Klèngkèng
Klèngkèng | |
---|---|
Woh klèngkèng | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiospermae |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Sapindaceae |
Génus: | Dimocarpus |
Spésies: | D. longan |
Jeneng binomial | |
Dimocarpus longan Lour. |
Klèngkèng (utawa longan, Dimocarpus longan, suku lerak-lerakan utawa Sapindaceae) iku tuwuhan woh-wohan kang asalé saka daratan Asia Kidul-Wétan. Jeneng longan iku dijupuk saka basa Cina (sarjawa: 龙眼; tradhisional: 龍眼) kang tegesé kanthi barès "mata naga".
Déskripsi
besutWit klèngkèng dhuwuré bisa tekan 40 m lan dhiameter watangé nganti watara 1 m.
Godhongé majemuk, kanthi 2-4(-6) pasang anak godhong, sapérangan gedhé wuluné rapet ing pérangan aksialé. Tangké godhong 1–20 cm, tangké anak godhong 0,5-3,5 cm. Anak godhong bender dawa, dawané lk. ping 1-5 ambané, variasi watara 3-45 × 1,5–20 cm, ngertas nganti njangat, kanthi wulu-wulu kempa mligi ing sisih ngisor saceraké balungan godhong.
Kembang lumrahé ing pucuk (flos terminalis), 4–80 cm dawané, ketel kanthi wulu-wulu kempa, wangun payung porok. Makutha kembangé limang lèr, dawané tekan 6 mm.
Woh bulet, coklat semu kuning, mèh gundhul; lunyu, mawa butir-butir, mawa bintil kasar utawa mawa onak, gumantung jinisé. Daging woh (arilus)tipis awerna putih lan rada bening. Pambungkus wiji awerna coklat semu ireng, kempling. Sok-sok ambuné rada nyegrak.
Jinis lan panyebaran
besutAna sapérangan jinis klèngkèng, Dimocarpus longan, antarané:
- ssp. longan var. longan. Longan (Ingg.), lengkeng (Ind./Mal.), lamyai pa (Thai). Asalé saka tlatah pagunungan ing Myanmar tekan Tiongkok kidul. Saiki dibudidayakaké kanthi wiyar tekan Taiwan, Thailand, Indonésia, Australia (Queensland) lan Amérikah Sarékat (Florida).
- ssp. longan var. longepetiolatus. Saka Vietnam pérangan kidul.
- ssp. longan var. obtusus. Lamyai khruer, lamyai tao (Thai). Saka Indochina, dibudidayakaké ing Thailand.
- ssp. malesianus var. malesianus. Matakucing (Malaysia), medaru, medaro, bedaro (Sumatra), ihau (Kaltim), isau, sau, kakus (Serawak). Nyebar ing Indochina lan Malesia.
- ssp. malesianus var. echinatus. Saka Kalimantan lan Filipina.
Saliyané klèngkèng, jinis-jinis kang liya lumrahé mung diperdagangaké kanthi lokal.
Kagunan
besutWoh-wohan iki mligi dipangan nalika seger. Woh klèngkèng, mligi kang dagingé kandel lan gedhé, dikalengké sajeroning sari wohé ing Thailand, Taiwan lan Tiongkok, ditambahi gula utawa ora. Klèngkèng uga digaringaké, didadèkaké bahan panggawé ombèn panyeger.
Kaya déné lerak, wiji klèngkèng kang ngandhut saponin sok dimupangataké kanggo nyuci rambut. Wiji, woh, godhong lan kembang klèngkèng uga minangka bahan obat tradhisional, mligi ing ramuan Tiongkok. Godhongé ngandhut quercetin lan quercitrin.
Kayu klèngkèng lan kayu bedaro(Dimocarpus malayensis) wujud kayu kang cukup apik kanggo konstruksi ènthèng sajeroning omah lan bahan perkakas.
Bahan wacan
besut- Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
Réferènsi
besut- World Conservation Monitoring Centre (1998). Dimocarpus longan. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 9 Mèi 2006.
Pranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Dimocarpus longan. |
- Dimocarpus longan pada The IUCN Red List of Threatened Species
- Fruits of Warm Climates: Longan
- Know and Enjoy Tropical Fruit: Lychee, Rambutan & Longan Archived 2012-12-08 at the Wayback Machine.
- Dimocarpus longan (Sapindaceae) Archived 2008-05-03 at the Wayback Machine.
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |