Tembung ngoko jeneng

Tembung ngoko jeneng (utawa aran) iku yèn dikramakaké dadi nama (tembung krama lugu utawa tembung krama lumrah) lan asma (tembung krama inggil) manut paugeran unggah-ungguhing basa. Ananging, ana sapérangan warganing masarakat sing duwé panganggep yèn tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener, temah banjur didandani utawa dibeneraké dadi nami.

Tembung krama désa

besut
 
Tembung udan (ngoko) dikramakaké dadi jawah, tembung jawah (krama lugu sing baku) dikramakaké manèh dadi jawuh, jawoh, utawa jaweh.

Ukara “nami kula Temen, pak” iku awujud tembung krama. Yèn dingokokaké, ukara iku dadi "jenengku Temen, pak". Dadi, tembung nami ing ukara mau ngramaké tembung jeneng.

Satemené, tembung nama kuwi minangka tembung krama sing wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yèn tembung sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani (awit dianggep luput), asilé malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener, sing malah ngasilaké tembung kang dianggep luput, iku diarani hypercorrect (ndadani kang keliwat ing kad utawa keliwat ing wates). Dadi, tembung nami kuwi kena diarani tembung krama hipercorrect (bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates).

Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hipercorrect iku ana manèh liyané. Contoné, tembung udan (ngoko) dikramakaké dadi jawah, tembung jawah (krama lugu sing baku) dikramakaké manèh dadi jawuh, jawoh, utawa jaweh; bisa (ngoko) dikramakaké dadi saged, tembung saged (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dadi waged; ésuk (ngoko) dikramakaké dadi énjing (krama baku), tembung énjing dikramakaké manèh dadi énjang; jaran (ngoko) dikramakaké dadi kapal, tembung kapal (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dadi kèpèl. Kanthi mangkono, tembung jawuh, jawoh, jaweh, waged, énjang, lan kèpèl kalebu golonganing tembung krama hipercorrect.

Ing sajroné buku paramasastra Jawa tembung krama hpercorrect kuwi diarani krama désa. Ananging, jeneng "krama désa" iku satemené ora trep awit wong ing kutha uga ana sing nganggo tembung kaya mangkono kuwi. Sing cetha, dumadiné tembung sing kaprah diarani "krama désa" iku awit ana sapéranganing warga masarakat sing ora ngerti endi tembung krama sing bener lan sing luput. Jalaran tembung krama kaya mangkono kuwi nyebal saka paugeran, beciké tembung-tembung mangkono mau ora dianggo ing basa Jawa sing resmi.[1]

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 23–24. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut