Émile Durkheim

David Émile Durkheim (lair 15 April 1858 – pati 15 Novèmber 1917 ing umur 59 taun) dipunkenal minangka salah satunggaling pencetus sosiologi modhèren. Piyambakipun ndhirikaken fakultas sosiologi pisanan ing siji universitas Éropah taun 1895, lan nerbitaken salah satunggaling jurnal kapisanan ingkang dipunabdikaken dhateng ngèlmu sosial, L'Année Sociologique wonten ing taun 1896.

Émile Durkheim
Lair(1858-04-15)15 April 1858
Épinal, France
PatiNovèmber 15, 1917(1917-11-15) (umur 59)
Paris, France
BangsaFrench
Warga nagaraFrench
Kondhang ingInstitutionalizing Sociology
Karièr ngèlmiah
BabaganPhilosophy, Sociology, Anthropology, Religious Studies
InstitutionsUniversité de Bordeaux, La Sorbonne
MrabawaniImmanuel Kant, Rene Descartes, Plato, Herbert Spencer, Aristotle, Montesquieu, Jean-Jacques Rousseau, William James, John Dewey, Charles Sanders Peirce, Auguste Comte, Fustel de Coulanges
KaprabawanMarcel Mauss, Claude Lévi-Strauss, Talcott Parsons, Maurice Halbwachs, Pierre Bourdieu, Charles Taylor (philosopher), Henri Bergson, Emmanuel Levinas, Steven Lukes, Alfred Radcliffe-Brown, E. E. Evans-Pritchard, Paul Fauconnet, Robert Bellah, Lucien Lévy-Brühl, Ziya Gökalp, David Bloor, Randall Collins

Biografi

besut

Durkheim miyos wonten ing Épinal, Prancis, ingkang dumunung wonten ing Lorraine. Piyambakipun ugi asal saking kulawarga Yahudi Perancis ingkang salèh - bapak lan simbah kakukngipun minangka Rabi. Gesangipun Durkheim piyambak boten sékular. Malahan kathah saking karyanipun katujokaken kanggé maringi bukti bilih fenomena keagamaan asalipun saking faktor-faktor sosial lan sanès ilahi. Nanging makaten, latar belakang Yahudinipun mbentuk sosiologinipun - kathah mahasiswa lan kanca kerjanipun inggih sasami Yahudi, lan asring taksih wonten gayutan getih (sadhèrèk) kalih piyambakipun.[1]

Durkheim minangka mahasiswa ingkang rikat mateng. Piyambakipu mlebet dhateng École Normale Supérieure taun 1879. Angkatanipun inggih punika salah satunggaling ingkang paling cemerlang ing abad kaping 19 lan kathah kanca satunggal kelasipun, kados Jean Jaurès lan Henri Bergson lajeng dados tokoh ageng wonten ing pagesangan intelektual Prancis. Wonten ing ENS Durkheim sinau wonten ing ngandhap Fustel de Coulanges, satunggaling nimpuna ngèlmu klasik, ingkang gadhah pamanggih ilmiah sosial. Wonten ing wekdal ingkang sami, piyambakipun maos karya-karya Auguste Comte lan Herbert Spencer. Dados, Durkheim remen kaliyan pendekatan ilmiah tumrap masarakat wiwit awal karièripun. Punika minangka konflik pisanan saking kathah konflik sanèsipun kaliyan sistem akademik Prancis, ingkang boten gadhah kurikulum ngèlmu sosial nalika samanten. Durkheim rumaos ngèlmu-ngèlmu kamanungsan boten ngregeti. Piyambakipun lulus kanthi peringkat angka 2 saking wingking ing angkatanipun nalika piyambakipun nglampahi ujian agrégation – syarat kanggé posisi ngajar ing pengajaran umum – ing ngèlmu filsafat taun 1882.[2]

Minat Durkheim babagan fenomena sosial ugi kasurung déning pulitik. Kawonipun Prancis ing Perang Prancis-Prusia sampun maringi gebugan dhateng papréntahan republikan ingkang sekular. Kathah tiyang nganggep pendekatan Katolik, lan sanget nasionalistik minangka margi kanggé nggesangaken malih kakuwasan Prancis ingkang mudhar ing daratan Éropah. Durkheim, satunggaling tiyang Yahudi lan sosialis, wonten ing posisi minoritas kanthi pulitik, siji kaanan ingkang ngobong piyambakipun kanthi pulitik. Prastawa Dreyfus taun 1894 namung ngiyataken sikapipun minangka satunggaling tiyang aktivis.

Cathetan suku

besut

Pranala njaba

besut

Cithakan:Filsafat Pulitik dan Sosial