Wong Sokci
Wong Sokci (Kroasia: Šokci, Honggari: Sokácok, Sèrbi: Шокци / Šokci) ya iku golongan étnis ing Slav Kidul mligi dianggep wong Kroasia. Wong-wong iki ora dianggep golongan étnis kang kapisah ing Kroasia[1] lan ing papan liya, déné ing Sèrbi wong-wong iki kacathet minangka golongan étnis séjé sajeroning cacah sirah (sènsus) kawit ananing swabiyawara. Wong-wong iki manggon ana ing pamukiman kang manéka warna ing sadawaning kali Danube lan Sava ing wewengkon sujarah Slavonia, Baranya, Syrmia lan Bačka Kulon. Wewengkon iki saiki nyrambahi Kroasia Wétan, Honggari Kidul-Wétan, lan Sèrbi Lor. Sokci dianggep pandhudhuk asli ing Slawonia lan Syrmia ing Kroasia.
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
---|---|
Kroasia: Slavonia lan Baranja Sèrbi: Vojvodina Honggari: Baranya County Bosnia lan Hércegovina Rumeni | |
Basa | |
Kroasia lan Honggari | |
Agama | |
Katulik Roma | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Bunjevci, wong Kroasia, lan wong Sèrbi |
Cacah jiwa
besutSokci dianggep cacah jiwa asli ing Slavonia lan Syrmia ing Kroasia.[2] Kantor Statistik Kroasia ora nyathet wong Sokci minangka narodnost kang sèjè (2001).[1] Miturut sènsus taun 2011 ing Serbia, 607 wong mbiwarakaké dhiriné minangka wong Šokci.[3] Ing sanjabané Slavonia lan Syrmia, wong-wong iki manggon ana pamukiman Bački Monoštor, Sonta, Sombor, Bački Breg ing Bačka, Sèrbi, lan Hercegszántó ing Honggari.
Asalé
besutAsalé wong Sokci iki ora patia cetha.
- Pianggep umum saka para sujana modhèren, adhèdhasar etimologi, wong Sokci iku wong Katulik kang ngalih saka Kidul, nyabrangi Kali Sava saka Bosnia, ing pungkasaning yuda Ottoman ing Éropa, bebarengan karo para wadyabala Ottoman mundhur saka palagan.[4] Wong Šokci ing Baranja iku dianggep teturuné pandhudhuk saka migrasi masal wong Kroasia saka sawijining laladan sachedaké Srebrenica, Bosnia menyang wewengkon kana sawisé para Ottoman mundur ing abad angka 18.[5] Masiya ora kaweruhan kapan pesthiné manggon ing kana, wong Sokci ingaran wong bumining Kroasia ing Slavonia lan Vojvodina, kang mbedakaké wong-wong iki saka mayoritas cacah jiwa wewengkon mau ing wektu saiki kang asalé saka pandhudhuk sabanjuré.[verification needed] Prasa minangka wong bumining sawijining wewengkon iku salah sawijining bab kang wigati ing titikané cacah jiwa tinimbang prasa minangka wong mukim.[4]
Gréja Ortodoks Sèrbi duk nguni nganggep wong-wong kuwi minangka "wong Sérbia kang agamané Katulik Roma".[6]
Agama
besutWong Sokci iku umaté Gréja Katulik Roma lan nglakokaké Tata ngibadah Latin.
Basa
besutWong Sokci nuturaké basa Shtokavian-kuna kanthi sub-dhialèk Slavonia kang milulu dicaturaké déning wong Sokci lan caket gegandhèngané karo dhialèk Bunjevac. Dhialèk Slavonia iku minangka campuraning logat Ikavian lan Ekavian: Ikavian iku akèh-akèhé dicaturaké ana ing Posavina, Baranja, Bačka lan ing sub-dhialèk Slavonian ing énklaf Derventa; déné Ekavian ing Podravina. Ana uga énklaf saka salah siji logat ing wewengkon liyané, sarta uga campuraning logat Ekavian–Ikavian lan Jekavian–Ikavian. Ing sawenèh désa ing Honggari, uni yat ing basa Slavic [clarification needed] dilestarèkaké
Budaya
besutMusik
besutBab kang paling kondhang ing budaya wong Sokci ya iku musik tradhisionalé kang dimainké mawa piranti tambura. Akèh band tambura kang dadi kondhang ing saindengé Kroasia. Piranti tambura iku asalé digawé saka kayu wit mapel, poplar, utawa prem, déné ing wektu iki, digawé saka kayu wit seprus utawa fir. Piranti liya kang digunakaké biyèn ya iku pipa kanthong. Karamèan ningkahan tradhisional iku dadi kang paling digatèkaké, kala-kala uga akèh narik kawigatèn wong sak désa.
Galèri
besut-
Gudhang angguré Šokac ing Draž, Kroasia
-
Gréja Katulik ing désa Šokac ing Bački Monoštor, Sèrbi
-
Gréja Katulik ing désa Šokac ing Bački Breg, Serbia
Rujukan
besut- ↑ a b "Croatian 2001 census, detailed classification by nationality". Diarsip saka sing asli ing 2019-12-18. Dibukak ing 2016-08-30.
- ↑ Ljubica Gligorević (2004).
- ↑ Попис становништва, домаћинстава и станова 2011.
- ↑ a b Pšihistal, 2011, pp. 86–88
- ↑ Hadžihusejnović-Valašek, 1993, p. 182
- ↑ Srpska pravoslavna mitropolija karlovačka: po podacima od 1905.
Sumber
besut- Ante Sekulić (1989). Bački Bunjevci i Šokci. Školska knj. ISBN 978-86-03-99172-7.
- Ivan Ivanić (1899). Bunjevci i Šokci u Bačkoj, Baranji i Lici. Dr. Dimitrijević.
- Ružica Pšihistal; Faculty of Philosophy, University of Josip Juraj Strossmayer in Osijek (June 2011). "The Ethnomyth of Šokci". Narodna umjetnost: Croatian Journal of Ethnology and Folklore Research. Zagreb, Croatia: Institute of Ethonology and Folklore Research. 48 (1). ISSN 0547-2504. Retrieved 2012-02-14. CS1 maint: Multiple names: authors list (link)
- Hadžihusejnović-Valašek, Miroslava (March 1993). "Baranja je "tvrd orah". Analiza istraživanja i popularizacije tradicijske baranjske folklorne glazbe" [Baranja is "tough nut". Records and popularisation analysis of traditional Baranja folk music] (PDF). Studia ethnologica Croatica (in Croatian). Department of Ethnology and Cultural Anthropology, Faculty of Humanities and Social Sciences, University of Zagreb. 4 (1). ISSN 1330-3627. Retrieved 2012-02-12.
- John Van Antwerp Fine (2006). When ethnicity did not matter in the Balkans: a study of identity in pre-nationalist Croatia, Dalmatia, and Slavonia in the medieval and early-modern periods. University of Michigan Press. ISBN 978-0-472-11414-6.
- (Serbian) Mile Nedeljković: Leksikon naroda sveta, Beograd, 2001.
- (Croatian) Tko su Šokci? Archived 2007-07-12 at the Wayback Machine. (Who are the Šokci?) Archived 2007-07-12 at the Wayback Machine.
- (Croatian) O porijeklu Šokaca, iz knjige "Zagrebačka Šokadija" (On the origin of Šokci, from the book "Šokadija of Zagreb")
- (Serbian) "KOLIKO SE POZNAJEMO?" - brochure of the Vojvodina project "AFIRMACIJA MULTIKULTURALIZMA I TOLERANCIJE U VOJVODINI" Archived 2010-08-26 at the Wayback Machine.