Dhialèk Semarangan
Basa Jawa Semarang utawa carabasa Semarang iku lumrahe ora béda karo carabasa ing tlatah Jawa liyané. Semarang kalebu tlatah pasisir Jawa sisih lor. Mula, ora béda karo carabasa ing tlatah Jogya, Sala, Bayalali lan Salatiga. Nanging anané tlatah Semarang kang baucampur (Ind = hetetogen) saka ing pasisir (Pekalongan/Weleri,Kudus/Demak/Purwadadi) lan saka tlatah sisih kudul/pagunungan mujudaké carabasa kang nganggo basa ngoko, ngoko andhap lan madya ing Semarang ana ing jaman saiki.
Tembung :
- "Ya ora.." ana ing carabasa Semarang dadi "Ya orak ta".
- "Orak ta" wis dadi carabasa sabendinané para wadya Semarang.
- "Iku uga " ana ing carabasa Semarang dadi "Iku barang" (tembung 'barang' kocap kanthi bindheng nganggo swara ha abot dadi 'bharhang')
Para piyantun Semarang uga seneng anggoné nyekak basa, umpamané :
- lampu abang ijo dadi "Bang-Jo"
- limang rupiah , dadi "mang-pi".
- kebon binatang , dadi "Bon-bin".
- satus , dadi nyatus lan sapunggalané, nanging ora kabèh tembung bisa dicekak, sebab gumantung marang pasarujuk lan kasenenganing para wadya Semarang dhéwé tembung endi sing dicekak.
Dadi umpamané "Taman lele" ora keno kacekak "Tam-lel"
uga Gedhung Batu ora kena dadi "Ge-bat" , umpamané.
Nanging ana uga ukara-ukara kang kacekak, umpamané;
- "Kae lho pak mu Nadri" tegesé "Kae lho pak lik mu saka Wanadri.."
- "Arep numpak Kijang kol" tegesé arep numpak omprèngan.
Jaman ndhisik tumpakan omprèngan lumrah nganggo mobil merêk "Colt", mau "kol" mula sawisé diganti "Toyota Kijang" dadi Kijang-kol, Apa tumon dadi "mercy-kol"...
Anané para warga utawa budaya kang baucampur saka Jawa, Cina, Arab, Pakistan, utawa Barata kang padha duwé watek tinarbuka sarta sumanak ing Semarang uga bakal nambahi tetembungan lan dhialèktik basa Semarang ing tembé mburi.
Nanging basa Jawa kang dipigunakaké tetep nganggo basa Jawa kang baku, padha karo ing tlatah Sala. Tegesé, upama priyayi Kudus, Pekalongan, Boyalali tindak ana ing kutha Semarang anggoné wawan rembag bakal tinemu gampang lan marikandha (Ind: komunikatif). Nanging, sing rada béda anggoné priyayi Semarang nggunakaké tembung "mèh." Tumrapé wong Semarang, antarané "mèh" karo "arep" ora ana bédané, loro-loroné nganggo tembung "mèh". Dadi yèn ing panggonan liya: "Aku arep lunga", ing Semarang: "Aku mèh lunga".
Tuladha liya:
Iwak = lawuh - "lawuhé apa?", ing Semarang: "iwaké apa?"
"Metu" bisa ditegesi "liwat" - "Mlebuné liwat ngendi?", ing Semarang "Mlebuné metu ngendi?"