Katès

jinisé wit
Katès
Wit, kembang, lan woh katès; saka Medicinal-Plants Koehler (1887)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Brassicales
Famili: Caricaceae
Génus: Carica
Spésies: C. papaya
Jeneng binomial
Carica papaya
L.

Katès, Gandhul, utawa Gamblok (Carica papaya L.) iku kalebu tuwuhan hérba saka famili Caricacea kang asalé saka Meksiko sisih kidul lan sisih loré Amérika Kidul uga saka Hindia Kulon[1][2], saiki nyebar wiyar lan akèh ditandur ing laladan tropis kanggo dijupuk wohé. C. papaya iku siji-sijiné jinis sajeroning gènus Carica. Jeneng katès ing basa Indonésia yaiku "pepaya" kang dijupuk saka basa Walanda, "papaja", kang ing giliran"papaja" uga njupuk saka jeneng basa Arawak, "papaya". Ing basa Sundha, katès sebutané "gedhang".

Pamerian besut

Tuwuhan katès dhuwuré bisa 10 mèter.[1] Cara nandur kang gampang, ndadèkaké tuwuhan katès urip ing nagara-nagara tropis.[2] Tuwuhan katès duwé rupa kaya tuwuhan palem, kembangé warna putih, yèn mateng dagingé rupa kuning.[3] Woh katès yèn disigar, gronggongan njero wanguné simetris.[4] Godhongé uga mèmper karo tangan manungsa.[4]

Kultivar katès besut

Kultivar katès manéka warna amarga béda ing pamupangatan lan pepénginan konsumèn.

Katès bangkok
Katès bangkok diintrodhuksi saka Thailand. Permukaan wohé ora rata lan kulit njabané rélatif tipis, mula angèl dioncèki. Kaluwihané, dagingé legi lan akèh ngandhut banyu. Ukuran wohé gedhé.

Katès Sala F1
Arupa katès kultivar hibrida unggul saka Hawaii. Wohé cilik-cilik lan disenengi konsumèn kulon.

Saliyané iku uga ana katès hias kang godhong utawa glonggongé awerna ungu. Katès iki ditandur mung kanggo disawang penampilané kanggo ngèndahaké taman. Ing Dhataran Dhuwur Dieng ditepungi prodhuk mèmper katès kang dipak lan diarani "carica". Jinis iki seneng laladan adhem kanggo ngasilaké woh kanthi optimal.

Jinis katès besut

Miturut jinisé, katès kapérang dadi telu:

  1. Katès lanang: Katès lanang duwé kembang majemuk lan duwé pang (tangkai) dawa.[1] Kembang kapisan ana ing pucuk pang.[1] Tandha yèn katès lanang yaiku wernané putih lan ora duwé sirah lan benang sari jangkep.[1]
  2. Katès wadon: Béda karo katès lanang, katès wadon duwé kembang akèh.[1] Pang cendhek lan kembangé gedhé cilik pratandha kembang kang gedhé bakal dadi woh.[1] Katès wadon ora duwé benang sari lan bakal ngembang terus.[1]
  3. Katès jangkep: Katès jangkep duwé kembang kang jangkep lan bisa panyerbukan dhéwé.[1] Ana telung jinis katès jangkep yaiku:
  • duwé benang sari 5 lan bakal woh bulat
  • duwé benang sari 10 lan bakal woh lonjong
  • duwé benang sari 2-10 lan bakal woh mengkerut

Katès kang ana ing Indonésia ana rong jinis:

  • Katès semangka, duwé daging warna abang kaya warna semangka, rasané legi[1]
  • Katès manuk, duwé daging woh warna kuning, ambuné seger lan rasané kecut campur legi[1]

Mupangat besut

Katès kalebu jinis woh-wohan kang multiguna.[5] Wiwit saka oyot nganti godhong duwé mupangat kanggo manungsa lan kéwan.[5] Tuwuhan katès bisa dimupangataké kanggo bahan pangan, unjukan, obat, pakan raja-kaya.[5]

Kasiyat tuwuhan katès bisa kanggo nambani lelara wan, kanggo ASI, borok, jerawat, rématik, gegelen, radang ginjel, lara weteng, pilek, anemia, masuk angin, kanggo nafsu makan.[5]

Gladri besut

 
Godhong Katès

Godhong Katès duwé kasiat kang akèh. Kasiate godhong katès yaiku bisa kanggo:

  • Nggancarake pencernaan
  • Nambah nafsu mangan anak
  • Nggancarake Asi
  • Tamba nyeri haid
  • Anti kanker
  • Tamba kukul
  • Tamba demam berdarah

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g h i j k "(diakses tanggal 30 Maret 2011)" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2010-12-29. Dibukak ing 2011-04-02.
  2. a b tanggal 30 maret 2011)
  3. [ http://www.anneahira.com/tanaman-obat/pepaya.htm Archived 2011-04-03 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 30 Maret 2011)]
  4. a b "(diunduh tanggal 30 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2010-12-08. Dibukak ing 2011-04-02.
  5. a b c d [Natalegawa, Tirta. 2010. Serba-Serbi Tanaman Obat. Bandung: Rawansah Bandung. Kaca 55]

Pranala njaba besut

Deleng Uga Woh-wohan