Upacara Wiwit
Upacara Wiwit inggih punika salah satunggaling upacara adat babagan tetanen ingkang dipunadani nalika badhé panen pantun.[1] Upacara punika dipunadani ing wayah sonten sadinten sadèrèngipun pantun dipunpanen.[1] Déné papan kanggé ngadani upacara wiwit punika inggih wonten ing tegalan sabin.[1]
Tata cara upacara wiwit
besut- Ngundhuh pantun ingkang dhuwuripun sami utawi ingkang winastan pantun pengantenan cacahipun gumantung neptu dinten wau.[1] Manawi neptu dinten wekdal ngadani upacara wiwit 7, mila pantun ingkang dipunundhuh 7 kerat.[1]
- Pantun ingkang sampun dipunundhuh lajeng dipunemban mawi jarik ingkang énggal (manawi wonten).[1] Nanging manawi boten wonten saged nganggé kain polos utawi lurik.[1]
- Manawi pantun sampun dipunlebetaken sadaya wonten griya lan sampun garing, lajeng pantun dipunlebetaken wonten ing lumbung pérangan sisih nginggil.[1]
- Pantun penganten ingkang dipunundhuh kala wau lajeng disimpen saéngga saged dipun-ginakaken malih dados wenih pantun énggal ing mangsa tandur salajengipun.[1]
- Tata lampahing upacara wiwit punika dipunpandhegani déning tiyang ingkang dipunanggep sepuh utawi saged tiyang ingkang gadhah sabin piyambak.[1] Déné sesajen saha ubarampe ingkang dipun-ginakaken wonten ing upacara wiwit punika ing antawisipun; sega liwet, sega golong ingkang wonten nginggilipun dipuntutup mawi kerak sekul.[1] Lawuhipun sambel gepeng, endhog pitik godhog, saha gereh bakar.[1] Salajengipun ingkang kanggé ngrias sesajen inggih punika uwi, gembili, saha arak-arakan (kados ta gedhang, kimpul, kacang brol, lan ketela) ingkang sampun dipungodhog rumiyin.[1]
- Upacara wiwit gadhah ancas kanggé kaslametan sadayanipun.[1] Upacara punika dipuntujokaken kanggé ingkang mbahu reksa (dhanyang alas) kanthi pangajab supados para tani dipunparingi kaslametan saha mugi-mugi asiling panen pantun saged kasil saé saéngga saged dipun-ginakaken kanthi saé ugi.[1] Kajawi kanggé dhanyang upacara wiwit punika ugi katujokaken kanggé Bapak Kasa, Ibu Pertiwi, lan Mbok Sri.[1] Upacara wiwit punika taksih asring dipunadani wonten ing tlatah Sléman, Gunungkidul, lan Kulon Praga.[1]
Upacara wiwit dipunwiwiti kanthi beto sekul lan lauk paukipun dhateng sawah ingkang badhé dipunpanen.[2] Salajengipun ngempalaken warga ingkang wonten ing sakitering sabin, celak papan kanggé ngadani upacara wiwit.[2] Para warga kala wau lajeng dipunsuwun sesarengan sami ndedonga nyuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Mirah supados lampahing upacara wiwit saged lancar kalis ing sambekala.[2] Ugi ndedoga sukur dhateng Gusti Alloh SWT ingkang sampun paring rejeki ingkang kathah.[2] Sasampunipun donga wiwit dipunandharaken, lajeng sekul wiwit dipunbagek-bagekaken dhateng para tani ingkang wonten ing papan kasebat lan sesarengan kembul bujana saking ubarampe upacara wiwit ingkang sampun dipunsamektakaken.[3] Sasampunipun sami dhahar nembé kalajengaken miwiti kanggé manen pari ing sabin, ingkang dipunwiwiti déning tokoh tani ingkang rawuh ing papan wiwit kasebat, nembé dipunlajengaken dipunpanen déning para buruh tani sanèsipun.[3]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q Tim Proyek Penelitian dan Pencatatan Kebudayaan Daerah. (1976). Adat Istiadat Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
- ↑ a b c d [1] Archived 2012-10-22 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 13 Novèmber 2012)
- ↑ a b [2][pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 13 Novèmber 2012)