Kuran

kitab suci tiyang islam
(Kaelih saka Qur'an)

Kuran, Al-Qur'an utawa Qur'an (Basa Arab: القرآن) punika kitab sucinipun agama Islam. Umat Islam pitados bilih Kuran punika pucuk lan panutuping wahyu Allah kanggé manungsa. Piwulang punika dipunwulangaken marang Muhammad kanthi lantaran Malaékat Jibril.

Kitab al-Qur'an
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Manawi dipunrunut saking ngèlmu basa, Kuran punika tegesipun "wewacan" utawi "kang diwaca bola-bali." Ukara punika saking qara'a (قر أ) ingkang tegesipun "maca". Panggianing ukara punika saged dipunmangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.

Kuran

Terminologi

besut

Dr. Subhi Al Salih ngandharake tegesé Kuran kanthi makaten:

"Kalam Allah kang awujud mukjizat kang lumantar Muhammad kang tinulis ing mushaf (lembaran) lan diriwayatake kanthi mutawatir (terus nyambung kanthi bener) lan yèn maca awujud ngibadah."

Déné Muhammad 'Ali ash-Shabuni ngandharake kanthi ukara:

"Kuran iku kalam Allah kang tanpa tandhing, tinurunake marang Muhammad pungkasaning para nabi lan rasul, kanthi lantaran malaékat Jibril.as lan tinulis ing mushaf-mushaf kang banjur tekan kita kabèh kanthi mutawatir, lan yèn maca lan nyinaoni bakal dianggep ngibadah, kanthi diwiwiti surat Al-Fatihah lan ditutup surat An-Nas"

kanthi katrangan kados ing nginggil punika, Kuran dipunbedakaken kaliyan kitab sadèrèngipun Muhammad, yaiku Kitab Torèt utawa Injil.

Dasanama Kuran

besut
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
 
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Ing kitab suci punika ugi wonten katrangan bilih Kuran uga gadhah dasanama utawi sebutan-sebutan sanèsipun. Ing basa Indonésia dipunwastani Sinonim utawi persamaan tembung.

  • Al-Kitab, KS(2:2),KS (44:2)
  • Al-Furqan (kang mbedakake bener luput): KS(25:1)
  • Adz-Dzikr (kang mènèhi pepeling): KS(15:9)
  • Al-Mau'idhah (piwulang/pitutur): KS(10:57)
  • Al-Hukm (aturan/ ukum): KS(13:37)
  • Al-Hikmah (kawicaksanan): KS(17:39)
  • Asy-Syifa' (tamba): KS(10:57), KS(17:82)
  • Al-Huda (pituduh): KS(72:13), KS(9:33)
  • At-Tanzil (kang tinurunake): KS(26:192)
  • Ar-Rahmat (kurnia): KS(27:77)
  • Ar-Ruh (roh): KS(42:52)
  • Al-Bayan (panerang): KS(3:138)
  • Al-Kalam (sabda): KS(9:6)
  • Al-Busyra (kabar gumbira): KS(16:102)
  • An-Nur (cahya): KS(4:174)
  • Al-Basha'ir (pituduh): KS(45:20)
  • Al-Balagh (pawarta) KS(14:52)
  • Al-Qaul (pocapan) KS(28:51)

Gegayutanipun kaliyan kitab-kitab sanès

besut

Kuran ugi wonten gayutipun kaliyan kitab saderingipun (Torèt, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim).

  • Kuran nuntut supados piyantun Islam pitados bilih kitab-kitab punika wonten KS(2:4)
  • Kuran tinitah kanggé ngleresaken lan pamawas kitab-kitab sadèrèngipun. KS(5:48)
  • Kuran dados referensi kanggé ngicalaken sulaya ing antarané rasul-rasul kang béda. KS(16:63-64)
  • Kuran ngleresaken sajarah. Ing kitab pungkasan punika wonten carita-carita ngenani umat lan uga rasul-rasul kapungkur. Ing sawatara carita, wonten ingkang boten sami kaliyan menapa ingkang sinerat ing kitab sanèsipun.

Prosés tumuruning

besut
  • Malaékat nglebetaken wahyu dhateng salebeting manahipun Muhammad.
  • Malaékat memba rupa dados tiyang jaler lan murukaké marang Rasululllah.
  • Wahyu tumurun kados déné thing-thingan lonceng.
  • Malaékat boten memba rupa dados sinten-sinten lan nekani Muhammad kanthi pawakan aslinipun.

Peranganing Kuran

besut

Kuran punika sinusun saking 114 pérangan kang sinebut surat utawa surah.Saben surat dipuncacah malih dados sawatara ayat. Surat kang paling dawa inggih punika Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Sedayanipun wonten 6236 ayat. Angka punika wonten ingkang béda ing antawisipun ahli satunggal lan satunggalipun, nanging wosipun sami. Umumipun namung prakara sulaya cara ngetangipun kemawon. Surat-surat kang dawa dipunperang malih kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembag prakawis tinamtu.

Manawi dipilah saking panggènan tumurunipun, Kuran dipunpilah dados kalih: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah inggih punika surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekah, déné Madaniyah tumurun ing Madinah. Umumipun, surat Madaniyah langkung dawa tinimbang Makkiyah.

Ing pamilahan liyané, Al qur'an dipunpilah dados 30 pérangan kanthi dawaning wos ingkang sami. Pérangan-pérangan punika sinebut jus. Pamilahan punika kanggé nggampilake manawi badhé maos Kuran ing wektu satunggal wulan (30 dina).

Wonten malih pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekakeipun:

  • Assab’uththiwaal (pitung surat kang dawa). Inggih antawisipun Surat Al-Baqarah, Ali Imran, An-Nisaa’, Al-A’raaf, Al-An’aam, Al Maa-idah, lan Surat Yunus.
  • Al Miuun, (punjul satus ayat), inggih antawisipun Surat Hud, Yusuf, Mu'min, lan sapiturute.
  • Al Matsaani, (kurang saka satus ayat), inggih antawisipun Al-Anfaal, Al-Hijr, lan liya-liyané.
  • Al Mufashshal, (surat-surat cekak), inggih antawisipun Adh Dhuha, Al-Ikhlas, Al-Falaq, An-Nas, lan liyan-liyané.

Adab Tumrabe Kuran

besut

Saderengipun nyenggol utawa nyekel mushaf Kuran, sawijining muslim supados ngresiki badanipun lan kang wigati wudhu langkung rumiyin. Perkawis punika linandhasan tradisi lan interpretasi literal saking surat Al Waaqi'ah ayat 77 dumugi 79.

Sajarah Tumuruning Kuran

besut

Tumuruning Kuran

besut

Kuran tumurun kanthi dangunipun 23 taun. Mangsa punika dipilah malih dados kalih: Mekah lan Madinah. Jaman wonten Mekah wekdalipun 13 taun, déné Madinah 10 taun, Dados genep ing 23 taun.

Kodifikasi Kuran lan Ngrembakane

besut
 
Naskah Kuran saka abad ka-7, tinulis ing aksara Hijazi.

Miturut saking kalangan Singah, sawatawis sufi, kaliyan sawatawis ulama Sunni, Ali ingkang nata lembaran-lembaran (mus'haf) Kuran kanthi lengkap sasampunipun Muhammad séda. Ing kalangan Sunni, limrahipun, rerangkèn mus'haf punika karakit saé kanthi sesarengan. Sasampunipun 70 sahabat séda ing Perang Yamama, khalifah Abu Bakar mutusaken supados wonten Kuran ingakng rinakit kanthi saé. Ing jaman punika, limrahipun tiyang-tiyang sami nyimpen perthalan-perthalan Kuran, kapisah lan boten runtut. Para hafidz (tiyang ingkang apal Kuran) banjur dipunkempalaken, kalebu Zaid bin Tsabit. Tiyang-tiyang punika banjur ngumpulaken lembaran-lembaran ingkang sumebar ing sadhengah sahabat lan karakit dados satunggal.[1]

 
Naskah Kuran abad ka-9.

Ing warsa 650, nalika Islam rumambah ing sakiwa tengenipun lempongan Arab, utamanipun ing Pèrsi, Levant, lan Afrika Lor; Khalifah katelu, Utsman bin Affan, mréntahaken supados wonten ana Kuran ingkang baku. Perkawis punika gegandhèngan saking pangucapan Kuran kanthi céngkok ingkang bènten kaliyan ingkang dipunucapaken ing Madinah lan Makkah. Utsman ngandharaken supados cèngkok ingkang dipun-ginakaken punika saking céngkok Suku Kurès amargi Muhammad saking suku punika. Limang hafidz damel turunan saking mushaf pisanan ing jaman Abu Bakar ingkang kasimpen déning Hafsah binti Umar. Mushaf punika banjur kondhang kanthi jejuluk Mushaf Utsmani ingkang dados lelandhesan tiyang Islam sadonya dugi dinten sapunika.[2][3]

Wujud Kuran ingkang katedhak punika, ing kalangan sarjana modhèren, limrahipun dipunanggep cathethan ngendikanipun Muhammad. Déné, kanggé muslim, Kuran punika tumurun saking Allah. Punapa kémawon ingkang kapacak ing Kuran asring dados pirembugan ing antaranipun para sarjana, utamanipun gegandhèngan kaliyan sajarah Kuran ingkang dianggep saged kemawon keplesed nulis nalika dipunrangkum.[4][5]

Salin basa lan tapsir Kuran

besut

Upaya kanggé mangertosi menapa kang wonten ing Kuran tinulad ing sawatara basa lan tinafsir kanthi manéka warna cara. nanging, tapsir punika namung saderma upayaning manungsa lan boten pikantuk nggantos tèks aslinipun.

Salin basa

besut

Tarjamah utawi salin basa Kuran utawi salin basa kang literal lan ora disartani interpretasi kang tebih. Salin basa punika boten dianggep taksih dèrèng bisa diwaos kanthi menapa wontenipun. Kedah tiyang tinamtu kang nguwaosi ngèlmu-ngèlmu agama lan basa arab kang bener supados mangertos saestu kandhutanipun.

Salin basa ing Basa Indonésia ing antawisipun:

  1. Kuran dan Terjemahannya, déning Departemen Agama Républik Indonésia.
  2. Terjemah al-Qur'an, déning Prof. Mahmud Yunus.
  3. An-Nur, déning Prof. T.M. Hasbi Ash-Siddieqy.

Salin basa ing Basa Jawa:

  1. Qur'an Kajawèn (bs. Jawa), déning Kemajuan Islam Jogyakarta
  2. Al-Ibriz (Bs. Jawa), déning K.H. Bisyri Mustafa Rembang.
  3. Kuran Suci Basa Jawi (bs. Jawa), déning Prof. K.H.R. Muhamad Adnan.

Tepsir

besut

Tepsir Kuran kang kondhang antawisipun:

  1. Tepsir Ibnu Katsir
  2. Tepsir Al Jalalain
  3. Tepsir Al Manar, déning Syeh Muhammad Abduh & Rasyid Ridha
  4. Tepsir Al Bayan
  5. Tepsir Al Mishbah déning Prof Quraish Shihab

Deleng uga

besut

Rujukan

besut
  1. Shahih Bukhari, 6:60:201
  2. Mohamad K. Yusuff, Zayd ibn Thabit and the Glorious Qur'an
  3. The Koran; A Very Short Introduction, Michael Cook. Oxford University Press, pp. 117–124
  4. Arthur Jeffery and St. Clair-Tisdal et al,Edited by Ibn Warraq, Summarised by Sharon Morad, Leeds. "The Origins of the Koran: Classic Essays on Islam's Holy Book". Dibukak ing 2011-03-15. {{cite web}}: |last= has generic name (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  5. * F. E. Peters (1991), pp.3–5: "Few have failed to be convinced that the Kuran is the words of Muhammad, perhaps even dictated by him after their recitation."

Pranala njaba

besut