Abu Ma'shar al-Balkhi
Abū Maʿshar, Jaʿfar ibn Muḥammad al-Balkhī (ingkang ugi dipunsebat al-Falakī utawi Ibn Balkhī, saking basa Latin minangka Albumasar, Albusar, utawi Albuxar) inggih punika satunggaling astronom Islam saking Pèrsi ingkang miyos ing tanggal 10 Agustus 787 wonten ing Balkh, Khurasan lan séda ing tanggal 9 Maret 886 ing Wāsiṭ, Iraq).[2] Kajawi dados astronom, piyambakipun ugi dados peramal Islam, lan tokoh filsuf Islam, ingkang piyambakipun lajeng dados peramal ageng ing jamanipun Abbasid ing Baghdad.[1] Piyambakipun inggih sanès minangka pelopor, inovator ingkang utami lan ugi sanès minangka peramal ingkang gadhah intelektual ingkang saé sanget, nanging pyambakipun inggih ugi minangka satunggaling pujangga ingkang sampun kathah nyerat pitedah praktis ngengingi bab astrologi ingkang sampun paring pangaribawa wonten ing sujarah intelektual Muslim lan kanthi asiling terjemahanipun saged ngantos Éropah lan Byzantium.[2]
Jeneng pepak | Abū Maʿshar, Jaʿfar ibn Muḥammad al-Balkhī |
---|---|
Lair | c. 787 Balkh, Khurasan |
Pati | c. 886 Wāsiṭ, Iraq |
Éra | Islamic Golden Age |
Wilayah | Balkh, Baghdad |
Kawigatèn utama | Astrology, Astronomy |
Mrabawani marang
|
Astrologi lan Filosofi alam
besutRichard Lemy paring pamanggih bilih asiling seratan-seratanipun Albumasar sumber aslinipun inggih paling wigati sanget kanggé bahan kajian saking asiling téyorinipun Aristoteles kanggée para sarjana Éropah, sakedhik-sakedhik dipunwiwiti sadèrèngipun tengahing abad kaping kalih welas.[3] Boten ngantos ngentosi pungkasaning abad kaping kalih welas, bilih buku-buku aslinipun saking Aristoteles ingkang ngengingi bab alam wiwit sampun wonten ingkang dipunalih aksarakaken wonten ing basa Latin. Déné karya-karyanipun Aristoteles ing bab logika sampun kathah dipunmangertosi saderengipun, lan déning msarakat umum Aristotels sampun dipunakeni dados "mster logika". Nanging ing salebeting abad kalih welas, Aristoteles dipunewahi gelaripun dados "master ingkang saged mangertos sedaya prakawis" lan mliginipun ing master filsafat alam. Prelu kauningan bilih karyanipun Albumasar (utawi Balkhi) ingkang dipunmaksud inggih punika satunggaling risalah ngengingi bab astrologi. Déné irah-irahanipun ing basa Latin inggih punika "Introductorium in Astronomiam", ingkang punika asiling pertalan saking basa Arab kanthi irah-irahann"Kitab al mudkhal al kabir ila 'ilm ahkam an nujjum", ingkang dipunserat ing Baghdad ing taun 848 A.D. Seratan punika lajeng dipunalih aksarakaken ing basa Latin déning John of Seville ing taun 1133 lan sapisan malih, kirang barès lan ringkes dhedhasar Herman of Carinthia ing taun 1140 AD Amir Khusrav ingkang nyebataken Abu Ma'shar dhateng ing Benaras (Varanasi) lan nyinau bab astronomi ing mrika ingkang dangunipun sedasa taun.
Karya-karyanipun
besutTuladha asiling karyanipun Abu Ma'shar al-Balkhi ing antawisipun inggih kados makaten:
- Kitāb al‐mudkhal al‐kabīr, ingkang punika satunggaling buku ingkang nepangaken bab astrologi ingkang nampi kathah pertalan ing basa Latin lan Yunani ingkang dipunwiwiti wiwit abad kaping sewelas.[4] Buku punika gadhah pangaribawa dhateng para filsuf kulon nan kados ta Albert the Great.[1]
- Kitāb mukhtaṣar al‐mudkhal, ingkang sampun dipunalih aksarakaken déning Adelard of Bath.[1]
- Kitāb al‐milal wa‐ʾl‐duwal (buku bab agami lan dinasti)
- Fī dhikr ma tadullu ʿalayhi al‐ashkhāṣ al‐ʿulwiyya (buku ingkang ngandharaken bab objek langit)
- Kitāb al‐dalālāt ʿalā al‐ittiṣālāt wa‐qirānāt al‐kawākib (buku ingkang ngandharaken bab gegayutan ing antawisipun planit satunggal lan sanèsipun).
- Kitāb al‐ulūf
- Kitāb taḥāwil sinī al‐mawālīd (buku bab revolusi taunan ingkang dipunalih aksarakaken ing basa Yunani ing taun 1000 lan saking asiling pertalan dhateng basa Latin ing abad tiga welas)
- Kitāb mawālīd al‐rijāl wa‐ʾl‐nisāʾ (buku ingkang ngandharaken bab tiyang jaler lan èstri)
- De magnis coniunctionibus, ed.-transl. K. Yamamoto, Ch. Burnett, Leiden, 2000, 2 vols. (Arabic & Latin text)
- De revolutionibus nativitatum, ed. D. Pingree, Leipzig, 1968 (Greek text)
- Liber florum Translated by James Herschel Holden in Five Medieval Astrologers (Tempe, Az.: A.F.A., Inc., 2008): 13-66.
- Introductorium maius, ed. R. Lemay, Napoli, 1995–1996, 9 vols. (Arabic text & two Latin translations)
- Ysagoga minor, ed.-transl. Ch. Burnett, K. Yamamoto, M. Yano, Leiden-New York, 1994 (Arabic & Latin text)
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d Yamamoto 2007.
- ↑ a b Pingree 1970.
- ↑ Richard Lemay, Abu Ma'shar and Latin Aristotelianism in the Twelfth Century, The Recovery of Aristotle's Natural Philosophy through Iranian Astrology, 1962.
- ↑ "Introduction to Astronomy, Containing the Eight Divided Books of Abu Ma'shar Abalachus". World Digital Library. 1506. Dibukak ing 2013-07-16.
- Pingree, David (1970). "Abū Ma'shar al-Balkhī, Ja'far ibn Muḥammad". Dictionary of Scientific Biography. Vol. 1. New York: Charles Scribner's Sons. kc. 32–39. ISBN 0-684-10114-9.
- Yamamoto, Keiji (2007). "Abū Maʿshar Jaʿfar ibn Muḥammad ibn ʿUmar al‐Balkhi". Ing Thomas Hockey; et al. (èd.). The Biographical Encyclopedia of Astronomers. New York: Springer. kc. 11. ISBN 978-0-387-31022-0.
{{cite encyclopedia}}
: Explicit use of et al. in:|editor=
(pitulung) (PDF version)