Ibnu Qudamah
Ibnu Qudamah, jeneng jangkepe ya iku Muaffiquddin Abdullah bin Muhammad bin Ahmad bin Muhammad bin Qudamah bin Muqdam bin Nashr bin Abdullah al Maqdisi, ya iku sawijining imam, ahli fiqih lan zuhud saka Palestina.[2] Dhèwèké ijrah marang pèrèng bukit Ash-Shaliya, Damaskus, lan jenengé owah dadi ad-Damsyiqi ash-Shalihi, nisbah kanggo laladan sakloron.[2] Dhèwèké lair ing wulan Sya’ban taun 145 H ing dhusun Jamma’ail ing kiwa-tengené gunung Nabalis, cedhak Baitul Maqdis, Tanah Suci ing Palestina.[3] Imam Ibnu Qudamah séda dina Setu utawa dina Ied taun 620 H.[4] Dhèwèké disarèkaké ing gunung Qasiun Ing Shalihiliya, sawijining pèrèng ing dhuwur Jami’ Al-Hanabilah.[2]
Ibn Qudamah al-Maqdasi | |
---|---|
Lair | 1147 Palestina[1] |
Pati | 7 Juli 1223 Damaskus |
Tlatah | Palestine/Syrian scholar |
Aliran | Hanbali |
Maribawani
| |
Pinaribawan
|
Ijrah
besutNalika iku wadya salib ana ing Baitul Maqdis lan saubengé. Mula, bapaké, Abul Abbas Ahmad Bin Muhammad Ibnu Qudamah, ijrah karo kulawargané menyang Damaskus karo anak-anaké ya iku Abu Umar lan Muwaffaquddin , uga sepupuné, Abdul Ghani al-Maqdisi, watara taun 551 H (Al-Hafidz Dhiya’uddin duwé sawijining kitab babagan sebab hijrahé wong-wong Baitul Maqdis menyang Damaskus.[2]
Pendhidhikan
besutIbnu Qudamah gedhé karo wong tuwané nganti tekan umur 12 taun. Saksuwéné iku dhèwèké nyinaoni al Qur’an lan ngapalaké Mukhtashar al Khariqi. Umur 10 taun dhèwèké wis apal Qur'an.[5] Umur 20 taun dhèwèké lunga menyang Baghdad dikancani sepupune ya iku Abdul Ghani al-Maqdisi lan urip ing omahé anak pamane kang jenenge Khafid Abdul Ghami taun 561. Ing Baghdad dhèwèké sinau marang para masyaikh Abu Zur’ah bin Thahir, Ahmad bin Muqarib, dan ulama perempuan Khadijah an-Nahrawaniyah.[5] Muwaffaquddin dumunung ing omahé Syekh Abdul Qadir Al-Jaelani, ing Baghdad. Nalika iku Shaikh wis 90 taun. Dhèwèké ngaji Mukhtasar Al-Khiraqi kanthi tliti lan seserepan kang jero, amarga dhèwèké wis ngapalaké kitab iku sakawit ing Damaskus. Banjur Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani sedo.[2]
Banjur dhèwèké ora pisah karo Syaikh Nashih al-Islam Abdul Fath Ibn Manni kanggo ngaji marang dhèwèké lan ninaoni madzhab Ahmad lan perbandingan madhzab. Dhèwèké dumunung ing Baghdad 4 taun. Ing kutha iku dhèwèké uga nyinaoni hadis kanthi sanade langsung saka Imam Hibatullah Ibn Ad-Daqqaq lan liyané. Sawisé iku dhèwèké mulih menyang Damaskus lan dumunung sadhéla karo kulawargané banjur balik manèh ing Baghdad taun 576 H.[2]
Ing Baghdad kang kapindho, dhèwèké nerusaké nyinaoni hadis setaun, langsung saka sanadé saka Abdul Fath Ibn Al-Mnni. Bar iku balik manèh ing Damaskus.[2]
Taun 574 H dhèwèké munggah kaji sawisé bali ing Damaskus. Dhèwèké wiwit nyusun kitabe Al-Mughni Syarh Mukhtasar Al-Khiraqi (fiqih madzab Imam Ahmad Bin Hambal). Kitab iki kalebu kitab kajian gedhé dhéwé sajeroning masalah fiqih kang umum, lan khususé ing madzhab Imam Ahmad Bin Hanbal. Imam ‘Izzudin Ibn Abdus Salam As-Syafi’i kang duwé gelar Sulthanul ‘Ulama ngendika kanggo kitab iki: “Aku ngrasa kurang puas sajeroning mènèhi fatwa sadurungé aku nyanding kitab al-Mughni”.[2]
Guru-guruné
besutGurune akèh banget, kang kawentar antarané Syaikh Abu Muhammad Abdullah al Ghami al Maqdisi (612 h), lan Syaikh Aba al Fathi Nashr bin Fatyan asy Syahir.
Murid-muridé
besutDhèwèké uga duwé murid akèh, ing antarané : Syaihabuddin Abu Syammah al Maqdisi (665 h), Zakaddin Abu Muhammad al Mundzirin (656 h).
Penilaian saka Ulama
besut- Abu Amri bin Shahih : ” aku ora ndeleng kang sebanding karo Syaikh Muaffiq.”
- Ibnu Taimiyah : “ ora ana kang luwih faqih -sawisé al Auzai’- kajaba Syaikh Muaffiq ing Syam.”
- Ibnu Katsir : “Syaikhul Islam, imam kang ‘alim, mahir, ora ana kang kaya dhèwèké ing jamane, uga ing jaman sadurungé kang luwih faqih saka dhèwèké”.
- Ibnu Ash-Shalah : ”aku durung naté weruh wong alim kaya Al-Muwaffaq”.[2]
- Putune Ibn Al-Jauzi: ”Wong kang weruh Al-Muwaffaq kaya meruhi salah sawijining sahabat nabi. Kaya-kaya ana cahya saka praupane.”[2]
Karya
besutDhèwèké akèh ngarang lan nulis ing akèh babagan. Karangané apik-apik lan akèh digunakaké déning ulama. Ibnu Rajab ngendika : ” karangané Syaikh Muaffiq akèh banget lan apik ing babagan madhab kanthi furu’ lan ushul, ing babagan hadits, basa, kazuhudan, budi pakerti, lan karangan-karangané ing babagan ushuluddin kang apik. Akèh-akèhé, karangané nganggo métodhe ahlul hadits lan atsar-atsar sarta isnad kaya métodhe penulisan Imam Ahmad lan ahli-ahli hadits liyané.” Karangané antarané :
- Al-‘Umdah
- Al-Muqni
- Al Kafi
- Al-Mughni Syarh Mukhtasar Al-Khiraqi
- Manasik al-Hajj
- Rawdhat an-Nazhir
- Mukhtasar fi Gharib al-Hadits
- Al-Burhan fi Mas’piranti al-Quran
- Al-Qaqdr
- Fdha’il ash-Shahabah
- Al-Mutahabbin Fillah
- Al-Riqqah wal Buka’
- Dzamm at-Ta’wil
- Dzamm al-Muwaswasin
- Al-Tbyin fi Nasab al-Qurassiyin
- Lum’atul al-I’tiqad al-Hadi ila Sabil al-Rasyad.[2]
Cathetan suku
besut- ↑ Ibn Qudaama (www.islaam.org.uk)
- ↑ a b c d e f g h i j k [1] Ibnu Qudamah (diaksès tanggal 21 September 2011)
- ↑ /www.as-salaf.com Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ dunia.pelajar-islam.or.id (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ a b www.inpasonline.com (diaksés tanggal 21 September 2011)