Suran Tutup Ngisor

Suran Tutup Ngisor inggih punika upacara adat ingkang asalipun saking Dhusun Tutup Ngisor, Désa Sumber, Kacamatan Dhukun, Kabupatèn Magelang. Upacara punika katindakaken nalika malem kaping 13–15 wulan Sura, manut pananggalan Jawi. Ing tigang malem Suran Tutup Ngisor dipun wontenaken pagelaran kagunan minangka laku donganipun.[1] Ancasipun dipun wontenaken upacara Suran Tutup Ngisor inggih punika kanggé mèngeti ambal warsa padhépokan Tjipta Boedaja ingkang dipun pandhégani déning Rama Yoso Soedarmo saha kanggé acara donga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.[2][3]

Sajarah

besut

Suran Tutup Ngisor dipun wiwiti déning Rama Yoso Soedarmo nalika warsa 1937. Yoso Soedarmo naté dados abdi dalem kaliyan nyinaoni beksan ing Pura Mangkunagaran saha saking Ndara Panji Tukiman ing Gamping, Ngayogyakarta. Sasampunipun kagungan kawruh babagan beksan, piyambakipun ngadegaken padhépokan Tjipta Boedaja ingkang kagiyatanipun arupi pagelaran ringgit tiyang, macapatan, kaliyan pencak silat. Kathah tiyang-tiyang saking saubenging Dhusun Tutup Ngisor kaliyan njawi kitha ingkang mara péngin sinau ing padhépokan punika nalika upacara Suranan. Dumugi sapunika, ingkang ngurusi, mbeksa, kaliyan pangrawit Suran Tutup Ngisor inggih punika kulawarganipun Yoso Soedarmo. Sasanèsipun wulan Sura, pagelaran gamelan kaliyan ringgit saking Tjipta Boedaja kagelar nalika dinten kamardikan Républik Indonésia, wulan Mulud, riyaya Idul Fitri, kaliyan saben malem Jumuwah.[4][5]

Reroncèning upacara

besut

Upacara adat Suran Tutup Ngisor dipun leksanakaken dangunipun tigang dinten tigang wengi ing surya kaping 13–15 wulan Sura.[2]

Tanggal 13 Sura

besut

Nalika jam 19.00, kulawarga Yoso Soedarmo miwiti acaranipun kanthi uyon-uyon ing plataran candhi utawi makam Yoso Soedarmo. Uyon-uyon punika dipun tindakaken kanggé sarana laku donga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados kasalahaning swargi Yoso Soedarmo dipun apunteni saha nyuwun tulung dipun lancaraken upacara Suranipun.[2][6]

Tanggal 14 Sura

besut

Nalika jam 13.00–14.00, bebrayan ing Dhusun Tutup Ngisor, mliginipun tiyang jaler ngawontenaken Yasinan ing salah satunggal griyanipun warga. Nuli jam 14.00–15.00, dipun wontenaken kendurèn kanthi sajèn ingkang dumados saking ingkung, tumpeng rasul, tumpeng golong, tumpeng uruping damar, tumpeng robyong, tumpeng wenang, tumpeng punar, sekul liwet slamet, sekul takiran, jenang abrit, jenang pethak, jajan peken, kaliyan woh-wohan. Ingkang kendurèn sanès bebrayan saking Dhusun Tutup Ngisor, nanging tiyang-tiyang plesiran saking Indonésia punapa déné manca kaliyan para wartawan. Bab punika amergi sekul kendurènipun pancèn dipun suguhaken dhumateng para rawuh saking njawi dhusun ingkang numuti upacara Suran punika, satemah para warga namung ngawontenaken Yasinan kémawon.[2]

Tanggal 15 Sura

besut

Nalika jam 21.00,[6] kawedalaken beksan Kembar Mayang kaliyan pagelaran ringgit tiyang mawi lakon Lumbung Tugu Emas. Beksan Kembar Mayang inggih punika beksan sakral ingkang bineksa déning putri-putri kulawarga Yoso Soedarmo ingkang ngewrat cariyos widadari saking kahyangan ingkang nglipur kadang tani amrih langkung kiyat pagesanganipun ing celak Redi Merapi. Pasaratan kanggé mbeksa Kembar Mayang inggih punika badanipun kedah suci utawi boten pas. Pagelaran ringgit tiyang mawi lakon Lumbung Tugu Emas dipun wedalaken kanggé wujud sukur dhumateng Dèwi Sri ingkang sampun njagi kasuburan tanah-tanah celak Redi Merapi. Isi ringgit tiyang punika ugi wonten wejangan ingkang mligi kanggé katurunanipun Yoso Soedarmo kémawon, ingkang speaker-ipun bakal dipun patèni nalika ngandharaken wejanganipun.[2][7]

Rujukan

besut

Cathetan suku

besut
  1. Aswoyo 2014, kc. 44.
  2. a b c d e "Suran Tutup Ngisor Kabupaten Magelang". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-28. Dibukak ing 28 Fèbruari 2023.
  3. Aswoyo 2014, kc. 51.
  4. Aswoyo 2014, kc. 48 lan 51.
  5. "Padepokan Seni Tjipta Boedaja Gelar Ritual Suran Umuruning Wahyu Kasuburan". Pemerintah Kabupaten Magelang. Dibukak ing 28 Fèbruari 2023.
  6. a b Aswoyo 2014, kc. 50.
  7. Aswoyo 2014, kc. 53.

Kapustakan

besut