawan iku biyèn-biyèné mung telu, ya iku Semar, Garèng, lan Pétruk.[3] Bagong iku Panakawan[4][5] rékan utawa gawéan anyar (jaman dhalang Nyi Pajang Mas). Supaya cetha yèn Panakawan kang kaarepaké iku cacahé papat, ora mung telu kaya biyèn, Bagong banjur diarani kanthi tembung panggandhèng sumawana kang tegesé "kalebu" (mratélakaké yèn Bagong iku Panakawan wuwuhan).[2]

Kanthi mangkono, panganggoné tembung sumawana ing ukara iku trep utawa laras karo maknané.[2] Ana manèh panganggoné tembung panggandhèng sumawana, upamané mangkéné:[6]

Para tamu kakung sumawana putri, ...[6]

Kapirid saka maknané, panganggoné tembung sumawana ing ukara iki ora trep utawa ora laras. Jalaran jèjèr kalenggahané tamu kakung Ian putri iku padha utawa sejajar. Yèn panyebuté nganggo tembung sumawana "kalebu", bisa dianggep yèn kang pokok iku tamu kakung lan tamu putri kaya-kaya mung wuwuhan. Supaya laras, ukara mau bisa didandani, upamane mangkene:[6]

Para tamu kakung putri, .....
Para tamu kakung saha (lan, tuwin, miwah) putri, ....[6]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé (PDF). Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 13–14. ISBN 978-979-1854-05-4.
  2. a b c d e Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé (PDF). Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. p. 14. ISBN 978-979-1854-05-4.
  3. Junaidi; Sukistono, Dewanto (2018). Anatomi Wayang Kulit Purwa. Yogyakarta: BP ISI Yogyakarta Bekerjasama dengan PT. Jaya Sakti Indonesia (JSI). p. 37. ISBN 978-602-6509-27-7.
  4. Ayuna, Dimas (2017-04-17). "Menyelami Makna Filosofis Tokoh Pewayangan Jawa, Punakawan". Good News from Indonesia. Dibukak ing 2020-05-22.
  5. Histori (2016-01-01). "Sejarah Tokoh Punakawan dan Transformasinya dari Masa ke Masa". Histori.id. Dibukak ing 2020-05-22.
  6. a b c d Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé (PDF). Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. p. 15. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut