Tembung inggih lan injih

Tembung inggih iku asalé saka tembung Kawi utawa tembung Jawa Kuna inggi kang tegesé "ya" utawa "iya". Tembung Jawa Kuna inggi (tanpa pungkasan h (/h/))) kang banjur dadi inggih (mawa pungkasan h (/h/) ing basa Jawa saiki mangkono kuwi ora jeneng aèng jalaran ana tunggalé, kaya ta gaja dadi gajah "gajah", dasi dadi dasih "batur wadon", lan wari dadi warih "banyu".

Tembung inggih ing basa Jawa saiki kalebu éwoning tembung krama, ya iku kanggo ngramakaké tembung iya (ngoko). Ing basa padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah ing papan tartamtu, upamané ing wilayah Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta, tembung inggih sok diucapaké injih/injih/ utawa asring dicekak dadi njih/njih/ déning masarakat kono.

PakecapanBesut

 
Tanpa mangan.

Basa Jawa iku darbèké masarakat Jawa. Mesthi waé kang nemtokaké utawa mekar tumangkaré basa Jawa iya masarakat Jawa. Sanajan ing sajroné basa iku ana anasir kang satemené (yèn dinalar) luput, ananging yèn kabéh warganing masarakat wis gelem nganggo lan nganggep bener, bab iku wis ora ana pakéwuhé. Contoné, ing basa Jawa Kuna ana tetembungan tan pamangan, tan panginum, lan tan panolih. Tetembungan iki ing basa Jawa saiki dadi tanpa mangan, tanpa nginum (tanpa ngombé), tanpa nolèh. Ing kéné, cetha tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku yèn digathukaké utawa dijèjèraké karo tetembungan ing basa Jawa Kuna kang dadi sumberé katon gèsèh pedhotané. Sanajan tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku bisa diarani luput anggoné medhot, éwa semono kabèh warganing masarakat Jawa wis gelem nganggo lan nganggep tetembungan mau bener. Mulané, tumekané saiki tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku kelumrah dinggo ing basa Jawa jalaran dianggep wis bener.

Béda karo tetembungan tanpa mangan lan sapituruté (sanajan luput nanging wis dianggep bener déning kabèh warganing masarakat), pangucapé tembung inggih dadi injih/injih/ iku mung winates ing masarakat tartamtu lan durung kaprah tumrap sadhéngah warganing masarakat Jawa (masarakat Jawa iku ora mung winates kang dumunung ing Ngayogyakarta, nanging uga nyakup warganing masarakat Jawa kang dumunung ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan papan liyané). Kanthi mangkono, pakecapan inggih/inggih/ dadi injih/injih/ iku kalebu éwoning pakecapan engon-engonan. Mulané, pakecapan mangkono iku beciké ora dinggo ing basa resmi, kayata sesorah, giyaran radhio, lan sapituruté.

Uga delengenBesut

KapustakanBesut

  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. p. 9. ISBN 978-979-2100-51-8.
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. p. 487. ISBN 978-979-6729-91-3.
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. pp. 154–156.
  • Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 75–77. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut