Tuduhaké menu pokok

Pondhok pesantrèn Tebu Ireng

(Kaelih saka Tebu Ireng)

Pesantren Tebu Ireng ya iku salah siji pondok pesantrèn kang gedhé ing Jombang, Jawa Wétan.[1] Pesantrèn iki diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika taun 1899.[1] Kejaba wulangan bab agama Islam, ngèlmu saréngat, lan basa Arab, wulangan umum uga kalebu ing struktur kurikulum pengajarané.[1] Pesantrèn Tebu Ireng wis akèh mènèhi konstribusi dan sumbangan karo masarakat, kang mligi ing bab pendidikan Islam ing Indonésia.[1]

Pondok Pesantren Tebuireng
Gambar:Tebuireng.jpg
Diadegaké1899
JenisPesantren
AfiliasiIslam
PengasuhIr. KH. Solahuddin Wahid
(Gus Solah)
LokasiIndonésia Jombang, Jawa Wétan
Situs webpesantren.tebuireng.net

SajarahBesut

Miturut carita para warga, jeneng Tebu Ireng saka kebo ireng.[2] Miturut cariyosipun, nalika iku ana warga kang duwèni kebo kang duwèni kulit warna kuning (bulé atau albino).[2] ing siji dina, kebo kala wau ilang.[2] Sawisé digoleki sadina muput, banjur soréné nembé ketemu wis arep mati amarga kecebur rawa kang akèh lintahé.[2] Sekujur awaké kebak lintah, mula kang asalé kulité kuning dadi ireng.[2] Kedadèan iku gawé gègèr kang duwé kebo saha para warga ing kana banjur nggembor "kebo ireng...! kebo ireng...!".[2] Wiwit iku, dukuh panggon ilangé kebo mau dikenal kanti jeneng dukuh kebo ireng.[2] Nanging amarga ilaté wong jawa dukuh punika jenengé dados dukuh tebu ireng.[2]

Pesantren Tebu Ireng diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika taun 1899 M.[2] Nalika iku ing taun 1899 Kyai Hasyim nembé kundur saking ngibadah haji ning Makkah, Kyai Hasyim mundhut tanahé dhalang ing dukuh Tebu Ireng kang dohé kira-kira 200mèter saka pabrik gula cukir.[2] Ing dukuh iku Kyai Hasyim Asy'ari gawé omah saha gawé pondok kanggo para santriné.[2] Pérangan ngarep digawé saka gedhèg, ruwang iku digawé kanggo panggon mulang para santri saha salat jama'ah.[2] Banjur ingkang pérangan mburi digawé omah.[2] Nalika pisanan, jumlah santriné mung wolu, saha telung sasi mengarep santriné tambah dadi wolulikur.[2]

Wektu iki, Pesantrèn Tebu Ireng wus gedhé lan wus dadi pilihan para warga NU kanggo nyekolahaké anak-anaké.[2]

Sistem PandhidhikanBesut

Lumantar lakuné wektu, santri ing Pesantrèn Tebu Ireng sangsaya akèh lan sangsaya manéka warna rupa budayanè.[3] Kepara nyata pesantrèn Tebu Ireng wus akèh ngrubah sistem pandhidhikané.[3] Kayata contoné biyèn kang ana mung Pandhidhikan bab Agama Islam lan Basa Arab, saiki wis ana pandhidhikan umum utawa pandhidhikan formal.[3] Nanging sanajan wis akèh nrubah sistem pandhidhikané, Pesantrèn Tebu Ireng isih tetep nerapaké sistem kang lawas.[3] Dadi santri lulusan Pesantrén Tebu Ireng ora mung bisa lan paham babagan agama nanging uga paham babagan ngèlmu umum kang modhèren.[3]

Unit PandhidhikanBesut

Tebu Ireng pancèn pesantrèn tradisonal, nanging kaya déné pesantrèn-pesantrèn modhèren kang ana Indonésia, Tebu ireng uga duwé unit pandhidhikan umum.[4] Ing Pesantrèn Tebu Ireng duwèni unit pandhidhikan cacahé lima ya iku:

  1. Ma'had Aly,
  2. MTs. Salafiyah Safi'iyah,
  3. SMP A.Wahid Hasyim,
  4. MA. Salafiyah Safi'iyah,
  5. SMA A.Wahid Hasyim.[4]

Pratélan PengasuhBesut

Ing lakuné sajarah, nganti saiki Pesantrèn Tebuireng wis ganti pengasuh nganti kaping 7 periode.[5] Periodisasi pengasuh pesantrèn Tebuireng:

  1. KH. Muhammad Hasyim Asy’ari: 1899 – 1947,
  2. KH. Abdul Wahid Hasyim: 1947 – 1950,
  3. KH. Abdul Karim Hasyim: 1950 – 1951,
  4. KH. Achmad Baidhawi: 1951 – 1952,
  5. KH. Abdul Kholik Hasyim: 1953 – 1965,
  6. KH. Muhammad Yusuf Hasyim: 1965 – 2006,
  7. KH. Solahuddin Wahid: 2006-nganti saiki.[5]

Cathetan sukuBesut

  1. a b c d Tebu Ireng (15 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Gus Dur(15 Mèi 2011)
  3. a b c d e Kultur Pesantren (15 Mèi 2011)
  4. a b Tebu Ireng(17 Mèi 2011)
  5. a b Pesantren(15 Mèi 2011)