Artocarpus
Artocarpus | |
---|---|
Artocarpus altilis (sukun) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Moraceae |
Génus: | Artocarpus J.R.Forster lan G.Forster |
Spesies | |
|
Artocarpus iku jeneng marga tetuwuhan kanthi anggota watara 50 spésies wit, sing akèh antarané ngasilaké woh sing bisa dipangan, kaya ta nangka, cempedak lan sukun. Marga sing kagolong sajeroning suku Moraceae iki duwé wewengkon asal-usul saka Asia Kidul, Asia Kidul-Wétan, Papua lan Kapuloan Pasifik kidul.
Akèh-akèhé anggotané ya iku wit-wit kanthi kualitas kayu sing becik, sauntara sapérangan manèh wujud perdu. Lembar godhongé rada atos wujud kulit, mawa wulu-wulu alus mligi ing sisih ngisoré, variasi saka sing ukuran cilik lan pinggirané rata (contoné ing cempedak) nganti sing ukurané gedhé lan kapérang njero kaya ta ing sukun lan mentawa. Pucuk pang katutup sapasang godhong panumpu (stipulae) sing lancip. Kabèh pérangan, yèn ditanoni, ngetokaké tlutuh sing lengket lan putih kaya susu.
Artocarpus asifat monoesis (monoecious, omah siji) ing ngendi kembang lanang lan wadon ana ing sakwit. Kembang lanang uga wadon kasusun sajeroning bulir. Sawisé dibuahi, kembang wadon bakal tuwuh dadi woh majemuk (syncarp), cilik uga gedhé nganti gedhé banget (dawané tekan 90 cm ing woh nangka).
Ètimologi
besutJeneng 'Artocarpus' asalé saka basa Gerika artos sing tegesé roti lan karpos sing tegesé woh, mligi ngrujuk ing sukun sing ngasilaké woh tanpa wiji sarupa roti. Jeneng iki diwènèhaké déning Johann Reinhold Forster lan J. Georg Adam Forster, bapak lan anak ahli botani sing mèlu kapal HMS Resolution ing pelayaran James Cook sing kapindho.
Karagaman jinis
besutMarga Artocarpus wis dirévisi watara taun 1950an déning F.M Jarret (Smith dkk. 1992) lan miturut panjenengané kapérang saka rong anak marga, ya iku Artocarpus lan Pseudojaca. Awal taun 2000an marga iki wis dipriksani manèh déning N.C. Zerega.
Sapérangan conto anggota marga Artocarpus, antarané:
- Artocarpus altilis – sukun, timbul, kulur
- Artocarpus anisophyllus - mentawa
- Artocarpus elasticus – bandha, bendo
- Artocarpus heterophyllus – nangka
- Artocarpus integer - cempedak
- Artocarpus odoratissimus - terap
Bahan wacan
besut- Smith, N.J.H, J.T. Williams, D.L. Plucknett, and J.P. Talbot. 1992. Tropical Forest and Their Crops. Cornell Univ., Ithaca. ISBN 0-8014-8058-2.
- Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
- Zerega, Nyree Conrad - Dissertation Topic : Phylogeny of the génus Artocarpus (Moraceae), with a focus on the systematics, genetics, conservation, and biogeography of breadfruit
- Zerega, NJC and TJ Motley. 2001. Artocarpus (Moraceae) molecular phylogeny and the systematics and origins of breadfruit, Artocarpus altilis. Presented at the Botanical Society of America annual meeting, Albuquerque, NM, August 12 – 16, 2001.
- Possible subgenera of Artocarpus
Pranala njaba
besutJackfruit, Breadfruit and Relatives Archived 2009-01-18 at the Wayback Machine.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Artocarpus. |
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Artocarpus |