Ombak
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ombak ya iku prastawa munggah mudhuné partikel-partikel banyu.[1] Ombak uga bisa ditegesi obahé banyu sagara sing munggah mudhun utawa nggulung-nggulung.[2] Ana telung faktor kang njalari dumadiné ombak, ya iku pasang-surut (swell), angin pasisir (local wind), lan mudhun-munggahé massa watu ing dhasar samodra.[1] Pasang-surut banyu sagara iki amarga ana gaya gravitasi bulan.[1] Nalika bulan ing posisi celak karo lumah bumi, banyu sagara ing laladan iku ketarik déning gaya gravitasi bulan lan njalari banyu sagara pasang.[1] Déné ing laladan bumi liya kang adoh saka posisi bulan, banyu sagara surut. Obahé banyu sagara iki kanthi wujud ombak.[1]
Angin kang obah nerjang lumah sagara, sithik baka sithik minangka obahé ombak kang nggulung.[1] Saya kenceng angin kang nerjang lumah sagara, saya gedhé uga ombak kang dikasilaké.[1] Marga dhasar ombak kena dharatan nalika menyang pasisir, ombak ngalon amarga ana gèsèkan.[1] Nalika iku, pucuk ombak tetep lumaku banjur wutah.[1] Yèn ing sagara kadadéan gelombang ombak kang gedhé banget, ing pasisir bakal kawentuk pucuk ombak kang dhuwur lan wutahan kang gedhé.[1]
Obahé massa watu ing dhasar samodra uga njalari ombak.[1] Ombak sing kaya iki uga diwastani tsunami.[1] Nalika ana obah-obahan watu-watu ing dhasar sagara, ombak iku bakal njalari jundhulan ing lumah sagara ing dhuwuré.[1] Ombak iki ndarbèni ènergi kang gedhé, saéngga bisa njalari karusakan kang gedhé uga.[1] Ombak tsunami ngasilaké jinis wujud gelombang, ya iku gelombang positif lan gelombang négatif.[1] Gelombang positif kadadèn nalika banyu sagara ora surut kanthi amba ing laladan pasisir.[1] Déné gelombang négatif kadadèn yèn banyu sagara surut kanthi amba.[1]
Jinis Ombak
besut- Miturut sifaté
- Ombak pembangun utawa pambentuk pasisir (Constructive wave), kang ndarbèni ciri endhèk lan kecepatan rambaté uga cendhak.[3] Saéngga nalika ombak mau pecah ing pasisir bakal ngangkud sedimen (material pasisir).[3] Material pasisir bakal kèri ing pasisir nalika ili balik saka ombak pecah lan nresep ing pasir utawa alon-alon mili mbalik menyang sagara.[3]
- Ombak pangrusak pasisir (destructive wave), padatan ndarbèni kadhuwuran lan kecepatan rambat kang gedhé.[3] Banyu kang mbalik muter ndarbèni wektu luwih rikat kanggo nresep ing jero pasir.[3] Nalika ombak teka manèh ngantem pasisir bakal ana akèh banyu kang ngumpul lan ngangkud material pasisir tumuju tengah sagara utawa papan liya.[3]
- Miturut cara pecahé
- Spilling, padatan kadadèn yèn ombak miring tumuju pasisir kang dhatar (miringé sithik). Ombak pecah ing jarak kang adoh saka pasisir lan sithik-sithik.[3]
- Plunging, yèn miringé ombak lan dhasar nambah ombak bakal pecah lan pucuk gelombang bakal muter. Sabagéyan bakal mentul menyang sagara.[3]
- Surging, ombak kadadèn ing pasisir kanthi miring banget, kaya ta kang kadadéan ing pasisir kang ana watu karangé.[3]
Kagunan lan mupangat ombak
besut- Njaga stabilé suhu saka iklim donya [3]
- Liwat lumah ombak, kadadèn ijolan gas [3]
- Ningkataké kemampuan adhaptasi lan kekuwatan saka makluk urip [3]
- Ningkataké keanekaragaman hayati [3]
- Mbantu anané gegayutan simbisosis mutualisme [3]
- Mbantu nggawé utawa minangka pasisir [3]