Sèrbi utawa resminé Républik Sèrbi (Serbiyan: Република Србија utawa Républika Srbija) yaiku nagara républik ing kidul-wétan lan tengah Éropa. Serbiya wewatesan karo nagara Honggari ing sisih lor; Rumeni lan Bulgari ing sisih wétan; Républik Makedonia lan Albania ing sisih kidul; lan Gununghireng, Kroasia, lan Bosnia-Hercegovina ing sisih kulon.

Република Србија
Républika Srbija
Gendéraning Serbia
Gendéra
Aditamènging Serbia
Aditamèng
Motto: Само слога Србина спасава
Gunagita: Bože pravde
Dunungpenering Serbia
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Beograd
JawatbasaSerbia1
PapréntahanRépublik
Aleksandar Vučić
Miloš Vučević
Kamardikan
• Banyu (%)
n/a
Population
• Pikira-kira 2017
7.040.272 (104)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2010
• Gunggung
US$79,94 milyar[1] (75)
• Saben wong
US$10.830 (74)
ArtacihnaDinar Serbia
uga euro ing Kosovo (ALL)
Laladan wektuUTC+1
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+2
Kodhé bèl381
TLD internèt.rs ; .srb
1 Ing Vojvodina, basa-basa iki dadi basa resmi: Romania, Rusyn, Honggari, Slovak lan Kroasia.

Asal mulané nagara Serbia wiwit saka pratengahan abad kaping 9. Karajan Serbiya muncul ing abad kaping 11, lan ana ing abad kaping 13 owah dadi Kakaisaran Serbiya. Sawisé taun 1918, Serbiya minangka anggota perintis Yugoslawiya kanthi warna-warna jinis (Kraton Yugoslawiya, Républik Federal Sosialis Yugoslawiya lan Républik Federal Yugoslawiya).

Ana ing tanggal 21 Mèi 2006, rakyat Gununghireng nganakaké Referendum kanggo Kamardikan Gununghireng lan cacah 55,5 persèn milih Gununghireng mardhika. Sabanjuré nagara Uni iku pisah manèh dadi nagara Républik Serbiya lan Républik Gununghireng.

Tanggal 17 Fèbruari 2008 Kosowo proklamasi kamardikan saka Sèrbi, lan tanggal 18 Fèbruari 2008 diakoni déning 17 nagara.[2][3][4]

Geyografi

besut

Sèrbi dumunung ing Éropa, yaiku ing ujung Balkan lan ing Dhataran Pannonian. Nagara iki pernahé dadi simpang dalan antarané Éropa Tengah, Éropa Kidul lan Éropa Wétan. Kali Danube (2850 km) mili ngliwati nagara iki ing sisih lor, dawané watara 588 km lan dadi tapel wates karo nagara Kroasia lan sapérangan saka Romania, sadawané Dhataran Wallachian ing sisih wétan. Kali Sava minangka tapel wates sisih kidul karo Provinsi Vojvodina, mili tumuju Kali Danube ing kutha Beograd, lan ngliwati pabukitan Fruška Gora ing sisih kulon. Suwidak kilomèter sisih lor-wétané Beograd, kali Tisa mili tumuju menyang kali Danube, sawisé mili adohé 1350 km saka Ukraina, lan kali Kali Timiş (60 km/350 km), kang sabagéan bisa dilayari, mili uga menyang kali Danube ing Pančevo. Kali Begej (254 km) mili tumuju menyang kali Tisa ing cedhak Titel. Kabèh saka lima kali mau bisa dilayari, ngubungaké nagara iki karo Éropa Lor lan Éropa Wétan (liwat rute Rhine-Main-Danube CanalSagara Lor), menyang Éropa Wétan (liwat rute Kali Tisa–, Timiş–, Kali Begej – lan Danube – Sagara Ireng) lan menyang Éropa Kidul (liwat Kali Sava).

Tapel wates sisih wétan wujud Pagunungan Carpathian, kang mujur ing Éropa Tengah. Pagunungan Carpathian ketemu Pagunungan Balkan, sadawaning ilèn Kali Velika Morava, kali kang dawané 500 km (sabagéan bisa dilayari). Pucuk Midžor minangka pucuk gunung paling dhuwur ing tlatah Serbiya Wétan, yaiku dhuwuré 2156 m. Ing kidul-wétan, Pagunungan Balkan ketemu karo Pagunungan Rhodope, ngubungaké nagara iki karo nagara Yunani.

Gunung Šar ing Kosowo dadi tapel wates karo nagara Albania, kanthi siji pucuk yaiku Djeravica (2656 m). Alpen Dinaric ing Serbiya mujur sadawané ilèn Kali Drina (350 km bisa dilayari kapal cilik) adhep-adhepan karo pucuk Dinaric ing sebrangé pasisir ing Bosnia-Herzegovina.

Taman Nasional

besut

Serbiya duwé 5 taman nasional:

Papréntahan lan pulitik

besut

Présidhèn Serbiya saiki yaiku Boris Tadić, pamimpin parté Dhémokrat Serbiya (DS). Boris Tadić menangaké 53% swara ing puteran kapindho sajeroning pilihan umum tanggal 27 Juni 2004. Serbiya nganakaké referendum ing tanggal 28-29 Oktober 2006 kanggo ratifikasi konstitusi anyar paska Milošević. Tanggal 8 Mèi 2007, Tomislav Nikolić kapilih dadi Ketua Parlemèn Serbiya.[5] Sawisé négosisasi ing menit-menit pungkasan atara parté Dhémokrat Serbiya lan parté DSS wusanané disetujoni papréntahan anyar ing tanggal 11 Mèi 2007 antara DS, DSS lan G17 Plus.[6] Bab iki ndadèkaké munduré Nikolić rong dina sawisé iku ing tanggal 13 Mèi 2007. Nikolic digantèkaké déning Oliver Dulić.

Pamérangan administratif

besut

Serbiya dipérang dadi 29 dhitrik lan siji kutha yaiku Beograd. Dhistrik lan kutha mau banjur dipérang manèh sajeroning sawatara munisipal. Serbiya nduwé siji provinsi otonom yaiku Vojvodina (7 dhistrik, 46 munisipal). Sadurungé mardika Kosowo uga wujud provinsi otonom ing Serbiya. Pérangan sing dumunung antarané provinsi Vojvodina dan tilas provinsi Kosowo mau sing diarani Serbiya tengah. Serbiya tengah iku dudu sawijining laladan administratif lan ora duwé papréntahan dhéwé. Sajeroning Basa Inggris tlatah iki dijuluki Serbiya proper kanggo nuduhaké "péranganing Républik Serbiya sing ora kalebu provinsi otonom kaya mau sajeroning Kapustakan Konggrès Amérika Sarékat.[7] Jejuluk iki uga dipigunakaké ing Basa Serbo-Kroasia ing jamané Yugoslawiya (kanthi istilah "uža Srbija", sing tegesé: "Serbiya ciut").

Dhémografi

besut
 
Peta ètnik ing Serbiya miturut sènsus taun 2002
Statistik Populasi Serbiya (Mèi 2005)
Serbia (ora kalebu Kosowo) ing 2002
Sèrbiyan
  
82.86%
Honggariyan
  
3.91%
Bosniakan
  
1.82%
Ruman
  
1.44%
Yugoslawan
  
1.08%
liya-liya
  
9.79%


Padunung Serbiya mayoritas saka suku Serbiya (Serbiyan). Golongan minoritas kang wigati antarané: Albaniyan (mayoritas ing Kosowo), Hungariyan, Bosniakan, Ruman, Kroasiyan, Ceskan lan Slowakan, Gununghirengan, Makedoniyan, Bulgariyan, Rumaniyan, lsp. Loro prowinsi yaiku Wojwodina lan Kosowo, kanthi suku lan agama pancèn béda.

Miturut sensus resmi pungkasan[8] data taun 2002, komposisi suku Serbiya:

  • Total: 7,498,001
    • Suku Serbiyan: 6,212,844 (82.86%)
    • Suku Hungariyan: 293,172 (3.91%)
    • Suku Bosniyan: 136,464 (1.82%)
    • Suku Ruman: 107,971 (1.44%)
    • Suku Yugoslawiyan: 80,978 (1.08%)
    • Liya (kurang saka 1%): 666,572 (8.89%)

Kutha wigati

besut
 
Beograd, ibi kutha Serbiya

Kutha wigati (sing ndunungi punjul 50,000 jiwa ing laladan kutha) — data sensus taun 2002 (data taun 2005/2006 kanggo Nowi Sad/Belgrad[9]).

Kutha Populasi
Urban Metropolitan
Bélgrad 1,304,219 1,689,667
Nowi Sad 255,071 333,895
Nis 236,722 252,131
Kraguyewac 147,473 211,580
Subotitsa 99,471 147,758
Jrenyanin 79,545 131,509
Leskowac 78,030 156,252
Smédéréwo 77,808 109,867
Pancéwo 77,087 127,162
Krušéwac 75,256 131,368
Cacak 73,217 117,012
Ujitsé 63,577 83,022
Walyéwo 61,035 96,761
Kralyéwo 57,411 121,707
Sabac 55,240 122,893
Weranyé 55,052 87,288
Nowi Pasar 54,604 85,249
Sombor 51,471 97,263

Agama

besut
Serbiya (ora kalebu Kosowo) ing taun 2002
agama persèn
Ortodoksi Wetanan
  
84.1%
Katulik Roma
  
6.24%
Islam
  
4.82%
Krésten Protèstan
  
1.44%

Ma'abad-abad tlatah Serbiya dadi tapel wates agama anatara Ortodok lan Katulik Roma, banjur mlebuné agama Islam, Serbiya dadi nagara kang dumadi saka manéka warna penganut agama ing bawana Éropa.

 
Studenica monastery

Komunitas Islam

besut

Kaum muslim ing Serbiya dumadi saka sawatara komunitas yaiku:

  • "Komunitas Islam Serbiya" (Islamska zajednica Srbije), kanthi kapanggonan ing Belgrad, kanthi administratif dipanggedhèni déning (Mufti Ageng) Adem Jilkic.
  • "Komunitas Islam ing Serbiya" (Islamska zajednica u Srbiji), kanthi kalungguhan ing Nowi Pasar, kanthi administratif dipanggedhèni déning mufti Muamer ef. Zukorlić, nyakup sawatara organisasi yaiku:
    • Komunitas Islaming Sandiyak (Islamska zajednica Sandžaka), kanthi kalungguhan ing Nowi Pasar, dipanggedhèni déning mufti Muamer Zukorlić.
    • Komunitas Islam ing Woywodina (Islamska zajednica Vojvodine), kanthi kalungguhan ing Nowi Sad, dipanggedhèni dénig mufti Fadil Murati.
    • Komunitas Islam ing Lembah Presewo (Islamska zajednica Preševske Doline), kanthi kalungguhan ing Presewo.
    • Komunitas Islam ing Serbiya Pusat (Islamska zajednica Centralne Srbije), kanthi kalungguhan ing Beograd.
 
Masjid ing Belgrad

Deleng uga

besut

Réferènsi

besut
  1. "International Monetary Fund, World Economic Outlook Database, April 2011: Nominal GDP list of countries. Data for the year 2010". Imf.org. 14. 9. 2006. Dibukak ing 25. 1. 2013.. {{cite web}}: Check date values in: |accessdate= and |date= (pitulung)
  2. US Secretary of State Condoleezza Rice (2008-02-18). "U.S. Recognizes Kosovo as Independent State". U.S. Department of State. Diarsip saka asliné ing 2008-02-19. Dibukak ing 2008-02-18.
  3. "Britain, France recognise Kosovo". Associated Press. 2008-02-18. Diarsip saka sing asli ing 2008-02-26. Dibukak ing 2008-02-18.
  4. Castle, Stephen (2008-02-18). "Kosovo is Recognised by U.S., France and Britain". Dibukak ing 2008-02-18.
  5. Nick Hawton (8 Mèi 2007). "Political uncertainty stalks Serbia" . BBC News.
  6. "Tadić, Koštunica reach cabinet deal" . B92. 11 Mèi 2007. Diarsip saka sing asli ing 2008-05-05.
  7. Library of Congress. "Glossary--Yugoslavia" .
  8. "Statistical office of the Republic of Serbia" .
  9. "Beograd u brojkama" (PDF) . City of Belgrade Institute for Informatics and Statistics. 2006. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2008-02-16.

Pranala njaba

besut

Pamaréntah

besut

(In alphabetical order of domain name.)

besut


Geographic locale
International organizations

Cithakan:Dewan Éropa Cithakan:Uni Éropa Cithakan:CEFTA Cithakan:Black Sea Economic Cooperation countries