Asem (tetanduran)
Asem iku tetuwuhan kang wohé dawa-dawa, mrengkel-mrengkel, rupa kulité coklat. Yèn isih enom dagingé wernané ijo, rada renyah, lan rasané kecut nemen. Nanging yèn wis tuwa dagingé banjur dadi coklat, rasa kecuté rada suda. Asem bisa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Asem bisa minangka bumbu masak, wedangan (wedang asem), jamu(kunir-asem). Amarga rasané kang kecut mau, bok manawa asem uga digawé tembung kang kasar yaiku asemane.
Karakteristik
besutAsem (Tamarindus indica) kalebu tuwuhan kultivar laladan tropis lan kagolongaké tuwuhan polong.[1] Wit lan pang-pangé atos banget lan bisa thukul sangsaya gedhé lan godhongé nggrembuyeng.[1] Asem kalebu tuwuhan taunan kang lumrahé ditandur ing pinggir dalan kanggo paru-paru kutha.[1] Godhong asen duwé gagang dawa, dawané kurang luwih 17 cm lan duwé sirip kang cacahé genep.[1] Kembang asem wernané rada abang lan wohé rupané coklat lan rasané kecut.[1] Ing njeroné woh kang dhapuré polong ana kulit kang mbungkus woh asem, lan ana wijiné.[1] Wiji asem cacahé 2-5 saben asem.[1] Wiji asem dhapuré pipih lan wernané coklat rada ireng.[1] Wit asem uga bisa nahan ombak, saéngga bisa ngurangi abrasi.[2]
Dasa nama
besutJeneng Latin: Tamarindus indica, Linn.[1] Famili: Leguminosae[1]
Jeneng Lokal: Tamarind (Inggris); Tamarinier (Perancis); Asam Jawa (Indonesia); Celangi, Tangkal asem (Sunda); Asem (Jawa)[1]
Kagunan
besutDaging asem ngandhut vitamin B kang akèh. Daging asem uga bisa dipangan mentah utawa digawé selé, sirup lan permén.[3][3] Kembang, godhong lan wiji asem uga bisa dipangan lan dimasak.[3] Wiji asem uga bisa diolah dadi témpé wiji asem.[3] Kayuné bisa diolah dadi mébel, kayu bakar lan uga dadi areng.[3] Godhong asem bisa kanggo campuran jangan asem.[3] Saliyané iku uga bisa dadi pakan ternak.[3] Oyot asem kang jero bisa ngalangi lan nahan angin lan badai.[3] Saliyané iku asem uga bisa dadi paru-paru kutha.[3]
Gizi
besutAsem ngandhut sényawa kimia kaya ta asem appel, asem sitrat, asem anggur, asem tartrat, asem suksinat, pectin lan gula invert.[1]
Asem kang mateng wit, saben woh asem ngandhut gizi kaya ta:[1]
- kalori cacahé 239 kal per 100 gram,
- protéin 2,8 gram per 100 gram,
- lemak 0,6 gram per 100 gram,
- hidrat arang 62,5 gram per 100 gram,
- kalsium 74 miligram per 100 gram,
- fosfor 113 miligram per 100 gram,
- zat besi 0,6 miligram per 100 gram,
- vitamin A 30 SI per 100 gram,
- vitamin B1 0,34 miligram per 100 gram,
- vitamin C 2 miligram per 100 gram.
Kulit wijine ngandhut phlobatannnin lan wijine ngandhut albuminoid lan pati.[1]
Khasiat
besutAsem akèh-akéhé thukul ing laladan tropis kaya ta Indonésia.[4] Asem duwé khasiat kang akèh, saliyané apik kanggo kaséhatan awak, asem uga bisa dadi kanca akrabé wong wadon tégesé migunani banget kanggoné wong wadon.[4] Asem bisa kanggo masak, kanggo jamu lan kanggo njaga boboté awak mligi para wadon supaya tetep langsing.[4] Asem rasané kecut, padha kaya jenengé.[4] Rasa kecut ing asem amarga asem ngandhut zat-zat kang marakaké kecut.[4] Zat-zat mau yaiku asem tetrat, asem malat, asem sitrat, asem suksinat, lan asem asetat.[4]
Nanging, saliyané rasané kang kecut, asem uga bisa kanggo njaga percernaan lan bisa nglancaraké perédaran darah.[5] Kanggo wong wadon, ngombé jamu kang bahané saka asem bisa ngurangi nyeri utawa linu yèn lagi ménstruasi.[5]
Asem lumrahé dianggo campuran ing jamu-jamu, amarga asem duwé khasiat kang bisa nambani warna-warna lelara.[5] Tuladhané bebelen, pegel linu, nyeri weteng, lara tenggorokan, watuk, pilek nganti keperkasaan priya.[5]
Akéh panalitén kang njléntréhaké yèn ékstrak asem duwé anti baktèri kang kuwat.[5] Anti baktÈri iki bisa nglawan baktèri E-Coli.[5] Asem uga ngandhut zat-zat kang diprelokaké awak kaya ta protéin, lemak, kalori,hidrat arang, fosfor, zat besi, vitamin A, vitamin B1, lan uga vitamin C kang bisa ningkatake kekebalan lan kaséhatan awak.[5]
Penyakit kang bisa ditambani
besutAsma, Watuk, Demam, awak panas, Reumatik, Lara weteng, Morbili, Alergi/biduren, Sariawan, Tatu anyaran, borok, Eksim & Bisul, Aboh amarga dintup klabang/tawon, Rambut rontok, dicokot ula kang ana wisané.[1]
Tas
besutWiji asem dhapuré warna-warna lan unik. Wernane ireng lan alus.[6] Wiji asem kang lumrahé mung dadi winih utawa dadi sampah kang ora migunani uga bisa digawé tas.[6] Inovasi iki ndadékaké wiji asem kang mauné ora ana gunané lan dadi sampah kang ngregedi bisa dadi tas kang duwé aji ekonomis kang dhuwur.[6]
Jinis-jinis wit utawa woh asem:[1]
- Asam alias Asem jawa (Tamarindus indica)
- Asem-asem (Tetramerista)
- Asem gelugur (Garcinia atroviridis dan G. costata)
- Asem kandis (Garcinia xanthochymus)
- Asem kranji (Dialium indum)
- Asem kumbang (Mangifera quadrifida)
- Asem landa (Pithecellobium dulce)
- Asem paya
- Asem payang (Mangifera pajang)
- Asem pupoi (Sarcotheca griffithii)
- Asem putar (Mangifera torquenda)
- Asem rawa (Mangifera griffithii)
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p www.permenasem.com(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ www.antaranews.com(dipunudhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i www. dephut.go.id Archived 2010-07-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f www.lintasberita.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Mèi)
- ↑ a b c d e f g www.kabarinews.com(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c www.uny.ac.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |