Wong Acèh iku jeneng suku sing manggon ing pucuk lor pulo Sumatra. Agamané Islam lan basa sing dipigunakaké ya iku basa Acèh sing isih kerabat karo basa Campa.

Wong Acèh
Gunggung cacah jiwa
(kurang luwih 3,5 yuta.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Aceh: 3,5 juta.
Basa
basa Acèh.
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Wong Campa lan Wong Gayo.

Riwayat jeneng Acèh

besut

Ngenani jeneng aceh, ana dongèng sing dikawruhi umum kaya mangkéné:

Sawijining dina ana puti Hindustan ilang digolèki déning seduluré nganti tekan pulo Sumatra. Satekané ing Acèh saduluré banjur ketemu puteri mau. Marang sing ndunungi dijlèntrèhaké manawa putri mau iku “aci”-né utawa adiné.

Amarga putri iku kinurmatan, sing ndunungi percaya yèn panjenengané katurunan bangsawan uga. Saka mupakat para sing ndunungi, putri iki banjur diangkat dadi ratu (raja). Kanggo mènèhi jeneng nagari sing anyar iku banjur karan waé “Aci”, dijupuk saka tembung sing wiwitan kaprungu diucapaké déning seduluré. Sabanjuré sebutan “Aci” iku owah dadi “Acèh”.

Carita liya, miturut Valentijn (1688), Acèh asalé saka tembung “Acai”, uga istilah Hindustani, sing tegesé éndah. Miturut dongèng iku istilah iki asring dipocapaké déning wong-wong India sing teka saka Hindustani nalika tekan Acèh, sawisé ndeleng kaéndahan talatah iki saka kapal. Amarga kasengsem wong-wong India mau banjur nyebut “Acai”, “Acai”. Amarga saka iku nagari iki banjur diarani Acai, tanah Acai lan wusanané owah dadi tanah Acèh, tegesé tanah éndah.

Tokoh-tokoh saka suku Acèh

besut

Rujukan

besut


Uga delengen

besut