Ka'bah

yasan awangun kubus kang dudi enering sembahyang wong Islam

Kakbah iku sawijining yasan awangun kubus kang dumunung ing satengahing Masjidil Haram ing Kutha Mekah. Yasan iki minangka papan suci kanggo umat muslim (umat Islam). Minangka yasan kang didadèkaké pathokan arah kéblat utawa arah pathokan kanggo ngibadah umat Islam ing saindhenging donya kayata salat. Kajaba iku, minangka yasan kang wajib ditekani utawa diziyarahi nalika mangsa haji lan umrah.

Kakbah
الْكَعْبَة
ꦏꦏ꧀ꦧꦃ
Baitullah (Griya Dalem Gusti Allah Swt)
Kakbah (foto ing sasi Desember 2020)
Tetélan pokok
StatusPunjering kiblat salat umat Islam ing saindhenging donya, papan kanggo tawaf lan nglakoni ibadah haji
PernahMasjidil Haram
KuthaMekah
NagaraArab SaudiArab Saudi
AffiliationIslam

Dhimènsi struktur yasan kakbah kurang luwih ukuran 13,10 m dhuwure kanthi sisih 11,03 m lan 12,62 m. Uga ingaran kanthi jeneng Baitullah.

Katrangan gambar: 1. Kajar Aswad 2. Lawang kakbah 3. Talang pancuran mas 4. Syadzarwan 5. Kijir Ismail 6. Multazam 7. Makam Ibrahim 8. Rukun Kajar Aswad 9. Rukun Yamani 10. Rukun Syami 11. Rukun Iraqi 12. Kiswah (kain panutup kakbah) 13. Garis soklat kanggo miwiti tawap, saiki wis ora ana manèh.

Sajarah prakembangan

besut

Kakbah kang uga diarani Baitul Atiq (tegese omah tuwa) iku yasan kang dipugar nalika jaman Kanjeng Nabi Ibrahim as lan Kanjeng Nabi Ismail as sawisé Nabi Ismail manggon ing Mekah amarga dhawuhing Allah. Sajeroning al-Quran, surat kaping 14 ayat 37 mau sinebut yèn papan suci Kakbah wis ana nalika Nabi Ibrahim mapanaké Siti Hajar lan Nabi Ismail kang isih bayi ing papan kono.

Ing mangsa Kanjeng Nabi Muhammad Saw yuswa 30 taun (Kira kira taun 600 M lan durung diangkat dadi rasul jaman samana), yasan iki dirénovasi manèh awit anané banjir bandhang ing kutha Mekah. Nganti ana pasulayan antarane para pimpinan suku utawa kabilah nalika bakal masang manèh watu Hajar Aswad nanging saka cara kang diajokaké déning Kanjeng Nabi pasulayan mau bisa dicegah tanpa wutahing ludira lan ora ana pihak kang dirugèkaké.

Nalika Nabi Muhammad diangkat dadi nabi nganti hijrah menyang Madinah, papan sakiwatengene Kakbah kebak reca kanggo sesembahan bangsa Arab nalika jaman pepeteng (jahilliyah) kamangka miturut ajaran Nabi Ibrahim kang dadi cikal bakalé bangsa Arab lan bangsa Yahudi sarta ajaran Kanjeng Nabi Musa marang kaum Yahudi, Gusti Allah ora kena disembah kanthi dipadhakaké karo barang utawa titah apa waé sarta tunggal ora ana kang madhani lan ora peputra lan ora dilairaké (Surat Al Ikhlash sajeroning al-Quran). Kakbah pungkasané diresiki saka reca-reca mau nalika Kanjeng Nabi Muhammad mbébasaké kutha Mekah tanpa wutahing ludira.

Sabanjuré wangunan Kakbah diurus lan diopèni sarta dirumat déning Bani Sya'ibah minangka juru kunci Kakbah lan administrasi sarta pelayanan haji diatur déning papréntahan khalifah Abu Bakar, Umar bin Khattab, Utsman bin Affan, Ali bin Abi Thalib, Muawwiyah bin Abu Sufyan, Wangsa Ummayyah, Wangsa Abbasiyyah, Wangsa Usmaniyah Turki, nganti wektu iki yakuwi pamaréntah Arab Saudi kang tumindak minangka pangabdi loro kutha kang suci, yaiku Kutha Mekah lan Madinah.

Pranala njaba

besut