Mihrab (Basa Arab: ألمحراب pl. محاريب) ya iku ceruk, utawa cekungan ing témbok (masjid) kang nuduhaké arahé kéblat, ya iku arah dumunungé Ka'bah minangka arah madhep kanggoné umat Islam kang lagi salat. Témbok kang ana mihrabé diarani témbok kéblat.

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Mihrab, aja diklérokaké karo mimbar, ya iku papan kangoné imam mènèhi kutbah.

Sajarah

besut
 
Mihrab/imaman ing sawijining masjid ing Kairo

Tembung mihrab asliné saka tembung kang ora ana gayutané karo agama, lan tegesé kamar kusus, kaya déné ruwang kanggo ndèlèh singgasana ing sawijining pura. Fath al-Bari (k. 458), mrayogakaké makana mihrab iku "panggonan kang paling kinurmatan kanggo para ratu" lan "panggonan kang utama, ing ngarep lan paling kinurmatan." Buku The Mosques in Islam (k. 213), minangka tambahan tumrap sumber-sumber ing basa Arab, nyuplik Theodor Nöldeke lan liyané mrayogakaké yèn mihrab iku asliné minangka ruwang singgasana.

Istilah mihrab diagem déning Muhammad kanggo njenengaké kamar pribadi panjenengané kanggo ngayahi ibadat. Kamar mau diparingi aksès menyang masjid kang dunungé ana ing sisihé kamar, lan Nabi lumebu masjid liwat kamar mau. Makna asli mihrab minangka kamar/ruwang kusus ing ngomah - tetep digunakaké ing kalangan kapitayan Yahudi, kang migunakaké mihrab kanggo ruwang ibadat pribadi.

Sajeroning amngsa kakuwasan kalifah Usman Ibn Affan (r. 644-656), mréntahaké masang tulisan ing témbok masjid ing Madinah supaya para jamaah gampang nengeri arahé kéblat. Nanging tandha tulisan mau mung wujud tandha lan témboké tetep rata. Sajeroning mangsa Al-Walid ibn Abd al-Malik (Al-Walid I, r. 705-715), masjid Nabawi di rénovasi lan (wāli) Madinah, Umar Ibn Abdul Aziz, mréntahaké nggawé ceruk kanggo nengeri témbok kéblat (kang nengeri arah kéblat), lan ing panggonan iki tulisan Usman dipasang.

Suwé-suwé, ceruk ing masjid mau dadi dingertèni déning umum minangka arah kéblat lan dadi salah sawijining kalengkapan ing masjid.

Ing mangsa saiki

besut
 
Mihrab in Hagia Sophia, Istanbul.

Saiki, ukuran Mihrab warna-warna, lumrahé dipaèsi nganggo ornamèn uparengga lan asring diripta kanggo mènèhi imprèsi minangka dalan ka Mekah.


Réferènsi

besut

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut