Ketéla pohung

(Kaelih saka Tela)
Ketéla pohung (kaspe)
Gambar deskriptif kaspe saka Koehlers Medizinischepflanzen
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malpighiales
Famili: Euphorbiaceae
Subfamili: Crotonoideae
Tribe: Manihoteae
Génus: Manihot
Spésies: M. esculenta
Jeneng binomial
Manihot esculenta
Crantz
Manihot esculenta

Ketéla pohung utawa singkong utawa kaspé, utawa sajeroning Basa Indonésia ubi kayu utawa ubi pohon, iku tetuwuhan taunan tropika lan subtropika saka kulawarga Euphorbiaceae. Uwiné dikenal minangka panganan pokok sing ngasilaké karbohidrat lan godhongé minangka janganan.

Téla pohong ing tlatah Surabaya karan menyok, ing tlatah Banyumasan diarani bodin, yèn ing tlatah Kulon Praga sisih lor lan sapérangan Magelang sinebut jendal ya iku jinis tetuwuhan kang biyasa ditandur ana ing tegalan ing mangsa rendheng. Tela kang ditandur ing taun tropika lan subtropika asalé saka kulawarga Euphorbiaceae. Umbiné mumpangaté akèh, salah sijiné bisa kanggo bahan panganan pokok lan ngasilaké karbohidrat lan godhong bisa kanggo sayuran. Godhong téla iku jenengé jlegur. Umbi téla kang ana ing lemah (siti) mertandhakaké, tetuwuhan iki kagolong ing suku palakepedhem, duwé oyot kang dadi pohung utawa umbi. Kanthi duwé titikan wujudé rata-rata gilig lan lonjong. Ing pohong duwé garis tengah kurang luweh 2–3 cm lan dawané kira-kira 50–80 cm. Dawa lan gedhené téla bisa diprabawai saka jinisé kang ditandur ana ing tegalan. Werniné tela ana loro putih lan kuning.

Sajarah lan prabawa ékonomi

besut

Jinis ketéla pohung Manihot esculenta sepisanan dikenal ing Amérika Kidul banjur tumangkar ing mangsa pra-sajarah ing Brasil lan Paraguay. Jinis-jinis modhèren saka spésies sing wis dibudidaya bisa tinemu tuwuh ing Brasil kidul. Sanadyan spésies Manihot sing alasan akèh, kabèh varitas M. esculenta bisa dibudidaya.

Prodhuksi ketéla pohung donya dikira-kira ngancik 184 yuta ton ing taun 2002. Sapérangan gedhé prodhuksi diasilaké ing Afrika 99,1 yuta ton lan 33,2 yuta ton ing Amérika Latin lan Kapuloan Karibia. Téla ditandur ing Indonésia kanggo panganan pokok (mangsa iku Hindhia Walanda) lan didol ing taun 1810[1], lan sadurungé kawanuhaké karo wong Portugis ing abad kaping 16 ning Nuswantara saka Brasil.

Prodhuksi donya

besut
Prodhuksi ketéla pohung donya (2008) [2]
Posisi Nagara Gunggung 
Ton
1   Niger 44.582.000
2   Brasil 27.877.918
3   Indonésia 25.593.052
4   Thailand 21.565.636
5   Républik Dhémokratik Kongo 15.019.430
6   Ghana 9.650.000*
7   Vietnam 9.395.800
8   India 9.053.900
9   Angola 8.840.000*
10   Tanzania 6.600.000*
11   Uganda 5.072.000
12   Mozambik 5.038.623*
13   Paraguay 4.800.000*
14   Républik Rakyat Cina 4.361.573*
15   Kamboja 3.676.232
Sedunia 232.950.180

Kagunan

besut

Minangka panganan sing bahan dasaré saka téla

besut
  1. Gaplèk
  2. Gathot
  3. Ceriping
  4. Gemblong
  5. Sledrek
  6. Cethot
  7. Klenyem
  8. Samiyèr
  9. Lempeng
  10. Kopang
  11. Gethuk

Bahan bakar

besut

Ing sawatara nagara, ketéla pohung wis akèh digawé bahan bakar ethanol, lan ketéla pohung dadi bahan bakar wigati [3].

Panganan kéwan

besut

Ketéla pohung biyasa kanggo panganan kéwan. Damèn godhong ketéla pohung sing wis digaringaké sadina utawa rong dina dianggo panganan kéwan kaya déné sapi, wedhus utawa wedhus gibas.

Obat tradhisional

besut
  • Jinis sing godhongé rasané pait lumrah kanggo tamba lelara hipertènsi, sirah ngelu lan nyeri.
  • Wong Kuba biyasa migunakaké ketéla pohung kanggo nambani lara weteng.

Uga delengen

besut

Rujukan umum

besut
  1. FAO, June 2003 cassava market assessment Archived 2007-11-24 at the Wayback Machine., 2003
  2. Cereda, M.P. and Mattos, M.C.Y. (1996). "Linamarin-The Toxic Compound of Cassava". Journal of Venomous Animals and Toxins (online) 2 (1), 6-12; ISSN 0104-7930 [1]

Cathetan sikil

besut
  1. Payer, M. HBI weltweit. 5.3. Zur Geschichte Indonésiens. Edisi 1997-03-18. Diakses 18 Mei 2007
  2. "Statistik [[FAO]] resmi, baca di 14 Maret 2010". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-19. Dibukak ing 2011-01-15.
  3. http://stuartsbrasil.blogspot.com/2009/01/aipim-mandioca-manioc-pao-de-pobre.html

Pranala njaba

besut