Bani Abbasiyah

Bani Abbasiyah utawa Kakhalifahan Abbasiyah (Arab: العبّاسدين, al-Abbāsidīn) minangka sambungan saka papréntahan sadurunge saka Bani Umayah. Pangadek saka Daulah Abbasiyah iki ya iku Abdullah al-Saffah ibn Muhammad ibn Ali ibn Abdullah ibn al-Abbas. Wujud papréntahan kang dienggo dening Bani Abbasiyah beda-beda manut marang robahe politik, sosial, lan budaya. Kakuwasane cukup dawa, wiwit 132 H/750 M nganti 656 H/1258 M.

Kekhalifahan Abbasiyah
العبّاسدين
750–1258
Flag
Flag
Wewengkon kakuwasn paling jembar Bani Abbasiyah
Kutha krajan Bagdad, Kairo
Basa Arab(resmi), Aram, Armenia, Berber, Georgia, Yunani, Basa Ibrani, Pèrsi Tengah, Turkik
Agama Islam
Pamaréntahan Monarki
Sajarah
 •  Established 750
 •  Disestablished 1258
Sadurungé
Sawisé
Bani Umayah
Kakalifahan Fatimiyah
Kakaisaran Mongol

Bani Abbas wis wiwit ngrebut laladan-laladan wiwit jaman khalifah Umar bin Abdul Aziz (717-720 M). Khalifah iki dikenal anggoné apikan marang Singah. Keturunan Bani Hasyim lan Bani Abbas kang disiya-siya déning Daulah Umayah ngadegaké grombolan kanggo mungsuhi Daulah Umayah lan ngadegaké Daulah Abbasiyah.[1]

Nalika dibawahi Muhammad bin Ali Al-Abbasy, nglakoni perang kanthi rong cara, siji kanthi sesidheman, kang kapindho kanthi cara langsung. Nalika kabawah Muhammad, Bani Abbas olèh pendhukung akèh, ana uga kang biyèn njurung Bani Umayah mèlu lumebu ing Bani Abbasiyah.

Daulah Abbasiyah tekan pucuking kamulyan nalika dibawahi Harun Ar-Rasyid. Dhèwèké iku wong kang solèh, agamané apik, seneng wèwèh, lan asring dipadhakaké karo Khalifah Umar bin Abdul Azis saka Bani Umayyah. Nalika dadi pemimpin dhèwèké asring metu bengi kanggo mriksa, lan jaga wargané.[2]

Cathetan sikilBesut