Grebeg Besar Demak


Grebeg Besar Demak inggih punika perayaan ingkang dipun lampahaken sawarsa sapisan ing sasi Dzulhijjah déning masarakat Islam ing Masjid Agung Demak.[1] Bentuk kagiyatan wonten Grebeg Besar inggih punika ziarah dhateng pesaréyan para sultan ing Kasultanan Demak kaliyan pesaréyan Sunan Kalijaga. Ing dalu sadèrèngipun tanggal 10 Dzulhijjah, dipun wontenaken acara Tumpeng Sanga, kaliyan ing Kadilangu dipun wontenaken Slametan Ancakan. Énjing ing tanggal 10 Dzulhijjah, masarakat nindakaken shalat Idul Adha ing Masjid Agung Demak. Sasampunipun punika, dipun lampahaken ritual utami saking rangkéan kagiyatan Grebeg Besar Demak arupi jamasan pusaka ingkang dipun sebat kaliyan "ubarampé". Grebeg Besar Demak berfungsi dados upacara adat, hiburan, média komunikasi, panyawijen nilai sosial, kaliyan obyèk wisata.[2]

Kejawi kagiyatan ingkang dipun sebataken saderengipun, ing Grebeg Besar kadhang-kadhang dipun wontenaken rangkéan arak-arakan utawi iring-iringan saking pendhapa Kabupatèn Demak. Nanging, saleresipun arak-arakan punika sanès pérangan saking tradhisi kaliyan dipun lampahaken namung kangge ngramekaken utawi kawigatosan wisata.[3]

Asalipun Grebeg Besar besut

Grebeg Besar asalipun saking kalih tembung basa Jawi inggih punika Grebeg kaliyan Besar. Grebeg gadhah artos suwanten angin ingkang sumilir. Grebeg ugi angsal dipun artosaken dados pengiring utawi pakempalan. Déné tembung Besar inggih punika namaning sasi Dzulhijjah lebeting basa Jawi. Mila Grebeg Besar gadhah makna inggih punika pakempalan masarakat Islam ing sasi Dzulhijjah. Pakempalan punika dipun lampahaken ing Masjid Agung Demak.[4]

Lampahan besut

Grebeg Besar dipun wiwiti kanthi nglebeti plataran Mesjid Agung Demak, dipun ajengaken tumuju pasaréyan para sultan ing Kasultanan Demak kaliyan pasaréyanipun Sunan Kalijaga ing Demak. Para paziarah lajeng dipun sukakaken informasi bab tata cara ziarah dening juru panuntun kaliyan dipun suwun supados reresik utawi bersuci langkung rumiyin sadèrèngipun ziarah. Kagiyatan ziarah dipun wiwiti ing tanggal 1 Dzulhijjah sasampunipun salat Asar. Wonten ing dalu sadèrèngipun perayaan Idul Adha dipun wontenaken peken dalu.[5]

Rujukan besut

  1. Dinas Pariwisata Kabupaten Demak (2022-05-31). "Tradisi Grebeg Besar". Dinas Pariwisata Kabupaten Demak. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-03. Dibukak ing 2023-02-03.
  2. Setiyarini (2011). "Ritual Grebek Besar di Demak Kajian Makna, Fungsi dan Nilai". Jurnal PP. 1 (2): 168.
  3. Pribadi, Wahib (2022-07-14). "Arak-Arakan Grebeg Besar Hanya Kreasi". Radar Semarang. Dibukak ing 2023-02-02.
  4. Ahmad, Nur (2013). "Perayaan Grebeg Besar Demak sebagai Sarana Religi dalam Komunikasi Dakwah". At-Tabsyir. 1 (2): 8.
  5. Marwoto, Soetomo, S., Setioko, B., dan Musaddun (Oktober 2018). "'Ngalab Berkah' pada Ruang Ritual Tradisi dan Religi Masjid Agung Demak". Jurnal Arsitektur Zonasi. 1 (2): 92. doi:10.17509/jaz.v1i2.12394.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)