Herman Johannes
Prof. Dr. Ir. Herman Johannes, asring uga diserat Herman Yohannes utawa Herman Yohanes (lair ing Pulo Rote, Nusa Tenggara Wétan, 28 Mèi 1912 – pati ing Ngayogyakarta, 17 Oktober 1992 ing umur 80 taun) ya iku cendekiawan, pulitikus, ilmuwan Indonésia, guru Gedhe Universitas Gadjah Mada (UGM), lan Pahlawan Nasional Indonésia. Panjenengané uga duwé jabatan dadi Rektor Universitas Gadjah Mada (1961-1966), Koordinator Perguruan Tinggi (Koperti) taun 1966-1979, anggota Dewan Pertimbangan Agung (DPA) RI (1968-1978), lan Menteri Pekerjaan Umum (1950-1951).[1][2]
Herman Johannes | |
---|---|
Mantri Pakerjaan Umum Républik Indonésia 7 | |
Linggih 6 September 1950 – 27 April 1951 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Sitompul |
Kang sawisé | Ukar Bratakusumah |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Rote, NTT, Hindia Nèderlan | 28 Mèi 1912
Pati | Oktober 17, 1992 Yogyakarta, Indonésia | (umur 80)
Bangsa | Indonésia |
Kauripan
besutSawisé Indonésia mardhika, Herman Johannes nerusaké pendhidhikan ing Sekolah Tinggi Tèknik ing Ngayogyakarta kang saiki jenengé dadi Fakultas Tèknik Universitas Gadjah Mada. Herman Johannes uga dadi wong kang ngadegaké Fakultas Tèknik UGM. Sawisé lulus saka kana, Herman Johannes nduwèni gelar insinyur. Nanging, gelar insinyur kuwi mau ora bisa ngalangi dhèwèké kanggo mèlu perang karo Walanda. Herman Johannes kalebu wong kang pinter gawé bom. Amarga dhèwèké duwé ilmu ing babagan Fisika lan Kimia, Letkol Suharto kang nalika jaman semana dadri Komandan Resimen XXII TNI ing Ngayogyakarta njaluk tulung marang Herman Johannes kanggo masang bom ing jembatan sepur ing dhaérah Kali Praga. Herman Johannes dijaluki tulung kanggo masang bom amarga dhèwèké ahli ing téori jembatan nalika sekolah ing Bandung.[3] Kawit biyèn Herman Johannes wis duwé pangalaman mèlu gerilya lan amarga kuwi, dhèwèké uga mèlu ing prastawa Serangan Umum 1 Maret 1949 ing kutha Ngayogyakarta nalika Ngayogyakarta bisa dadi ibu kota nagara 6 jam suwéné[1]
Taun 1955, Herman Johannes krama karo Annie Marie Gilbertine Amalo, ya iku anaké raja saka Leli ing Pulo Rote. Saka kramané, Herman Johannes duwé anak cacahé papat. Anak-anaké Herman Johannes, ya iku Christine, Henriette, Daniel Johannes, lan Helmi Johannes. Herman Johannes séda ing tanggal 17 Oktober 1992 amarga duwé lelara kanker prostat. Herman Johannes disarèkaké ing Pemakaman Keluarga UGM ing Sawitsari, Ngayogyakarta. Amarga duwé jasa-jasa kanggo nagara Indonésia, Herman Johannes diwènèhi gelar Pahlawan Nasional ing taun 2009 kang wektu kuwi Indonésia dipimpin déning Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[1]
Pendhidhikan
besut- Sekolah Melayu, Baa, Rote, Nusa Tenggara Wétan (1921)[4]
- Europesche Lagere School (ELS), Kupang, NTT, 1922[4]
- Meer Uitgebreid Lager Onderwijs (MULO), Kutha Makassar, Sulawesi Kidul (1928)[4]
- Algemene Middelbare School (AMS), Batavia (1931)[4]
- Technische Hogeschool (THS), Bandung (1934)[4]
Pakaryan
besutPamarkarya
besut- Guru, Cursus tot Opleiding van Middelbare Bouwkundingen (COMB), Bandung, 1940
- Guru, Sekolah Menengah Tinggi (SMT), Jakarta, 1942
- Dosen Fisika, Sekolah Tinggi Kedhokteran, Salemba, Jakarta, 1943
- Lektor, Sekolah Tinggi Teknik (STT) Bandung di Yogyakarta, 1946–1948
- Mahaguru, STT Bandung di Yogyakarta, Juni 1948
- Dekan Fakultas Teknik UGM, Yogyakarta, 1951–1956
- Dekan Fakultas Ilmu Pengetahuan Alam (FIPA) UGM, Yogyakarta, 1955–1962
- Rektor, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta, 1961–1966[5]
- Koordinator Perguruan Tinggi (Koperti), DIJ-Jateng, 1966–1979
- Ketua, Regional Science and Development Center (RSDC), Yogyakarta, 1969
Makarya liya
besut- Anggota, Komite Nasional Indonésia Pusat (KNIP), 1945–1946
- Mantri Pekerjaan Umum dan Tenaga RI, 1950–1951
- Anggota Executive Board UNESCO, Paris, 1954-1957
- Anggota Dewan Nasional, 1957–1958
- Anggota Dewan Perancang Nasional (Deppernas), 1958–1962
- Anggota, Dewan Pertimbangan Agung RI (DPA RI), 1968–1978
- Anggota Komisi Empat (Tim Pemberantasan Korupsi), 1970
- Anggota, Panitia Istilah Teknik, Departemen Pekerjaan Umum RI, 1969–1975
- Anggota, Majelis Basa Indonésia-Malaysia (MABIM), 1972–1976
- Anggota Pepunas Ristek, Jakarta, 1980–1985
- Anggota Dewan Riset Nasional, 1985–1992
Karier Militer
besut- Kepala Laboratorium Persenjataan, Markas Tertinggi Tentara, Yogyakarta, 1946
- Anggota Pasukan Akademi Militer Yogyakarta, Sektor Sub-Wehrkreise 104, Dhésèmber 1948–Juni 1949
- Dosen, Akademi Militer Yogyakarta, 1946–1948
- Pangkat terakhir: Mayor TNI, 1949
- Komandan Resimen Mahakarta, 1962–1965
Pakumpulan
besut- Christen Studenten Vereniging (CSV), Bandung, 1934
- Indonesische Studenten Vereniging (ISV), Bandung, 1934
- Timorese Jongeren/Ketua Perkumpulan Kebangsaan Timor (PKT), Bandung, 1934
- Anggota, Angkatan Muda Pegawai Républik Indonésia (AMPRI), Jakarta, 1945
- Ketua, Gerakan Rakyat Indonésia Sunda Kecil (GRISK), 1947
- Parté Indonesia Raya (PIR) 1948
- Ketua, Yayasan Hatta, 1950–1992
- Pernah njabat Ketua Kulawarga Alumni Universitas Gadjah Mada (KAGAMA), 1958-1961, 1973-1981[6]
- Pernah njabat Ketua Legiun Veteran Yogyakarta
- Pernah njabat pangurus Legiun Veteran Républik Indonésia (LVRI) Pusat
- Anggota Persatuan Insinyur Indonésia (PII)
Pangaji-aji
besut- Bintang Gerilya, 1958
- Satya Lencana Perjuangan Kemerdekaan, 1961
- Satya Lencana Wirakarya, 1971
- Bintang Mahaputra, 1973
- Dhoktor Honoris Causa, UGM, 1975
- Bintang Legiun Veteran RI, 1981
- Anugerah Sri Sultan Hamengkubuwono IX, 1991
- Pahlawan Nasional, 2009
Karya tulis
besut- Zarrah-zarrah Fisika Modern, (Jajasan Fonds Universitit Negeri Gadjah Mada, 1953)
- Pantjasila Seichtisar dalam Kata-Kata Bung Karno, (Universitas Gadjah Mada, 1963)
- Teknik Squeeze dalam Bridge, (PT Indira, Jakarta, 1970)
- Pengantar Matematika untuk Ékonomi, (bersama Budiono Sri Handoko; Pustaka LP3ES, Jakarta 1974)
- Gaya Basa Keilmuan, (Universitas Gadjah Mada, 1979)
- Membina Basa Indonésia Menjadi Basa yang Ilmiah, Indah dan Lincah, (Universitas Gadjah Mada, 1980)
- Kamus Istilah Ilmu dan Teknologi, (PT Indira, Jakarta, 1981)
- Aneka Teknik Sepit, (Penerbit Liberty, Yogyakarta, 1989)
Rujukan
besut- ↑ a b c Raditya, Iswara N. "Herman Johannes, Tukang Insinyur yang Merepotkan Belanda". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
- ↑ Media, Kompas Cyber. "Siapa Herman Johannes, Pahlawan di Mata Uang Pecahan Rp 100 Baru?". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
- ↑ Taufiq. "Herman Johannes, Rektor Kedua UGM yang Mahir Merakit Bom" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
- ↑ a b c d e "Herman Johannes". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
- ↑ Rektor UGM
- ↑ "Sejarah KAGAMA". Diarsip saka sing asli ing 2009-12-08. Dibukak ing 2011-07-09.
Pranala njaba
besut
Didhisiki déning: Sitompul |
{{{jabatan}}} 1950-1951 |
Diganti déning: Ukar Bratakusumah |