Astronom inggih punika satunggaling ahli astronomi utawi tiyang ingkang sinau babagan kaanan ing langit kados ta rembulan, planit, lintang-lintang, nebula saha galaksi, ugi kaanan fisik, kimia, lan évolusi saking saben objèk kasebat, saha nyinaoni bab fénoména ingkang kadadosan wonten ing sak njawining atmosfèr bumi (kados ta jeblugan supernova, kobongipun sinar gamma, lan kosmik ing sak wingkingipun radhiasi).

Tuladha satunggaling astronom

Miturut sujarahipun, astronomi inggih langkung lebet ndhudhah bab klasifikasi lan andharanipun saking féoména-fénoména ingkang kadadosan ing langit, kalebet astrofisik. Déné èlmu astrofisika piyambak nyobi kanggé ngandharaken fénoména lan pabédan ingkang kadadosan kanthi ngginakaken ukum-ukum fisika.

Astronom profésional inggih punika satunggaling tiyang ingkang sampun gadhah tingkat pendhidhikan ingkang inggil lan padatanipun gadhah sesebatan PhD wonten ing babagan fisika utawi astronomi lan dipunsuwun kanggé nyambut damel wonten ing satunggaling lembaga panalitèn utawi universitas.[1] Para astronom padatanipun nelasaken wekdalipun kanggé makarya wonten ing babagan panalitèn, sanajan piyambakipun langkung asring gadhah tugas sanèsipun kanggé mucal, ndamel instrumèn, utawi mbiyantu wonten ing oprasi satunggaling observatorium. Déné cacahipun astronom profésional wonten ing Amérika Sarékat ing kasunyatanipun namung wonten sakedhik. Wonten ing American Astronomical Society, ingkang minangka organisasi ingkang paling wigatos saking astronom profésional ing Amérika Lèr, inggih gadhah anggota kirang langkung 7.700 anggota. Cacahipun astronom punika ugi kalebet èlmuwan saking babagan sanèsipun kados ta fisika, géologi, lan engineering, ingkang panalitènipun gadhah gegayutan kaliyan babagan astronomi.[2] Déné anggota saking International Astronomical Union piyambak wonten kirang langkung 10.145 anggota saking 70 nagara ingkang bènten-bènten ingkang kalebet sesarengan kanggé nliti astronomi ing tingkat PhD lan saking njawi.[3]

Astronom Modhèrn

besut

Bènten kaliyan paningalan klasik saking astronom ingkang sampun sepuh ingkang anggènipun makarya sampun mesthi ningali bendha-bendha langit kanthi ngginakaken teleskop, kanthi ngliwati jam-jam dalu ingkang peteng kanggé ningali objèk ing langit, déné astronpm profésional ingkang sampun modhèren arang ngginakaken lensa mripat ingkang langkung ageng saking teleskop. Cara punika boten dipuntindakaken amargi padatanipun para astronom profésional modhèren punika langkung asring ngginakaken charge coupled device, inggih punika satunggaling kodhak kanggé ngrekam laladan objèk, panjangipun objèk, lan lebetipun objèk, saéngga gambar ingkang dipunasilaken saged langkung sènsitip kanggé dipundamel amargi cahyanipun saged dipuntambah teras saking wekdal satunggal tumuju wekdal sanèsipun. Sadèrèngipun wonten CCD, pelat fotografi inggih punika minangka salah satunggaling métodhe ummum kanggé ngamati objèk-objèk langit wau. Astronom modhèren namung nelasaken wekdal ingkang langkung sakedhik kanggé ngamati kanthi teleskop, inggih kirang langkung namung pinten-pinten peken saben taunipun kanggé ngamati objèk, lan ing tirahan wekdalipun para astronom ngirangi dhata (ngéwahi dhata saking dhata mentah gambar ingkang lajeng dipunprosès) lajeng nganalisis dhata mau.

Cathetan suku

besut
  1. "Frequently Asked Questions About Becoming an Astronomer". NOAO. Diarsip saka asliné ing 3 April 2009. Dibukak ing 29 Maret 2009.
  2. "American Astronomical Society Home". AAS. Diarsip saka asliné ing 2009-08-02. Dibukak ing 14 Agustus 2009.
  3. "About IAU". IAU. Dibukak ing 14 Agustus 2009.