Alas Udan Amazon utawi Alas Amazon, punika alas udan broadleaf lembab tropis ingkang nutupi paling agenging basin Amazin wonten ing Amerika Kidul. Basin punika nyakup 7,000,000 km2 (2,700,000 sq mi),[2] ingkang saking punika 5,500,000 km2 (2,100,000 sq mi) kaperang dening alas udan. Wewengkon punika kalebet wilayah ingkang dipundherekaken déning sanga negari lan 3,344 wilayah adat ingkang sampun resmi diakoni.

Alas Udan Amazon
Panampakan saking inggil alas hujan Amazon caket kutha Manaus
Widyabumi
Peta wilayah ekologi alas udan Amazon miturut pembabaran WWF ing warna ijo peteng[1] lan daerah wewengkon pangaliran Amazon ing warna ijo enom.
PernahBolivia, Brazil, Colombia, Ekuador, Guyana Prancis, Guyana, Peru, Suriname, lan Venezuela
Koordhinat3°S 60°W / 3°S 60°W / -3; -60
Amba5,500,000 km2 (2,100,000 sq mi)

Mayoritas alas punika, 60%, wonten ing Brasil, dipunsusul déning Peru kanthi 13%, Kolombia kanthi 10%, lan kanthi jumlah alit wonten ing Bolivia, Ekuador, Guyana Perancis, Guyana, Suriname, lan Venezuela. Patang negari gadhah "Amazonas" minangka asma salah satunggaling administrasi wilayah tingkat kapisan, lan Perancis ngginakaken asma "Guiana Amazonian Park" kanggé wilayah lindung alas udan ing Guyana Perancis. Amazon minangka luwih saking setengahing alas udan ing Bumi sing isih kari,[3] lan kalebet wilayah alas udan tropis tropis ingkang paling ageng lan paling biodiversitas ing donya, kanthi perkiraan wonten 390 milyar wit-witan individual ing kira-kira 16,000 spésies.[4]

Luwihipun 30 yuta tiyang saking 350 suku benten manggen wonten ing Amazon, ingkang dipunbagi dhumateng 9 sistem politik nasional benten lan 3,344 wilayah adat ingkang sampun resmi diakoni. Tiyang pribumi nyakup 9% saking total populasi, lan 60 kelompok isih kathah ingkang terasing.[5]

Pemotongan alas kanthi skala ageng lumampah wonten ing alas, nyiptakaken efek-efek mbebayani béda-béda. Rugi ékonomi amargi pemotongan alas wonten ing Brasil bisa jumbuh kaping pitu luwih dhuwur dibandhingaken kaliyan biaya kabéh komoditas ingkang dipunproduksi liwat pemotongan alas. Wonten ing taun 2023, Bank Donya medalaken laporan ingkang usulaken program ékonomi tanpa pemotongan alas wonten ing wilayah punika.[6][7]

Sitiran

besut
  1. "WWF - About the Amazon". Diarsip saka asliné ing Oktober 7, 2019. Dibukak ing Oktober 11, 2019.
  2. "Amazon River". britannica.com. Encyclopaedia Britannica.
  3. "WNF: Places: Amazon". Diarsip saka asliné ing April 13, 2020. Dibukak ing Juni 4, 2016.
  4. "Field Museum scientists estimate 16,000 tree species in the Amazon". Field Museum. Oktober 17, 2013. Diarsip saka asliné ing Dhésèmber 7, 2019. Dibukak ing Oktober 18, 2013.
  5. "Inside the Amazon". Diarsip saka asliné ing Oktober 7, 2019. Dibukak ing Novèmber 5, 2020.
  6. "World Bank: Brazil faces $317 billion in annual losses to Amazon deforestation". 8.9ha. World Bank. Dibukak ing Mèi 30, 2023.
  7. "A Balancing Act for Brazil's Amazonian States: An Economic Memorandum." Executive Summary booklet. The World Bank. 2023. Dibukak ing Mèi 30, 2023.