Hisab ya iku étung-étungan matematis lan astronomis kanggo nemtokaké wiwitané sasi ing pananggalan Hijriyah. Rukyat ya iku prosès nalika nalika ngematké visibilitas hilal, ya iku katoné bulan sabit kang katon pisannan sawisé ijtimak (konjungsi). Rukyat bisa ditindakaké kanthi cara langsung dideleng tanpa sarana liya ateges langsung saka mripat lan uga bisa nggunakaké optik kaya ta teleskop.

Rukyat ditindakaké sawisé srengéngé angslup. Hilal bakal kétok sawisé srengéngé angslup (magrib), amarga padhangé hilal kalah karo padhangé srengéngé lan ukurané tipis banget. Yèn hilal katon tegesé ing wektu iku wis mlebu sasi anyar pananggalan Hijriyah. Yèn hilal durung kètok sasi anyar ing wengi ngarepé.

Ing pananggalan Hijriyah, dina iku diwiwiti nalika srengéngé wis angslup ora nalika tengah wengi. Ing sesasi sasi Hijriyah cacahé 29 utawa 30 dina.

HisabBesut

Hisab miturut harfiah ateges pétungan. Ing donya Islam tembung hisab aseing digunakaké ing ngèlmu falak (astronomi) kanggo ngira-ngira kaanan antarané donya, bulan, lan srengéngé. Panggoné srengéngé iku dadi pathokané agama Islam kanggo salat. Déné panggone bulan iku digunakaké minangka tandha kanggo nemtokaké sasi ing pananggalan Hijriyah. Islam nganggep wigati babagan iki amarga dadi pathokan nemtokaké wiwitané sasi Ramelan nalika wong Idlam pasa, wiwitané Sawal (Idul Fitri), lan wiwitané sasi Dzulhijjah nalika kaji wukuf ing Arafah (9 Dzulhijjah) lan Idul Adha (10 Dzulhijjah).

Ing Al-Qur'an Surat Yunus (10) ayat 5 isiné nerangaké yèn Allah nyiptakaké Matahari lan bulan minangka sarana kanggo ngétung taun lan pétungan liyané. Saliyané iku uga ana ing Surat Ar-Rahman (55) ayat 5 disebutaké yèn srengéngé lan bulan mubeng miturut pètungan.

Amarga ngibadah ing agama Islam ana gegayutane langsung karo bulan lan srengéngé, mula wong-wong Islam awit jaman biyèn wis nyinaoni astronomi. Astronom muslim kang misuwur lan sing ngembangaké carané hisab modèren kaya ta Al Biruni (973-1048 M), Ibnu Tariq, Al Khawarizmi, Al Batani, lan Habash.

Rukyat ya iku aktivitas mengamati visibilitas hilal, yakni penampakan bulan sabit yang pertama kali tampak setelah terjadinya ijtimak. Rukyat dapat dilakukan dengan mata telanjang, atau dengan piranti bantu optik seperti teleskop.

RukyatBesut

Rukyat ditindakaké nalika arep angslupé srengéngé kang pisanan sawisé ijtimak (wektu nalika bulan ana ing sisih kulon, lan bulan uga angslup sawisé srengéngé angslup). Yèn hilal katon nalika magrib ateges wis mlebu tanggal 1 ing sasi anyar.

Nanging hilal ora mesthi kétok. Yèn nalika ijtimak lan angslupé srengéngé wektuné mèpèt, miturut téoriné hilal ora bakal ketok, amarga iluminasi sinaré bulan isih peteng utawa suram tinimbang sinaré langit. Kriteria Danjon (1932, 1936) nyebutaké hilal bisa dideleng tanpa nggunakaké piranti tambahan yèn sasithiké ambané sudhut (arc of light) antarané Bulan-Matahari ambané 7 drajat.