Tancang
ya iku sawijining jinis tuwuhan kang urip ing alas bakau
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Tancang utawa Tanjang, kondhang kanthi jeneng "Bakau" (Basa Indonesia) utawa "Mangrove" (Basa Inggris) ya iku sawijining jinis tuwuhan kang urip ing alas bakau. Tuwuhan tancang duwé sipat kang mbedani amarga minangka gathukan saka titikan tuwuhan kang urip ing dharat lan ing sagara. Lumrahé tancang duwé sistem oyot kang nonjol (oyot napas/pneumatofor), sawijining cara adhaptasi marang kahanan lemah kang ora akèh oksigèn utawa anaerob.[1]
Titikan
besutTitikan utawa ciri tancang ya iku:
- Tancang urip ing pinggiran pasisir
- Tancang duwé oyot tunjang kang nyolok lan akèh cawangé.
- Oyot tunjang minangka wujud adhaptasi tancang marang lingkungan pasisir
- Godhong tunggal, dumunung adhep-adhepan, nglompok ing pucuk pang, kanthi kuncup katutup lan nggulung lancip.
- Godhongé eliptis, kandel lunyu wujud kulit, wernané ijo utawa ijo semu kuning, pucuka lancip.
- Kembangé ngrrombol sajeroning payung tambahan.
- Makutha putih ana rambuté utawa gundhul wernané semu kuning, miturut jinisé.
- Wujud wohé wujud endhog kang dawa pada karo woh pir kang cilik, wernané ijo semu soklat.[2]
Mupangat
besutManfaat saka tandurann tancang ing antarané:
- kanggo mecah ombak sing gedhé kang mara ing pasisir
- woh tancang bisa diolah dadi sirup, woh tancang kang bisa diolah kang asalé saka jinis Sonneratia.[3]
Jinis-jinis spésiès tancang
besutIng ngisor iki jinis-jinis spésiès tuwuhan tancang/bakau[1]:
- Acanthus ebracteatus
- Acanthus ilicifolius
- Acrostichum aureum
- Acrosticum speciosum
- Aegialitis annulata
- Aegiceras corniculatum
- Aegiceras floridum
- Amyema anisomeres
- Amyema gravis
- Amyema mackayense
- Avicennia alba
- Avicennia eucalyptifolia
- Avicennia lanata
- Avicennia marina
- Avicennia officinalis
- Barringtonia asiatica
- Bruguiera cylindrica
- Bruguiera exaristata
- Bruguiera gymnorrhiza
- Bruguiera hainessii
- Bruguiera parviflora
- Bruguiera sexangula
- Calophyllum inophyllum
- Calotropis gigantea
- Camptostemon schultzii
- Cerbera manghas
- Ceriops decandra
- Ceriops tagal
- Clerodendrum inerme
- Derris trifoliata
- Excoecaria agallocha L.
- Finlaysonia maritima
- Gymnanthera paludosa
- Heritiera globasa
- Heritiera littoralis
- Hibiscus tiliaceus
- Ipomoea pes-caprae
- Kandelia candel
- Lumnitzera littorea
- Melastoma candidum
- Morinda citrifolia
- Nypa fruticans
- Osbornia octodonta
- Pandanus odoratissima
- Pandanus tectorius
- Passiflora foetida
- Phemphis acidula
- Pogamia pinnata
- Rhizophora apiculata
- Rhizophora mucronata
- Rhizophora stylosa
- Ricinus communis
- Sarcolobus globosa
- Scaevola taccada
- Scyphiphora hydrophyllacea
- Sesuvium portulacastrum
- Sonneratia alba
- Sonneratia caseolaris
- Sonneratia ovata
- Stachytarpheta jamaicensis
- Terminalia catappa
- Thespesia populnea
- Wedelia biflora
- Xylocarpus granatum
- Xylocarpus mekongensis
- Xylocarpus moluccensis
- Xylocarpus rumphii[1]
Pranala njaba
besutCathetan sikil
besut- ↑ a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-29. Dibukak ing 2012-11-14.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-03. Dibukak ing 2012-11-17.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-11. Dibukak ing 2012-11-23.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)