Uluhiyah utawi Tauhid Uluhiyah yaiku nyawijekake Allah ing babagan ngibadah, ateges sawernaning ngibadah mung pareng katujokaké marang Allah, ora olèh marang saliyané sanajan sejumput. Laku ngibadah bisa awujud salat, sedekah, pasa, donga utawa panuwun, srah-srahan lan mragad kéwan (belèhan), lan liya liyané.
Tauhid uluhiyah minangka konsekuensi wong Islam ngakoni manawa amung Allah kang nyipta, nguwasani lan ngreksa alam donya saisiné 9tauhid rububiyah)sahéngga ora ana kang perlu ditrésnani (hubb), diwédèni (khasyyah), diajap peparingé, ditaati parentahé lan disengkeri wewaleré kajaba namung Allah sawiji.
Tumindak nujokaké pangibadahan marang Allah lan uga dibarengaké saliyan karan syirik, sagedhé-gedhéné tumindak dosa.
Mula, lelaku budaya awujud sesajèn, labuhan ing kawah gununng, larungan ing sagara, merti désa kanggo pinuwunan supaya murah rejeki, nulak bala lan rubeda, nyengkeri memala kalebu prakara-prakara kang ora selaras karo tauhid uluhiyah.