Jambu kluthuk
Woh jambu kluthuk
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae
Subfamili: Myrtoideae
Tribe: Myrteae
Génus: Psidium
Spésies: P. guajava
Jeneng binomial
Psidium guajava
L.

Jambu kluthuk (Psidium guajava) iku tuwuhan tropis kang asalé saka Brazil, disebaraké ing Indonésia liwat Thailand.[1]. Jambu kluthuk wohé warna ijo kanthi daging woh warna putih utawa abang lan rasané kecut-legi. Woh jambu kluthuk ditepungi ngandhut akèh vitamin C.[1]. Kasebaré jambu wiji kajaba ing Indonèsia kanthi tekan ing Asia Selatan, India lan Srilangka [2]. Jambu biji kalebu tuwuhan perdu lan duwé akèh pang lan ranting; bonggol wité atos[2]. Permukaan kulit jaba wit jambu wiji wernané coklat lan lunyu [2]. Yèn kulit kayu jambu wiji iku dioncèki, bakal katon lumah bonggolé kayu kang isih teles[2]. Wujud godhongé kang umum coraké bundher endhog kanthi ukuran kang rada gedhé[2]. Kembangé cilik-cilik, wernané putih lan methungul saka walike kèlèk godhong[2]. Tandhuran iki bisa urip kanthi subur ing tlatah dataran endhèk kanthi ing kadhuwuran 1200 mèter ing sadhuwuré dhasar sagara[3]. Ing umur 2-3 taun jambu wiji wis wiwit awoh [3]. Wijiné akèh lan ana ing daging wohé [3].

Kembangé

besut

Ora patia akèh ngandhut tanin[3].

Godhong

besut

Godhong jambu wiji tuwa jebulé ngandhut manéka komponèn kang khasiat kanggo ngatasi lelara demam berdarah dengue (DBD) [4]. Golongan senyawa tanin lan flavonoid kang dinyatakaké minangka quersetin ing sajeroning ekstrak godhong jambu biji bisa ngambat aktivitas enzim reverse trancriptase kang artiné ngambat tumbuhé virus intiné RNA [4]. Jambu biji uga ngandhut zat liyané, kajaba tanin, ya iku [2]:

 
Pérangan wiji kang gampang ditepungi saka jambu kluthuk

Sapérangan jinis/kultivar jambu kluthuk ditepungi ing Indonésia, sapérangan ditepungi kawit biyèn, sapérangan wujud introduksi saka nagara liya.

Jambu pasarminggu
Jambu pasarminggu duwé rong varian: daging woh putih lan abang. Sing dagingé putih, ditepungi minangka jambu 'susu putih', luwih disenengi amarga rasané legi, daging wohé rada kandel, lan teksturé lembut. Sing daging wohé abang kurang disenengi amarga wohé rikat bosok lan rasané kurang legi. Kulit wohé tipis warna ijo semu kuning yèn mateng. Wangun wohé rada lonjong kanthi pérangan pucuk mbulat, éwadéné pérangan bongkot luncip. Jambu pasarminggu wujud ras lokal.
Jambu australia
Jambu kluthuk Australia diintroduksi saka Australia. Kekhasané ya iku godhongé warna abang semu ungu. Sanadyan wohé bisa dipangan, lumrahé wong nandur ing pekarangan luwih seneng didadèkaké tetuwuhan hias. Wohé legi yèn wis mateng, nanging tawar yèn durung mateng.
Jambu sukun
Tembung "sukun" ateges "ora ana wijiné". Jambu variétas unggul iki pancèn ora duwé wiji; manawa ana mung 2-3 wiji. Daging wohé putih rada kuning kanthi rasa legi rada kecut. Teksturé rada atos, renyah, lan aromané wangi. Wangun wohé mèmper apel, kanthi ukuran dawa antarané 4–5 cm. Kulit wohé yèn mateng wernané ijo rada putih. Jambu sukun bisa prodhuksi terus-terusan saksuwéné setaun, sanadyan rélatif sithik. Sanadyan mangkono, jinis jambu iki rélatif tahan marang serangan ama lan lelara.
Jambu bangkok
Jambu bangkok wujud sebutan kanggo jambu kluthuk kanthi woh kang gedhé. Sapérangan pancèn diintroduksi saka Thailand. Salah sijiné ya iku 'jambu sari'. Wangun wohé bulet sampurna kanthi garis tengah watara 10 cm. Ukuran woh mentahé luwih gedhé tinimbang nalika mateng.

Panangkaran

besut
 
Woh jambu wiji didol ing kranjang (bongsang)

Jambu bisa ditangkaraké kanthi wiji. Sanadyan mangkono, panangkaran kanthi cara iki ora disenengi amarga tuwuhé suwé anggoné diwasa lan uga bakal owah sipat saka indhuké. Panangkaran kang saiki dilakokaké ya iku kanthi cara vegetatif, mligi kanthi cara cangkok.

Kagunan

besut

Kagunan non-pangan

besut

Godhong jambu kluthuk ditepungi minangka bahan obat tradhisional kanggo watuk lan diare. Jus jambu kluthuk "bangkok" uga dianggep duwé kasiyat kanggo mbantu sarasing panandhang demam berdarah dengue.

Keséhatan

besut

Paédahé pektin iku mudhunaké kolesterol kanthi cara ngiket kolesterol lan asem empedu ing awak uga biyantu ngetokaké [5]. Penelitian kang dilakoni Singh Medical Hospital and Research Center Morrabad, India, nunjukaké yèn jambu wiji dapat menurunkan kadar kolestreol total dan trigliserida darah sarta tekanan darah padha penderita hipertensi [5].

Jambu wiji mateng lan mengkal 3 dikumbah kanthi resik [5]. Jambu kang wis mateng diblènder kanthi alus banjur disaring saèngga èntuk jus jambu biji[5]. Jus jambu wiji diombé kaping 3 sadina kanthi DBD mari. Woh kang mengkal dipangan langsung karo kulité[5]. Wiji woh ora perlu dipangan[5].

6 lembar godhong jambu wiji dikumbah kanthi resik banjur ditumbuk sinambi diwènèhi 1 cangkir banyu mateng, peres, ombé banyuné [5].Cukup kanggo diombé kaping 2 sadina [5]. Ombé banyu peresané [5]. Lakoni saben dina kanthi teratur, kanthi mari [5]

8 lembar godhong jambu wiji dikumbah kanthi resik banjur digodhog nganggo 1,5 liter air [5]. Ombé banyu peresané kaping 3 kali sadina [5].

Siapaké oyot godhong jambu wiji sacukupé lan godhong jambu 10 lembar [5]. Kethok-kethok oyot lan godhongé, kumbah kanthi resik lan godhog nganggo banyu sacukupé kanthi 20 menit ing suhu 90 drajat Celsius[5]. Saringan saka banyuné mau banjur diombé sacukupe kanthi teratur nganti keluhan ilang[5].

3 pucuk godhong jambu wiji dikumbah, mamah nganti lembut[5]. Tempelaké ing tatu [5]. Kandhutan astringent-né bisa ngendhegaké perdarahan[5].

2 genggem godhong jambu wiji nom lan 7 lembar godhong suruh dikumbah, godhog karo sagelas banyu, saring[5]. Entèni supaya adhem banjur diombé [5]. Cukup kanggo diombé ping 2 sadina [5].

Rujukan

besut
  1. a b [Sofyan Tsauri. 2005. Ramuan Tradisional Madura. Jakarta:Penebar Swadaya]
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w "diundhuh tanggal 30 Mei 2011". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-28. Dibukak ing 2011-06-03.
  3. a b c d diundhuh tanggal 28 Mei 2011
  4. a b "diundhuh tanggal 30 Mei 2011". Diarsip saka sing asli ing 2012-02-06. Dibukak ing 2011-06-03.
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u [1][pranala mati permanèn]

Pranala njaba

besut