Tembung tewah
Tembung tewah ing ukara “supados tewah saé, taneman punapa kémawon kedah dipunrabet” iku kanggo ngramakaké tembung tuwuh Ian dipunrabet kanggo ngramakaké tembung dirabuk. Ngramakaké tembung kanthi cara kaya ngéné iki, ya iku tuwuh dadi tewah Ian rabuk dadi rabet, pancèn ana pola Ian conto liyané.
Ngramakaké
besutNgramakaké tembung tuwuh dadi tewah kanthi pola "tembung rong wanda kang mengku u-u dadi e (pepet) -a" kaya ing tembung tuduh -> tedah, dhukuh -> dhekah, wutuh -> wetah, butuh -> betah, buruh -> berah. Déné tembung rabuk dadi rabet kanthi pola "wanda pungkasan bu, buh, utawa bung dadi bet", kaya ing tembung ambu -> ambet, jambu -> jambet, imbuh -> imbet, sambung -> sambet.
Sanajan ana pola Ian conto-contoné, satenané ora sadhéngah tembung kuwi kena dikramakaké kanthi pola-pola mau. Tembung juruh, luluh, dan susuh, uparnané ora dikramakaké dadi jerah, lelah, lan sesah. Lan manèh, upamané tembung bumbu, subuh, lumbung, ora kena dikramakaké dadi bumbet, subet, lumbet. Jalaran, tembung-tembung iku mau klebu éwoning tembung krama ngoko, ya iku tembung ngoko kang wis kena dianggo tembung krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujudé. Tembung krama ngoko kuwi yèn dikramakaké malah ora lumrah Ian sok dadi basa dhageian, cengèngèsan, utawa sembranan.
Tembung tuwuh Ian rabuk iku uga klebu éwaning tembung krama ngoko. Dadi, tembung mau ora perlu dikramaké, ora perlu diowahi utawa disaiani wujudé. Beneré, ukara ing dhuwur mau cukup mangkéné:
Supados tuwuh saé, taneman punapa kémawon perlu di pun rabuk.[1]
Uga delengen
besutRujukan
besut- ↑ Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 1–2. ISBN 978-979-1854-05-4.