Jambu
Jambu | |
---|---|
Jambu banyu | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Myrtales |
Famili: | Myrtaceae |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Jambu. |
Jambu utawa ing basa krama mau jambet yaiku arané wit lan wohé sing godhongé lonjong, akèh pangé lan dhuwuré nganti 10 mèter.[1] Jinisé jambu iku paling sethithik ana telu: jambu banyu, jambu kluthuk, lan jambu ménté utawa jambu ból (Anacandiumn occidentale).[1] Jambu banyu utawa jambu wèr ing basa inggris mau Eugenid aquea iku dhapuré mèh kaya bèl uga rasané legi.[1] Warnané yèn isih enom putih utawa ijo, lan yèn wis mateng bisa uga putéh, ijo, kunéng, jambón, utawa abang.[1] Dhagingé akèh banyuné.[1] Néng njero dhaging lumrahé ana wiji lan hówó, béda karo jambu kluthuk (jambu watu) sing tengahé padhet uga akèh isiné basa latiné Psidium gunjava.[1] Jambu ból padha karo jambu banyu dhapuré, nanging pucuké ketambahan kacang ménté, ing basa Indonésia sok diarani [[jambu monyet amargi wujudé kaya kethèk.[1] Jambu bisa digawé setup utawa asinan.[2]
Jinising jambu
besutJambu kluthuk
besutJambu kluthuk bisa nyegah lara jantung.[1] Jambu kang duwé jeneng latin Psidium guajava L iki nduwé zat kang bisa kanggo obat.[1] Saben 100 gram jambu kluthuk kang wis mateng ngandhut 0,9 g protéin, 0,3 g lemak, 12,2 g karbohidrat, 14 mg kalsium, 28 mg fosfor, 1,1 mg besi, 25 SI vitamin A, 0,02 mg vitamin B1, 87 mg vitamin C, lan 86 g banyu, lan total kalori cacahé 49 kalori.[1] Jambu kluthuk uga duwé vitamin C luwih akèh katimbang jeruk kang mung 49 mg saben 100 g jeruk.[1] Vitamin C ana ing kulit lan daging njaba kang empuk lan kandel.[1] Jambu kluthuk ngandhut vitamin C paling akèh nalika arep mateng.[1] Vitamin C kang ana ing jambu kluthuk bisa nyukupi kabutuhan bocah kang umuré 13-20 taun yaiku kurang luwih 80-100 mg saben dina, utawa kabutuhan vitamin C wong tuwa kang cacahé 70-75 mg saben dina.[1] Saben jambu klutuk kang aboté 275 gram saben jambu bisa nyukupi kabutuhan vitamin C 3 wong kang wis diwasa utawa bocah lara.[1]
Tamba kolésterol
besutJambu kluthuk akèh seraté, khususé pektin utawa serat kang bisa larut ing banyu.[1]Pektin bisa ngedhunake kolésterol kanthi cara nglunturaké kolesterol lan asem empedu ing awak lan ngetokké saka awak.[1] Saka panalitèn Singh Medical Hospital and Research Center Morrabad, India, nuduhaké yèn jambu kluthuk bisa ngedhunaké kolésterol total lan trigliserida lan tamba hipertènsi.[1]
Tanin kang ana ing jambu kluthuk bisa kanggo nglancarakè pencernaan lan sirkulasi darah, lan kanggo maténi virus.[1] Tanin iki kang ndadèkaké jambu kluthuk nduwé rasa sepet.[1] Kalium kang ana ing woh iki gunané supaya jantung bisa nduwé irama kang teratur, ngaktifake kontraksi otot, ngatur transportasi zat ing awak, lan ngurangi kadar kolésterol total lan nyegah hiperténsi.[1] Mangan jambu kluthuk 0,5–1 kg/dina nganti 4 minggu, bisa ngurangi resiko serangan jantung nganti 16 persén.[1]
Jambu kluthuk uga ngandhut zat likopén, yaiku zat karotenoid kang bisa dadi antioksidan saéngga bisa njaga awak saka kanker. Ing jambu kluthuk wiji abang, zat likopén iki akèh cacahé. Godhong jambu kluthuk uga bisa kanggo obat, amarga godhongé duwé tanin, eugenol (lenga asiri), lenga lemak, damar, zat samak, triterpinoid, lan asem apfel. Wijiné jambu kluthuk ngandhut 14 persèn lengan atsiri, 15 persèn protéin, lan 13 persèn glepung.
Khasiat Jambu Kluthuk
besutJambu kluthuk saged kanggo obat:
- Diabétes Mellitus
- Maagh
- Mencret
- Masuk Angin
- Bèsèr
- Prolapsisani
- Sariawan
- Keputian
- kolestrol
- kembung
Dasanama
besutGlima breueh, glimeu beru, galiman, masiambu, biawas, jambu biawas, jambu batu (Sumatera); jambu klutuk, jambu krutuk, jhambu bhender, bayawas, tetokal, tokal (Jawa); jambu klutuk (Sunda); kojabas (Nusa Tenggara); kayawese (Maluku); fan shi liu gan (Cina).[1]
Jambu wèr
besutJambu wèr uga diarani jambu air.[3] Jeneng ilmiahe Syzygium aquaeum (Burm.f.) Alst, biyèn diarani ''Eugenia aquea Burm.f.'' [[3] Wit jambu wèr dhuwuré kira=kira 6-7 mèter.[[3] Jambu wèr duwé wit kang pang-pangé lunyu, godhongé gedhé lan dawa. [[3] kembangé warna abang coklat lan gedhé.[[3] Woh kang wis mateng ukuran lan wernané béda-béda.[[3] Ana kang nduwé wiji, lan ana kang tanpa wiji.[[3] Rasane uga ana sing kecut, legi, lan rada sepet.[[3]
Jambu wèr asalé saka Indo-Cina lan Indonésia.[[3] Jambu wèr lumrahé dadi tuwuhan ing latar omah.[[3] Jambu iki urip nyebar ing tlatah Indonésia.[[3] Lumrahé urip ing laladan kang dhuwuré 300 m dpl.[[3] Jambu wèr ditengkaraké kanthi wijiné lan cara cangkok.[[3] Yèn nganggo wiji lumrahé bakal suwé wetuné woh, lan lumrahé padha nganggo cangkok kanggo nangkaraké jambu wér.[[3] Kanthi cangkok, jambu wèr bisa thukul nganti 5-6 mèter lan woh sawisé 3-4 taun.[[3] Jambu wèr ngembang setaun kaping pindho, yaiku sasi Juli lan Agustus, saéngga wohé bisa dipanèn ing sasi September-Novèmber.[[3] Woh kang wis mateng bisa kanggo buah sawisé mangan, uga kena kanggo asinan.[[3] Ing Jakarta laladan kang diarani punjer jambu wèr yaiku laladan Pasar Minggu.[3]
Jeneng liya jambu wèr yaiku jambu ayer mawar (Malaysia), jambu aie (Min.), jambu cai (Sd.), jambu wer (Jw.), jhambhu wir (Md.), nyambu er (Bl.), kumpas, kumpasa, kombas, kembes (basa-basa di Sulut), jambu jene, jambu salo (Sulsel), jambu waelo, kuputol waelo, lutune waele, kopo olo (Seram, jambu kancing (Ind.), kultivar kang wohé cilik-cilik.[4]
Ing nagara liya, jambu iki jenengé machom phupa atau chomphu pa (Thai), tambis (Fil.), bell fruit, water apple (Ingg.) dan lain-lain.[2]
Jambu bol
besutJambu bol utawa jambu dersana kalebu tuwuhan taunan kang asalé saka kawasan Indo-Cina, Malaysia, Filipina lan Indonésia.[5] ing Indonésia jambu bol akèh-akéhé urip ing Pulo Jawa.[5]
Dasanama
besut- Eugenia malaccensis[6]
- Caryophyllus malaccensis (L.) Stokes [6]
- Jambu bol, Jambu thokal [6]
- Mountain Apple [6]
- Makopa [6]
- Syzygium malaccense.[6]
- Jambu ripu (Acèh), dharsana (Madura), jambu bol (Sunda, batak, lampung), Myambu bol (Bali), Jambu bo (Minangkabau), jambu boa (Jambi) dan maufa (Nias).[5]
Klasifikasi[6] Kingdom: Plantae (Tumbuhan) Subkingdom: Tracheobionta (Tumbuhan berpembuluh) Super Divisi: Spermatophyta (Menghasilkan biji) Divisi: Magnoliophyta (Tumbuhan berbunga) Kelas: Magnoliopsida (berkeping dua / dikotil) Sub Kelas: Rosidae Ordho: Myrtales Famili: Myrtaceae (suku jambu-jambuan) Genus: Syzygium Spesies: Syzygium malaccense[6]
Jambu bangkok
besutJambu bangkok yaiku jambu kluthuk kang gedhé ukurané.[7] Ing Medan jambu iki lumrahé digawé manisan.[7] Manisan jambu bangkok dadi olèh-olèh kang paling disenengi.[7] Manisan jambu bangkok wernané ijo padang, rasané seger, apamaneh yeng dipangan karo bumbu rujak.[7] Sadurungé digawé manisan, jambu bangkok diocèki lan wijiné dibuwang.[7] Sawisé iku banjur dikethok-kethok lan dikum ing banyu suji supaya warnané katon seger.[7] Sawisé iku banjur di wénèhi bumbu rujak.[7]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w [1](dipunundhuh tanggal 7 Maret 2011)
- ↑ a b [Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2. Hal. 376-380.]
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r [2] Archived 2012-01-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
- ↑ Rahardi, F. 2003. Apel Jawa yang Dipopulerkan Taiwan Archived 2007-12-21 at the Wayback Machine.. Harian Kompas online, Sabtu 27 September 2003.
- ↑ a b c [3] Archived 2011-08-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h [4](dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
- ↑ a b c d e f g {id}[5] Archived 2011-09-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |