Basa Jawa kang baku

(Kaelih saka Basa Jawa Kang Baku)

Basa Jawa kang baku iku basa Jawa kang bisa ditampa lan dipahami déning sadhéngah warganing masarakat Jawa ing Ngayogyakarta, Surakarta, Madiun, Malang, Surabaya, lan sapituruté. Basa Jawa kang baku iku lumrahé dianggo ing swasana resmi, kayata ing pahargyan dhauping pangantènan, perepatan dhusun, khotbah ing masjid utawa gréja, layang ulem, lan sapanunggalané. Titikané basa baku iku, ing antarané cetha (gegayutan karo teges utawa maknané), winahya (gegayutan karo anasir parama sastrané), pas (gegayutan karo pamilihing tembung), lan lugas (ora mengku tembung-tembung éntar lan ora dawa-dawa).

Kudu cetha

besut

Basa baku iku kudu cetha teges utawa maknané. Liré, tembung utawa tetembungan kang dianggo kudu tembung-tembung kang tegesé cetha ora mangro. Tembung karo, umpamané, bisa mengku teges "lan", "lan uga", "marang", "tumrap marang", "tinimbang", "srana", "déning", "sinambi", "bebarengan anggoné nindakaké", lan sapituruté. Jalaran darbé teges utawa dasanama pirang-pirang, panganggoné tembung karo banjur sok nuwuhaké kléruning panyurasa.[1] Ukara Siti ora olèh mulih karo Suta, umpamané, bisa disurasa ya iku:

  1. Siti ora olèh mulih dèning Suta.
  2. Siti ora olèh mulih bebarengan Suta.

Tembung karo ing ukara iku bisa diarani mengku teges mangro, ora cetha, temah perlu disalini nganggo tembung kang luwih cetha supaya trep karo kang dikarepaké ing ukara mau. Conto ing ngisor iki bisa kanggo lelimbangan sawatara:

Maknané ora cetha Maknané luwih cetha
1. Ali karo Ahmad uga wedi. 1a. Ali marang Ahmad uga wedi.

1b. Ali lan Ahmad uga wedi (marang x).

2. Ali luwih dhuwur karo Ahmad. 2. Ali luwih dhuwur tinimbang Ahmad.
3. Butané mati karo Radèn Janaka. 3. Butané mati déning Radèn Janaka.

Titikan kang angka loro, anasiring paramasastra tumrap basa baku iku kudu winahya (diwedharaké lan dilairaké), ora kena dicelet.[2] Kanthi mangkono, ing basa baku iku tembung-tembung kang dianggo kudu diwedharaké wutuh (ora dicekak), ater-ater utawa panambangé (yèn ana) uga kudu dilairaké. Semono uga anasiring paramasastra ing tataran ukara, kaya ta jejer, wasésa, lésan, katerangan (yèn ana) kudu diwedharaké.[3] Contoné mangkené:

 
Kodhoké dipangan ula.
Ora baku Baku
1. Aku ra dé dhit. 1a. Aku ora duwé dhuwit.
2. Kodhoké pangan ula. 2a. Kodhoké dipangan ula.
3. Ali ing Jakarta wis suwé. 3a. Ali manggon (nyambut gawé, sekolah, utawa bebakulan) ing Jakarta wis suwé.

Tembung utawa tetembungan kang dianggo ing basa baku iku kudu dipilih kanthi tlesih amrih trep utawa pas karo leléwaning basané, laras karo swasanané. Tetembungan ahli waris, upamané, bisa dianggo nyebut keluwarga nalika sesorah ing upacara sripah, nanging ora laras yèn dianggo ing sesorah pahargyan dhauping pangantèn. Kajaba iku, ing basa baku sebisa-bisa aja nganti ketrocoban (kecampuran) tembung-tembung kang mung kaprah dianggo déning masarakat tertamtu inyong "aku", brug "kreteg", belih "ora", "beda", "seje", kaderan "apa iya/apa bener", upamané, kaprah dianggo déning masarakat Kabupatèn Tegal lan sakiwatengené, ananging mèh ora tau dianggo déning masarakat Jawa liyané. Tembung embyah "simbah", kisang, gedhang, kethowok-kethowok, krowok-krowok, blungki, tunggak pring, umpamané, kaprah dianggo déning masarakat Banyuwangi (Osing), ananging uga mèh ora dianggo dèning masarakat Jawa ing papan liya. Tembung-tembung enggon-enggonan kaya mangkono mau ing basa baku perlu disalini nganggo tembung-tembung kang umum.

Lugas

besut

Basa baku iku kudu asipat lugas. Kang dikarepaké lugas ing kéné, ya iku tembung-tembung kang dianggo dudu tembung-tembung éntar lan dhapukaning ukara ora dawa-dawa. Ananging, perlu disumurupi yèn tembung éntar iku satemené bisa dipérang dadi rong golongan, ya iku tembung éntar kang isih cetha teges éntaré lan wes dianggep tembung lumrah lan golongan tembung éntar kang bisa dianggo ing basa baku. Kagem lelimbangan sawatara bisa dipriksani ukara ing ngisor iki:

(1a) Kanggo nyumurupi sepira abot ènthèngé barang, kaya-kaya ora ana dalan liya kang prayoga diliwati kajaba mung nimbang barang mau.

(1b) Kanggo nyumurupi boboté barang, carané kudu nimbang barang mau.

(2a) Pak lurah, wong kang dadi pangarep utawa kepalaning désa, kang kagungan tanggung jawab tumrap maju munduring désa, kang ngasta pimpinan ing rapat, banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné kabèh wong kang nekani rapat wektu kuwi padha omong-omongan dhéwé-dhéwé ora nggatèkaké apa kang lagi dirembug ing rapat mau.

(2b) Pak lurah kang mimpin rapat mau banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné wong kang padha mèlu rapat.

Ukara 1b luwih ringkes katimbang ukara 1a lan ukara 2b luwih ringkes katimbang ukara 2a. Kajaba kuwi, ukara 1a mengku tembung éntar kang isih cetha teges éntaré, ya iku dalan kang prayoga diliwati minangka éntaré cara kang becik ditindakaké. Ukara-ukara kaya kang kasebut ing 1a lan 2a iku ora prayoga dianggo ing basa baku.[4]

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 160–161. ISBN 978-979-2100-51-8.
  2. Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. kc. 189–191.
  3. Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 1–2. ISBN 978-979-6729-91-3.
  4. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 28–31. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut