Manggis
Woh manggis
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malpighiales
Famili: Clusiaceae
Génus: Garcinia
Spésies: G. mangostana
Jeneng binomial
Garcinia mangostana
L.

Manggis (Garcinia mangostana L.) iku sajenis wit ijo langgeng saka laladan tropika sing diyakini asalé saka Kapuloan Nusantara. Tuwuh bisa nganti 7 tekan 25 mèter.[1] Wohé uga diarani manggis, awerna abang rada ungu nalika mateng, sanadyan ana uga varian sing kulité awerna abang. Woh manggis sajeroning perdagangan ditepungi minangka ratu woh, minangka pasangan durèn, si raja woh.

Manggis isih sakerabat karo kokam, asem kandhis lan asem gelugur, rempah bumbu pawon saka tradhisi boga India lan Sumatra.[2]

Nandur

besut

Manggis bisa thukul ing dhataran cendhèk nganti laladan kang dhuwuré 800 m dpl.[3] Curah hujan kang pas kanggo ngrembakané manggis yaiku antarané 1500–2500 mm/taun kanthi periode basah 6 wulan.[3] Lemah kang apik kanggo nandur manggis yaiku ing lemah kang subur lan akèh bahan organik. Lemah iku uga duwé aerasi kang apik.[3] Jinis tanah kang bisa minangka nandur manggis yaiku tanah kang rada berat nganti tanah kang ringan.[3]

Bibit manggis bisa ditengkaraké kanthi cara ''végétatif'' yaiku kanthi cara sambungan utawa ''éntén''.[3]


Kebak ing Guna

besut

Buah manggis bisa langsung dipangan dadi buah seger lan uga bisa diolah dadi buah kaléng. Saliyané iku manggis uga bisa digawé sirup utawa sari buah.[4] Manggis uga bisa dadi obat tradhisional kanggo nambani lara sariawan, wasir, lan borok.[4] Manggis ngandhut vitamin C kang cacahé akèh.[4]Kulit manggis bisa dimanfaataké kanggo pewarna.[4] Tuladhané pewarna kanggo tékstil.[4] Banyu godhogan kulit manggis uga bisa kanggo obat tradhisional.[4] Munpangan liyané yaiku ing wit manggis.[4] Wit manggis bisa dianggo dadi kayu bakar, lan kanggo bahan yasan.[4] Saliyané iku wit saka woh kang wernané putih iki bisa digawé kerajinan tangan kaya ta kanggo asésoris, rerenggan dinding utawa rerenggan kanggo ''dékorasi'' ruangan.[4]

Habitat

besut

Laladan kang dadi pusat tuwuhan manggis yaiku Kalimantan Wétan, Kalimantan Tengah, Jawa Kulon,Jasinga, Ciamis, Wanayasa, Sumatra Kulon, Sumatera Utara, Riau, Jawa Wétan lan Sulawesi Lor.[5]

Kulit manggis

besut

Kulit manggis kang diolah dadi sari kulit manggis duwé antioksidan kang dhuwur banget.[5] Mulané sari kulit manggis manfaaté akèh tumrap kaséhatan.[5] Antioksidan kang ana ing kulit manggis bisa nangkal radikal bébas lan polusi kang ana ing saubengé manungsa, lan ndadékaké awak luwih kebal yèn diserang lelara.[5]

Kulit manggis kang wis digawé ékstrak bisa ngurangi 70 % gangguan kaséhatan.[5] Gangguan kaséhatan iku kaya ta stroke, kanker, diabetes, jantung, hipertensi, nyeri kang disebabaké sindroma terowongan karpal, ngurangi kadar gula blegudreg, ngurangi psoriasis, lan liya-liyané.[5]

Cathetan suku

besut
  1. [1] Archived 2011-06-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  3. a b c d e [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  4. a b c d e f g h i [4] Archived 2011-04-08 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  5. a b c d e f [5] Archived 2011-04-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 April 2011)

Pranala njaba lan réferènsi

besut
Deleng Uga Woh-wohan