Tuduhaké menu pokok
Gurita
Polbo pulpo galicia.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Moluska
Klas: Cephalopoda
Subklas: Coleoidea
Superordho: Octopodiformes
Ordho: Octopoda
Leach, 1818
Familia

14 dalam dua subordo, lihat teks.

Octopus ornatus berry

Gurita utawa sotong kréta yaiku kéwan moluska saka kelas Kapalapada (sikil kéwan ana ing endhas), ordho Asthapada (Octopoda). Kéwan iki habitaté ya iku ing trumbu karang ing samodra.[1] Gurita iku ana 289 spésies (sapratelon saka total spésies kelas Kapalapada).[1] Gurita ing basa Inggris jenengé octopus. Tembung iki dijupuk saka basa Yunani: Ὀκτάπους, kang tegesé sikil wolu.[1]

PawakanBesut

Gurita duwé wolung lengen (dudu téntakel) karo piranti nyedhot kang wujud bunder-bunder nyengkuwung kang ana ing lengen kang obah ing dhasar segara lan nangkep mangsa.[2] Lengen gurita iku struktur hidrostat muskulèr kang mèh kabèh saka lapisan otot ora balungé.[1] Ora kaya kéwan Kapalapada liyané, akèh-akèh gurita saka subordho Incirrata duwé awak saka otot lan ora duwé balung njero. Gurita ora duwé thothok kang bisa nglindungi kaya déné Nautilus lan ora duwé thothok njero utawa balung kaya ta sotong lan nus.[2] Pérangan kang atos saka gurita ya iku cucuk kang digunakaké gawé uwang kanggo matèni mangsa lan nyokot dadi cilik-cilik.[2] Awaké kang lentur banget nggawé gurita bisa nyesepaké awak ing celah watu-watu kang ciyut ing dhasar segara, mligi nalika mlayu saka iwak pamangsa kaya welut laut pelus.[2] Gurita kang kurang dikenal wong ya iku saka subordho Cirrata kang duwé sirip loro lan thothok njero.[2] Gurita duwé umur kang rélatif singkat lan ana uga spésies kang mung urip nem wulan. Spèsiès kang luwih gedhé kaya ta gurita raseksa pasifik lor kang boboté tekan 40 kilogram bisa urip tekan limang taun ing kondhisi lingkungan kang cocog.[2]

KapinteranBesut

Gurita iku kéwan kang paling pinter dibandhingna invertebrata liyané. Kapinteran gurita asring gawé dhébat para ahli biyologi. Kasil pacoban nggolèk dalan ing njero reruwedan (labirin, maze) lan mecahaké prakara nuduhake yèn gurita duwé daya éling kang suwé lan sadhéla.[3][4] Nanging urip gurita kang sadhéla nggawé ngèlmu kang disinaoni saka gurita ora bisa akèh.[3] Gurita duwé sistem sarap kang komplèk. Rong pratelon saka sèl sarap ana ing tali sarap kang ana ing wolung lengené, lengen gurita bisa obah-obah rèflèk kang rumit.[4]

MumpangatBesut

Gurita asring dicekel digawé pakan, diingu ing akuwariyum dadi sepèsimèn tumrap dedelengan, utawa gawé kéwan ingon.[5]

KlasifikasiBesut

RujukanBesut

Pranala njabaBesut