Wikipédia:Artikel pilihan/2015 04
Matématika (basa Yunani: μαθηματικά - mathēmatiká, saking tembung μάθημα(máthema) ingkang artosipun "sains, èlmu pangertosan, utawi sinau" ugi μαθηματικός (mathematikós) ingkang artosipun "remen sinau" ) inggih punika studi besaran, struktur, ruwang, lan éwah-éwahan. Para matématikawan pados manéka pola. lan dipunikhtisaraken serta ngrumusaken konjektur énggal, lan mbangun kaleresan liwat métode deduksi ingkang kaku saking aksioma-aksioma lan dhéfinisi-dhéfinisi ingkang silih selaras.
Dhisiplin ingkang paling utami ing matématika dhasaripun inggih punika kabetahan kanggé pangétangan wonten bidhang padagangan, pangukuran siti ugi pangétangan kanggé paramalan kadadosan astronomi. Tiga kabetahan punika umumipun wonten gegandhènganipun kaliyan pambagéyan umum bidhang matématika inggih punika: studi masalah struktur, ruwang lan éwah-éwahan.
Pangertosan ingkang prasaja saking matématika inggih punika ngèlmu étung utawi aritmatika, punika arupi pamahaman matématika ingkang paling dhasar.
Wonten paslisihan perkawis punapa objèk-objèk matématika kadosta wilangan lan titik dhateng sacara alami, utawi namung damelan manungsa. Satunggiling matématikawan Benjamin Peirce nyebat matématika minangka "èlmu ingkang nggambaraken simpulan-simpulan ingkang wigatos. Ing pihak sanès, Albert Einstein nélakaken bilih "satebihipun ukum-ukum matématika ngrujuk dhumateng kasunyatan, sedaya wau mboten mesthi; lan satebihipun sedaya wau mesthi, sedaya wau mboten ngrujuk dhumateng kasunyatan."
Liwat panggunaan panalaran logika lan abstraksi, matématika ngrembaka saking pancacahan, pangétangan, pangukuran, lan pangkajian sistematis dhumateng bangun lan pagerakan bendha-bendha fisika. Matématika praktis sampun dados kagiyatan manungsa wiwit wontenipun rekaman kaserat. Argumèntasi kaku sepindhah muncul ing salebetipun Matématika Yunani, utaminipun ing salebetipun karya Euklides, Èlemèn. Matématika tansah ngrembaka, upaminipun ing Cina nalika taun 300 SM, ing India nalika taun 100 M, lan ing Arab nalika taun 800 M, dumugi jaman Rénaisans, nalika pamanggihan énggal matématika silih interaksi kaliyan pamanggihan èlmiah énggal ingkang ngarah dhumateng paningkatan ingkang cepet ing salebetipun laju pamanggihan matématika ingkang teras dumugi sepriki.