Islam

agama monoteisme
(Kaelih saka Agama Islam)

Islam (Arab: الإسلام, Carakan: ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀) iku agama kang paling akèh kang ngugemi ing Tanah Jawa. Olèhé Islam sumebar kondhang nalika ing mangsa Walisanga, yaiku wali agama kang cacahé sanga. Tembung "wali" tegesé 'wakil'. Ing bab iki, tegesé wakilé Allah. Undhaké Islam laras karo sudané Indhu ing Jawa. Mangkonoa, agama Indhu isih akèh kang ngugemi ing Pulo Bali.

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Salah siji karaton Islam ing Tanah Jawa kang kasil ngetrapke ajaran-ajaran Islam yaiku kraton Demak Bintara.

Tembung Islam

besut

Ing basa Arab, Islam duwé arti pasrah awak lan uga sawijining Din (agama) kang tegesé pranatan utawa sistem (QS 3:83). Yèn dirunut asal-usule, tembung iki katedhak saka tembung kang padha karo salãm kang tegesé santosa (damai) lan asring dienggo ing panyapan bebrayan.

Kapercayan

besut

Wong kang sinebut muslim (wong kang ngenut agama Islam) iku wiwitane kudu percaya marang rong prakara, yaiku: nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan percaya yèn Muhammad dadi caraka (utusan) Allah ing bumi kang pungkasan. Pranyatan iki kanthi nyebut kalimat sahadat yaiku asyhadu an laa ilaha illa-llahu wa asyhadu anna muhammada-r-rasulu-llahi (أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ) kang tegesé aku nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan Nabi Muhammmad iku utusane Allah. Kabèh wong Islam kudu mangerteni lan netepi apa kang dikandut ana ing kalimat sahadat kang wis di ucapake mau.

5 Rukun Islam

besut

Para ulama ngukuhaké yèn saben muslim kudu ngugemi 5 azas kang sinebut rukun Islam:

  1. Ngucap kalimah sahadat lan ngugemi apa kang mau ing jeroné ukara iki.
  2. Nglakoni sholat limang wektu sadina sewengi.
  3. Pasa ing wulan Ramelan.
  4. Ngetoake jakat.
  5. Lunga kaji kanggo kang mampu(Tegesé mampu ing sekabehane).

6 Rukun Iman

besut

Muslim uga kudu percaya marang 6 prakara kang sinebut 6 Rukun Iman

  1. Iman marang Allah.
  2. Iman marang malaékat.
  3. Iman marang kitab suci kang wis di turunake Allah marang nabine.
  4. Iman marang nabi lan rasul Allah.
  5. Iman marang dina pungkasan.
  6. Iman marang qadha lan qadar.

Doktrin

besut

Tembung tauhid iku asalé saka basa arab توحيد ateges nyawijèkaké. Ana ing bab aqidah Islam tauhid duwé teges nyawijèkaké Allah ana ing sak kabehe lelaku ngibadah. Para Ulama mbagi tauhid dadi telung warna yaiku: tauhid rububiyah, tauhid uluhiyah, lan tauhid asma wa sipat.

Kuran

besut

Muslim kudu percaya yèn Kuran iku pucuk lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki didunake marang Muhammad kanthi caraka Malaékat Jibril. Yèn dirunut saka ngèlmu basa, Kuran iku tegesé "wewacan" utawa "kang diwaca bola-bali." Ukara iki saka qara'a kang tegesé "maca". Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.

Dhémografi

besut

Wektu iki dikira-kira ana watara 1.250 yuta nganti 1,4 milyar umat Muslim kang kasebar ing saindhenging donya. Saka gunggung iku watara 18% urip ing nagara-nagara Arab, 20% ing Afrika, 20% ing Asia Kidul-Wétan, 30% ing Asia Kidul yaiku Pakistan, India lan Bangladesh. Populasi Muslim gedhé dhéwé ing sawijing nagara antarané ing Indonésia. Populasi Muslim uga bisa tinemu kanthi gunggung kang signifikan yaiku ing Tiongkok, Amérika Sarékat, Éropa, Asia Tengah, lan Ruslan.

Tuwuhing wong Muslim diprecaya nganti 2,9% per taun, déné tuwuhing kang ndunungi donya mung ngancik 2,3%. Angka iki ndadèkaké Islam minangka agama kanthi patuwuhan panganut kang kagolong rikat ing donya.[1]. Sawetara panemu ngubungaké tuwuhing Islam iki karo dhuwuring angka klairan ing racaké nagara Islam (enem saka sepuluh nagara ing donya kanhi angka klairan paling dhuwur ing donya yaiku nagara kanthi mayoritas kang ndunungi Muslim [2]. Nanging durung suwé iki, sawijining studi demografi wis nyatakaké yèn angka klairan nagara Muslim mudhun nganti tingkat padha karo nagara Kulon.[3]

Réferènsi

besut
  1. Situs Toléran₪₪si agama
  2. Situs Nationmaster[pranala mati permanèn]
  3. "Situs Atime". Diarsip saka sing asli ing 2008-12-16. Dibukak ing 2008-06-08.

Deleng uga

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Pranala njaba

besut