William Shockley
William Bradford Shockley (lair ing London, Inggris, Karajan Manunggal, 13 Fèbruari 1910 – pati ing Stanford, California, Amérika Sarékat, 12 Agustus 1989 ing umur 79 taun) inggih punika salah satunggaling fisikawan Amérika Sarékat ingkang miyos wonten ing tlatah Inggris ingkang pikantuk Bebungah Nobel babagan Fisika sesarengan kaliyan John Bardeen lan Walter H. Brattain.[1]
William Shockley | |
---|---|
Lair | Cithakan:Birthdate London, Inggris, Karajan Manunggal |
Pati | 12 Agustus 1989 Stanford, California, Amérika Sarékat | (umur 79)
Kabangsan | Amérika Sarékat |
Institusi | Bell Labs Shockley Semiconductor Stanford |
Alma mater | Caltech MIT |
Doctoral advisor | John C. Slater |
Misuwur amarga | Coinventor of the transistor |
Notable awards | Nobel Kimia (1956) |
Agama | Ateisme |
Piyambakipun miyos wonten ing tlatah London saking tiyang sepuh asal Amérika Sarékat ingkang wonten ing Inggris antawis pinten-pinten taun saperlu prakawis bisnis. Bapakipun inggih punika satunggaling insinyur pertambangan lan ibunipun wakil surveyor fédheral kanggé tanah mineral. Tiyang sepuhipun wangsul malih dhateng California nalika William taksih alit (balita). Minatipun wonten ing babagan sains tuwuh wiwit alit, lumantar pakaryan tiyang sepuhipun lan tanffa tepalihipun ingkang ngajar fisika wonten ing Stanford. Piyambakipun lulus saking CalTech nalika taun 1932 lan pikantuk gelar PhD saking MIT rikala taun 1936.[2]
Piyambakipun wiwit makarya wonten ing Laboratorium Bell. Panaliténipun wonten inng babagan fisika benda padat, mliginipun tabung vakum, damel kathah kemajuan teoretis wonten ing ancas perusahaan saperlu migunakaken tombol elektronik kanggé kantor telepon minangka gantosipun tombol mekanik ingkang taksih saged dipun-ginakaken dumugi wekdal punika. Sadangunipun PD II, Shockley makarya kanggé proyek militèr, mliginipun ngalusaken sistem radar. Sabibaripun perang pungkasan, piyambakipun wangsul malih nliti benda padat, sapunika ngamati semikonduktor.
Salah satunggaling sumbanganipun wonten ing babagan indhustri elektronika inggih punika penerapan téyori kuantum wonten ing perkembangan semikonduktor. Rikala taun 1947, kaliyan kancanipun, John Bardeen lan Walter Brattain, piyambakipun damle piranti semikonduktor pengeras ingkang kapisanan. Ingkang lajeng dipunsukani nama transistor (saking tembung transfer lan resistor). Shockley damel kemajuan dwonten ing babagan punika taun 1950 ingkang damel piyambakipun langkung gampil dipunwedalaken. Pamanggihipun ingkang orisinal, pungkasanipun damel pengembangan keping silikon. Shockley, Bardeen, lan Brattain menangakan Penghargaan Nobel babagan Fisika taun 1956 kanggé pengembangan transistor, ingkang mungkinaken piranti-piranti elektronik dipundamel langkung alit, jelas, lan langkung mirah.[3]
Piyambakipun ninggalaken Bell Labs taun 1955 lan njabat minangka profesor pengunjung lan penasihat ahli ing sajumlah perguruan tinggi lan perusahaan. Piyambakipun yasa laboratoriumipun piyambak saperlu ngembangaken transistor lan piranti sanèsipun. Nanging pungkasanipun, bisnis punika bangkrut rikala taun 1968. Nalika taun 1963, Shockley dipunangkat minangka guru besar teknik wonten ing Universitas Stanford lan ngajar dumugi taun 1975. Pengajaran damel piyambakipun mikir kathah babagan piyambakipun ngéngini prosès mikir lan kados pundi pamikiran ilmiah saged dipunyingkataken. Piyambakipun nedahaken bilih masa depan penduduk kaancem amargi tiyang-tiyang ingkang gadhah IQ andhap kagunan kathah putra tinimbang tiyang-tiyang ingkang gadhah IQ inggil. Pamanggihipun pikantuk kontroversi lan kamireng rasis. Nalika tiyang-tiyang terus ngurmati prestasinipun wonten ing babagan fisika lan teknik, kathah tokoh umum lan ilmuwan ngandharaken bilih "sumbanganipun ing babagan fisika boten maringi kapitadosan ilmiah saking punapa pamanggihipun babagan genetika."[4]
Shockley nikah kaping kalih, lan gadhah kalih (2) putra lan satunggal (1) putri.