Éropa Wétan kanthi géografis ya iku tlatah ing pérangan wétan bawana Éropa. Lumrahé kawasan iki dumunung antarané pagunungan Ural lan Kaukasus sarta tapel wates Ruslan kulon, utawa kanthi alternatif uga nyakup nagara-nagara kang cedhak karo tapel wates Ruslan kulon. Kayadéné bawana, siji wewengkon mung wujud konstruksi sosial saéngga aja dipadhakaké karo aspèk fisik kang dhedhasar kriteria abstrak lan nétral.

Éropa Wétan

Sajarah besut

Frase iki dipigunakaké ing nagara-nagara Kulon kanggo nglompokaké kabèh nagara Éropa kang mauné minangka rezim kuminis kang dijuluki Blok Wétan. Konsep Éropa Wétan diperkuat kanthi dominasi ideologi Kuminisme lan mligi Uni Soviet sawisé Perang Donya II. Gagasan siji "Tirai Wesi" kang misahaké Éropa Kulon lan Wétan minangka pandhangan umum ing sajeroning mangsa Perang Dingin iki munculaké wwerna-warna masalah awit konsèp iki gagal kanggo nyakup komplèksé tlatah iki. Contoné, nagara kuminis kaya Yugoslavia lan Albania nulak dikuwasani déning Moskwa, nanging bab iki ora digatèkaké déning wong kalangan Kulon.

Sabanjuré, pandhangan yèn Éropa mung dipérang dadi Kulon lan Wétan diyakini pejoratif déning kang ndunungi praja wétan Éropa, mligi wiwit runtuhé Tembok Berlin lan Kuminisme ing Éropa. Padunung praja wétan Éropa ora nganggep mèlu tlatah Éropa Wétan, nanging luwih seneng ing grup-grup liya, ya iku Éropa Tengah, lan Skandinavia (ing Éropa Wétan), utawa karo Éropa Kidul. Perlu dicathet yèn praja wan kang ora tau nganut ideologi kuminis, kaya déné Finlan ing sisih lor lan Yunani ing kidul, ora tau dikategorèkaké minangka péranganing Éropa Wétan, déné sawatara nagara kang dumunung luwih adoh ing kulon nanging ana ing sangisoré prabawa kuminis kalebu pérangan Éropa Wétan.

Mula bukané frase "Éropa Wétan" wiwit muncul ing pungkasan iki. Mataun-taun Éropa kapérang dadi poros Lor-Kidul, kanthi praja-praja kidul Mediterania kang duwé akèh kamèmperan, lan sisih lor Samodra Atlantik lan Sagara Baltik uga duwé kamèmperan. Frase "Éropa Wétan" pisanan muncul ing abad kaping-18 lan ke-19, lan dipigunakaké kanggo nggolongaké aréa kang luwih kèri ékonominé saka kabèh Éropa. Kawasan iki didelelng minangka laladan kang ana ing sangisoré kakuwasan papréntahan otokratik. Dhéfinisi iki ora cetha, lan akèh nagara kang ora kalebu kriteria pandhangan stereotipikal iki.

Éropa Wétan duwé gegayutan karo wétan lan kulon. Nalika kabèh nagara diprabawai kuwat déning agama Katulik utawa Protèstan lan duwé gegayutan sajarah lan budaya raket karo Jerman, Italia, Prancis utawa Skandinavia (umpamané Liga Hanseatik ing Baltik), akèh nagara kang duwé gegayutan karo blok Wétan. Ruslan dikuwasani déning bangsa Mongol maabad-abad suwéné saéngga konvensi pulitik lan sosialé mèmper karo Ruslan. Luwih adoh ing pérangan kidul ana Karajan Ottoman lan Islam kang duwé prabawa kuwat. Nagara-nagara Balkan sarta Honggari lan Rumania biyèné tau dikuwasani déning bangsa Turki.

Éropa Wétan besut

 
Nagara-nagara di Éropa Wétan, pre_1989

Nagara-nagara yang digolongkan sebagai Éropa Wétan semuanya tilas pecahan Uni Soviet:

Éropa Kidul-wétan/Ujung Balkan besut

Dhéfinisi iki dijembaraké kanggo nyakup nagara-nagara tilas ilèn kuminis ing ngisor iki:

Saliyané iku ana uga Yunani lan pérangan Éropa Turki nanging ora duwé paham kuminis.

Éropa Tengah besut

Nagara-nagara Éropa Tengah tilas paham kuminis kadhangkala nyakup:

Sadurungé Reunifikasi Jerman, Jerman Wétan kerep digolongak minangka salah siji nagara Éropa Wétan.

Uga delengen besut

Pranala njaba besut