Daulah Bani Umayyah (basa Arab: بنو أمية, Banu Umayyah) utawa Kekhalifahan Umayyah, iku kakhalifahan Islam kang pisanan sawisé Khulafaur Rasyidin madeg 90 tahun, wiwit 661 M nganti 750 M ing Jazirah Arab lan sakiwa tengené; lan wiwit 756 nganti 1031 ing Andalusia, Spanyol. Pangadege jenenge Muawiyah bin Abi Sufyan bin Harb bin Umayyah

Kakhalifahan Umayyah
بَنُو أُمَيَّة
ꦏꦏ꦳ꦭꦶꦥ꦳ꦲꦤ꧀ꦨꦤꦶꦲꦸꦩꦪ꧀ꦪꦃ
Kekhalifahan
650-750 M
Flag
Flag
Pernahé Umayyad
Wilayah kekuasan terluas Bani Umayyah
Kutha krajan Damaskus
Capital-in-exile Kordoba
Basa Arab
Agama Islam
Pamaréntahan Monarki
Khalifah
 •  661-680 M Muawiyah bin Abu Sufyan
 •  745-750 M Marwan bin Muhammad (Marwan II al-Himar)
Sajarah
 •  Dumadi 661 M 650
 •  Rubuh 750 M 750
Sadurungé
Sawisé
Khulafaur Rasyidin
Bani Abbasiyah
Kaamiran Kordoba

Daulah Umayyah ndadekake Damaskus dadi pusat papréntahane. Sampeyan mesthi mangerteni yen saiki Damaskus minangka ibukutha negara Suriah. Minangka pangadeg Bani Umayyah, Muawiyah bin Abi Sufyan uga dadi khalifah pisanan. Para Khalifah Umayyah jangkep kaya ing ngisor iki:

  1. Muawiyah ibn Abi Sufyan(Muawiyah I)(661-680 M)
  2. Yazid bin Muawiyah(Yazid I)(680 M-683 M).
  3. Muawiyah bin Yazid(Muawiyah II)(683 M-684 M).
  4. Marwan bin Hakam(Marwan I)(684 M-685 M).
  5. Abd al-Malik ibn Marwan (685-705 M).
  6. al-Walid bin Abdul Malik (705-715 M).
  7. Sulaiman bin Abdul Malik(715 M-717 M)
  8. Umar ibn Abd al-Aziz(Umar II) (717-720 M).
  9. Yazid bin Abdul Malik(Yazid II)(720 M-724 M).
  10. Hisyam ibn Abd al-Malik (724-743 M).
  11. Walid bin Yazid(al-Walid III)(743 M- 744 M).
  12. Yazid bin Walid(Yazid III)(744 M).
  13. Ibrahim bin al-Walid (744 M).
  14. Marwan bin Muhammad (Marwan II al-Himar) (745 M-750 M).

Nalika Daulah Umayyah dipimpin dening al-Walid bin Abdul Malik, kahanan negara tentrem banget, makmur, lan tertib. Umat Islam rumangsa kepenak lan urip mulya. Ing jaman papréntahane sing lumaku kurang luwih 10 tahun iku kecatet panelukan wewengkon saka Afrika lor tumuju wewengkon kidul-kulon Bawana Éropa, yaiku ing tahun 711 M. Wadyabala Spanyol bisa ditelukake. Kanthi mangkono, Spanyol dadi wewengkon telukan sabanjure. Ibukutha Spanyol, Cordoba, bisa direbut kanthi cepet. Sawise iku, kutha-kutha liyane kayata Seville,Elvira, lan Toledo nyusul.

Ing jaman Khalifah Umar bin Abdul Aziz, panelukan diterusake menyang Prancis liwat Pegunungan Pirenia. Misi iki dipandhegani dening Abdurrahman bin Abdullah al-Ghafiqi. Kanthi kajayan njembarake wewengkon ing sawetara dhaerah, ya ing wetan utawa kulon, wewengkon panguasane Islam ing jaman Bani Umayyah iki pancen jembar banget. Wewengkon/dhaerah iku ana Spanyol, Afrika lor, Suriah, Palestina, Jazirah Arab, Irak, sawetara Asia cilik, Persia, Afghanistan, wewengkon/dhaerah kang saiki sinebut Pakistan, Turkmenistan, Uzbekistan, lan Kirgistan ing Asia tengah.

Saliyane njembarake wewengkon Islam, Bani Umayyah uga akeh jasane ing wewangunan babagan kang akeh. Muawiyah bin Abu Sufyan ngedegake dinas pos lan papan-papan tartemtu kanthi nyedhiyakake jaran kang pepak samubarange ing sadawaning dalan. Dhèwèké uga ngupaya nertibake para prajurit (angkatan bersenjata) lan nggawe duwit.

Ing jamane, pakaryan khusus hakim (qadi) wiwit ngrembaka dadi pakaryan dewe. Qadi iku wong kang ngurus babagan kehakiman. Abdul Malik bin Marwan wis ngrobah duwit Bizantium lan Persia kang dienggo ing wewengkon Islam. Kanggo iku, dhèwèké nggawe duwit dewe ing tahun 659 M kanthi nggunakake tembung lan Tulisan Arab. Khalifah Abdul Malik bin Marwan uga wis bisa mbenahi urusan papréntahan lan ndadekake basa Arab minangka basa resmi urusan papréntahan Islam.

Saliyane maju ing babagan papréntahan, babagan ngelmu uga ngrembaka ing jaman semana. Pangembangan ngelmu iku ana:

  1. Ngelmu agama, kayata: Kuran, Kadis, Fiqih. Hadis dadekake buku ing jaman Khalifah Umar bin Abdul Aziz wiwit iku hadis ngrembaka tekan ngendi wae.
  2. Ngelmu sejarah lan geografi, yaiku kabeh ngelmu kang nerangake babagan urip, crita, lan riwayat. Ubaid ibn Syariyah al-Jurhumi kasil nulis maneka warna kedadeyan sejarah.
  3. Ngelmu babagan basa, yaiku kabeh ngelmu kang sinau babagan basa, nahwu, saraf, lan sakpanunggale.
  4. Ngelmu falsafah, yaiku kabeh ngelmu kang umume asale saka bangsa manca, kayata ngelmu mantik, kimia, astronomi, ngelmu ngetung, lan ngelmu kang gegayutan karo iku, lan ngelmu kedokteran.

Ngrembakane Ngelmu ing Jaman Bani Umayyah

besut

Ngrembakane ngelmu ing jaman iki kaperang dadi.

1. Ngelmu Kimia

Ing antawisipun ahli kimia nalika punika Abu al-Qasim Abbas ibn Farnas ingkang ngembangaken ngelmu kimia murni lan terapan. Ngelmu kimia murni lan terapan iku basis kanggo farmasi kang ana gegayutane karo ngelmu medis/kedokteran.

2. Kedokteran

Ing kalangan ahli kedokteran nalika iku yaiku Abu al-Qasim al-Zahrawi. Dhèwèké dikenal minangka dokter bedah, pelopor ngelmu lelara kuping, lan pelopor ngelmu lelara kulit. Ing Donya Kulon dikenal kanthi jeneng Abulcasis. Karyane kanthi irah-irahan al-Tarif li man 'Ajaza 'an al-Ta'lif, kang ing abad kaping 12 M diterjemahake dening Gerard saka Cremona lan dicithak maneh ing Genoa (1.497 M), Basle (1.541 M), lan ing Oxford (1.778 M). Buku kasebut dadi referensi ing universitas-universitas Eropa.

3. Sejarah

a. Abu Marwan Abdul Malik bin Habib, salah siji bukune kanthi irah-irahan al-Tarikh. Panjenengane seda ing taun 852 M.

b. Abu Bakar Muhammad bin Umar, misuwur kanthi asma Ibnu Quthiyah. Buku anggitane kanthi irah-irahan Tarikh Iftitah al-Andalus.

c. Hayyan bin Khallaf bin Hayyan, anggitane yaiku al-Muqtabis fi Tarikh Rija al-Andalus lan al-Matin.

4. Basa lan Kausastran

Ing antarane tokoh misuwur ing babagan kausastran nalika semana yaiku:

a. Ali al-Qali, anggitan gaweyane yaiku al-Amali lan al-Nawadir, seda ing taun 696 M.

b. Abu Bakar Muhammad bin Umar. Saliyane misuwur minangka ahli sejarah, dhèwèké uga ahli basa Arab, nahwu, syair, lan sastrawan. Dhèwèké nulis buku kanthi irah-irahan al-Af'al lan Fa'alta wa Af'alat. Seda ing taun 977 M.

c.Abu Amr Ahmad bin Muhammad bin Abd Rabbih, anggitane wujud prosa dijenengi al-'Aqd al-Farid. Dhèwèké seda taun 940 M.

d. Abu Amir Abdullah bin Syuhaid. Lahir ing Cordova ing taun 382 H/992 M lan seda ing taun 1.035 M. Anggitane kang awujud prosa (karangan) yaiku Risalah al-awabi' wa al-Zawabig, Kasyf al-Dakk wa Aar al-Syakk lan Hanut 'Athar.

D. Ngrembakane Kabudayan nalika Jaman Bani Umayyah

Saliyane ngelmu kawruh ing jaman Bani Umayyah uga kasil ngrembakakake babagan liya-liyane, yaiku:

1. Arsitektur

Nalika jaman papréntahan Walid, kawangun mesjid agung kang misuwur kanthi sesebutan Mesjid Damaskus kang diarsiteki dening Abu Ubaidah bin Jarrah sarta kawangun kutha anyar yaiku kutha Kairawan dening Uqbah bin Nafi.

2. Organisasi Militer

Ing jaman Bani Umayyah iki militer kaperang dadi 3 angkatan, yaiku angkatan darat (al-jund), angkatan laut (albahiriyah), lan angkatan kepolisian.

3. Dedagangan

Sawise Bani Umayyah kasil nelukake akeh wilayah, dalaning dedagangan saya lancar. Ibukutha Basrah ing Lempongan Persi dadi pelabuhan dedagangan sing rame lan makmur, semono uga Kutha Aden.

4. Kerajinan

Nalika Khalifah Abdul Malik mrentah, diwiwiti gawe tiras (kaya bordiran), yaiku cap resmi kang kacithak ing sandangan khalifah lan para panggeden papréntahan.

Cathetan sikil

besut